II Para Raja 2:9-22; Jabur 125; L. Para rasul 3:17-4:4 POLITIK AGAMA SAKA PANGWASA “Nalika Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes isih padha ngandikani wong akèh mau, dumadakan ditekani déning para imam, penggedhéné sing jaga Pedalemané Allah, lan wong Saduki” (L. Para Rasul 4:1) Urip bebarengan iku nduweni pranatan, pranatan iku kawujudake ing tata pemerintahan, lan katindakake dening para sing ngasta kalenggahan. Nalika jaman pasamuwan kawitan, para rasul dicekel lan ditahan ing pakunjaran dening para imam, panggedhene sing jaga Pedalemane Allah, lan wong Saduki. Golongan iku makili para sing ngasta pangwasa ing satengahing bangsa Yahudi. Pawartane para Rasul didakwa gawe kisruh, malah piwulang sing nasarake wong akeh, amarga martakake Gusti Yesus sing seda kasalib iku wungu lan gesang malih, sumengka ing swarga, lan dadi Juru Wilujeng manungsa. Wiwit pasamuwan kawitan, para kang ngasta pangwasa wis nindakne panindhes marang pasamuwan nggunakne politik agama. Politik agama iku klebu politik identitas. Saben wong duwe identitas, tegese katrangan bab suku, agama, ras, golongan. Ana identitas sing digawa saka lair, lan ana uga identitas sing dipilih lan dilakoni nalika wis dewasa. Kita ora bisa ngowahi suku lan ras kita, nanging kita bisa ngowahi status perkawinan, katrangan pekerjaan, uga bisa ngowahi status agama. Politik agama lumrahe meksakne pangandel lan piwulang saka agamane golongan mayoritas lan nindhes marang golongan minoritas. Hasil saka politik agama iku jane wagu lan lucu, nanging uga nyebeli. Saben arep natalan ana wae isu sing dadi rembugan maneh: Ngucapke selamat natal iku oleh utawa haram. Mangkono uga umat liya menawa melu perayaan natal iku haram utawa ora. Ana sawetara golongan sing ndadekne iku prekara sing haram lan ora oleh ditindakne. Sokur dene pemerintah Indonesia nganti saiki tetep jejeg ora melu-melu politik agama sing saru iku. Nanging tetep ana bebaya gedhe nalika agama ditunggangi dening kapentingan politik. Dadine politik agama sing saru. |*YTP
Senen, 18 Desember 2023 Minggu Adven III
I Para Raja 18:1-18; Jabur 125; Efesus 6:10-17 MBANGUN KEKUWATAN ING PATUNGGILANE GUSTI “Wasana padha mbanguna kekuwatanmu ana ing patunggilané Gusti, kanthi migunakaké kasektèning pangwasané (Efesus 6:10) Ora ana sing kepengin uripe ringkih lan sekeng. Sing tansah dadi pamuji supaya urip kita bisa kuwat santosa, menang ngalahake sakehing panggodha lan adoh saka sakehing memala. Ing urip bebarengan wong sing kuwat santosa iku uga bisa dadi jujugane pepadha sing butuh pitulungan. Ana uga wong sing kuwat santosa disengiti dening pepadhane, amarga sikepe dumeh kuwat lan santosa malah dadi gumunggung, ngremehake pepadhane, durung maneh sing tumindake malah dadi preman sing nindhes lan meres pepadha sing ringkih lan asor. Ing donya, bangsa sing kuwat malah kerep dadi ancaman kanggo bangsa-bangsa liyane sing ringkih. Kuwat santosa ing donya ateges nguwasani ekonomi, tehnologi, sumber-sumber alam sing dadi kabutuhan pangan lan energi, lan uga angkatan perang sing mumpuni. Dudu iku sing dikersakne anggone kita kadhawuhan mbangun kakuwatan ing patunggilane Gusti. Ing Minggu Adven kaping telu iki kita cecawis mapag rawuhe Gusti kang malah ngucat kamulyane, ngagem sipate abdi, lan rawuh ing donya awujud manungsa, miyos minangka bayi sing ora duwe kakuwatan apa-apa. Timbalan supaya kita mbangun kakuwatan ing patunggilane Gusti adoh saka pengangen-angen lan pepenginane manungsa sing ngudi kakuwatan tata cara donya. Kasekten lan pangwasa kang ana ing patunggilane Gusti iku kanggo leladi, supaya bisa menang ing paprangan ngadhepi kajuligane Iblis. Gaman peparinge Gusti iku dudu pedang, bedil, apa maneh tank lan roket. Kuwat santosa lan kwasa kasekten ing patunggilane Gusti iku wujude urip ing kayekten, kamursidan, cumadhang martakake Injiling katentreman, precaya marang Gusti, mahargya kaslametan, lan ngamini sabdane Gusti. Iku saranane supaya kita tansah menang, urip kuwat santosa ing patunggilane Gusti. |*YTP
Ahad, 17 Desember 2023 Minggu Adven III
Yesaya 61:1-4, 8-11; Jabur 126; I Tesalonika 5:16-24; Yokanan 1:6-8, 19-28 SWARA KANG NGUMANDHANG ING ARA-ARA SAMUN “Nabi Yohanes nuli mangsuli nganggo ayat saka Kitabé Nabi Yésaya: “Aku iki swara sing ngumandhang ana ing ara-ara samun: Dalan sing kagem Gusti padha ratanen!” (Yokanan 1:23) Wis suwe banget ora ana nabi ing satengahing bangsa Israel. Pakaryane Nabi Yohanes ndadekne geger sabangsa kang lagi ngarep-arep rawuhe Sang Kristus. Nanging Yohanes dhewe jujur ngakoni menawa panjenengane dudu Sang Kristus, utawa Nabi Elia sing nitis, utawa Sang Nabi. Adhedhasar pameca ing Kitab Yesaya Nabi Yohanes nyebut dheweke iku mung swara sing ngumandhang ana ing ara-ara samun, lan martakne, “Dalan sing kagem Gusti padha ratanen!” Lumrahe owah-owahan gedhe satengahing bangsa lan donya iku kawitane saka kraton, saka kutha gedhe, utawa saka para raja lan sing padha ngasta pangwasa lan kalungguhan. Nanging Nabi Yohanes malah miwiti pakaryane ing ara-ara samun, lan malah wong akeh sing padha sowan marang panjenengane, ngakoni dosane, lan nyuwun kabaptis. Nabi Yohanes sing kawitan nggunakne baptis minangka pratandha pamratobat. Banyu ing bengawan Yarden dadi gegambaran pakaryan sihrahmate Gusti Allah kang ngresiki sakabehing dosa lan nyucekake uripe umat kang nglairake pamratobat. Kwasa lan panampane wong akeh ora ndadekne Nabi Yohanes lali. Yohanes ngrumangsani menawa anggone mbaptis mung nganggo banyu, lan sing badhe rawuh bakal mbaptis srana Roh. Anggone ngesorake dhiri ing ngarsane Gusti, pengakune, “Nguculi taline trumpahe wae aku ora patut”. Yagene swara sing ngumandhang ing ara-ara samun bisa dadi viral, bisa kondhang, keprungu dening wong sabangsa, lan narik wong akeh padha mara, ngakoni dosa, lan nyuwun kabaptis dening Nabi Yohanes? Saiki akeh wong sing kepengin kondhang, kepengin dadi viral lan dadi berita sing dirembug wong akeh, nanging sanajan wis nggunakne cara mawerna-werna tetep ora bisa, malah digeguyu dening wong liya. Nabi Yohanes ngesorake dhiri, nanging malah kaluhurake ing ngarsane Gusti. |*YTP
Setu, 16 Desember 2023 Minggu Adven II
Habakuk 3:13-19; Jabur 126; Mateus 21:28-32 KRUNGU, NAMPA, PRACAYA LAN NINDAKAKE “Sebab Nabi Yohanes Pembaptis rawuh lan nuduhaké dalan sing bener marang kowé, éwasemono kowé padha ora precaya marang panjenengané. Nanging para wong durjana lan para pelacur padha precaya marang panjenengané. Déné kowé kabèh, ora banjur ngowahi pikiranmu lan precaya marang panjenengané” (Mateus 21:32) Ing pasemone Gusti Yesus bab anak loro, lan dikongkon bapakne supaya nyambut gawe ing kebon anggur, pilihane mung antarane anak mbarep sing mangsuli ora gelem, nanging keduwung lan mangkat nyambut gawe, utawa adine sing mangsuli “Inggih Pak”, nanging ora mangkat. Padha-padha nampa dhawuhe wong tuwa, anak loro iku beda wangsulane, lan beda tumindake. Nindakne apa sing dadi kersane bapake pancen luwih becik tinimbang sing ing tembung mangsuli inggih, nanging ora tumindak. Nanging apa ora luwih becik maneh menawa anake loro iku mangsuli kanthi inggih, “sendika dhawuhe Bapak badhe ditindakake”, lan sawise iku budhal menyang tegalan lan nggarap pegaweyan sing didhawuhake. Padha-padha krungu sabdane Gusti, wong bisa nampa lan pracaya, bisa uga sulaya lan ora pracaya. Wong ora bakal bisa pracaya menawa ora krungu lan nampa. Mokal menawa bisa nindakne dhawuh sabda pangandikane Gusti, kamangka babar pisan ora krungu, ora nampa, apa maneh pracaya. Tumindak sing netepi dhawuh sabdane Gusti iku dadi tandha, anggone wong wis sinau, ngerti, pracaya lan ngestokake sabda pangandikane Gusti. Wohe mesthi becik, mbabarake karahayon, katresnan, lan nyantosakne urip sing ngabekti marang Gusti. Prakara sing kita adhepi saiki akeh sing wis rumangsa ngerti, ora mung krungu nanging wis katam anggone sinau, bisa ngajari wong liya bab sabda pangandikane Gusti, malah kerep uga ngakimi sing diwawas luput lan beda panemune, kamangka wong iku ora nindakne apa sing dadi sabdane Gusti. Tinimbang wong sing keminter lan kemlinthi kaya ngono iku, luwih becik sing disebut para wong durjana lan pelacur, nanging malah pracaya lan nindakne apa kang dadi sabdane Gusti. |*YTP
Jemuwah, 15 Desember 2023 Minggu Adven II
Habakuk 3:2-6; Jabur 126; Filipi 3:12-16 NGUDI BISANE OLEH GANJARAN “Aku ora kandha lan rumangsa wis menang utawa wis dadi sampurna. Nanging aku tansah ngudi bisané olèh ganjaran sing wis dicawisaké déning Sang Kristus srana nimbali aku dadi kagungané” (Filipi 3:12) Saben wong nampa ganjaran saka tumindak lan uripe dhewe-dhewe. Sapa sing nandur iya bakale ngundhuh. Sing nyambut gawe oleh upah. Gusti ora sare, Gusti pirsa sapa abdine sing makarya tumemen bakal kaganjar kaluberan berkah lan sihrahmat. Nanging sapa kang nyebar memala iya bakal ngundhuh piala lan paukuman. Ora ana sing luput saka ganjarane Gusti, iya ganjaran berkah, mangkono uga ganjaran paukuman. Kita nampa piwulang supaya nyambut gawe tanpa pamrih. Nanging ing kanyatan padinan nyambut gawe sing tanpa pamrih iku ngapusi. Wong sing luwih kwasa kerep ngrebut ganjaran sing kudune dadi hak saka wong sing nyambut gawe. Wong tulus ning bodho gampang wae diapusi, supaya kerja bakti lan ora oleh imbalan saka anggone melu nyambut gawe. Ing taun ngarep bakal ana pemilihan umum. Apa tim sukses lan pendukung calon gelem nyambut gawe tenanan menawa ora ana ganjarane? Para relawan sing ora dibayar uga nampa ganjaran, yaiku nalika calon sing didukung menang, apa sing dadi pepenginan lan aspirasine bisa disalurake. Iku kang dadi ganjarane. Rasul Paulus uga ngudi bisane oleh ganjaran sing wis dicawisake dening Gusti. Rasul Paulus duwe pamrih, yaiku bisaa nampa urip anyar, sing dicadhangake lantaran Sang Kristus Yesus. Ganjaran iku ora awujud kalungguhan ing mahkamah agama Yahudi, utawa dadi guru toret, utawa pangarsane bangsa. Ganjaran sing ditampa Rasul Paulus ora liya urip sing bebungah, ing pamuji, panuwun lan sokur, awit bisa nunggil karo Gusti, lan netepi apa sing dadi dhawuh timbalane Gusti. Panduman sing ditampa ing patunggilan karo Gusti iku linuwih tinimbang sakabehe sing bisa dijanjekake dening liyane. Malah kanggone Rasul Paulus, urip iku Sang Kristus. |*YTP
Kemis, 14 Desember 2023 Minggu Adven II
Habakuk 2:1-5; Jabur 126; Filipi 3:7-11 MILIH MUNG SIJI PRAKARA “Mung saprekara sing dakudi, yakuwi kepriye bisaku wanuh karo Sang Kristus lan ngrasakake pangwasane wungune saka ing seda, sarta ndherek ngalami sangsara lan sedane“ (Filipi 3:10) Maca paseksene Rasul Paulus marang pasamuwan ing kutha Filipi iki, kula dadi eling marang Pdt. Probowinoto. Wiwit katahbisake dadi pandhita kanggo pasamuwan Jawa ing kutha Jakarta kang dadi cikal bakale GKJ Jakarta, Pdt. Probowinoto wis dadi wakile wong Kristen anggone adhep-adhepan karo pamarentah Jepang. Kiprahe lanjut ing Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia kang rerembugan nyiapke dhasar negara, lan UUD 1945. Nalika perang kamardhikan lan Landa karo Sekutu nguwasani Jakarta, Pdt. Probowinoto melu ngungsi ing Ngayogyakarta. Miwiti maneh mulang para calon pandhita ing Duta Wacana. Ngadegake pakumpulan greja sing ndukung kamardhikan Indonesia, ing tahun 1950 dadi Dewan Gereja Indonesia. Akeh uga yayasan sosial, penerbitan, sekolah-sekolah, lan lembaga pelayanan masyarakat sing diadegake dening Pdt. Probowinoto, klebu Universitas Kristen Satya Wacana ing Salatiga. Dadi tokoh greja lan makarya satengahing bangsa dudu dadi cita-citane Pdt. Probowinoto. Iku kabeh katindakake, amarga ngudi timbalan leladi, urip sing katur konjuk marang Gusti. Rasul Paulus bisa milih cara urip liya, nanging sawise katimbalan dening Gusti, sanajan ndherek ngalami sangsara sing gedhe urip lan matine Rasul Paulus mung katur konjuk marang Gusti. Ngudi urip leladi marang Gusti iku dalane angel lan rumpil. Akeh kahanan sing bisa wae nibakne ing panggodha, rumangsa bisa nampa kaurmatan lan kwasa minangka abdine Gusti. Durung maneh panggodha ing bandha lan fasilitas, utawa kalungguhan amarga akeh wong sing manut nurut lan precaya. Saiki akeh para politisi sing obral janji kamangka durung duwe bukti. Sejarah bakale nyathet lan ngajeni, sapa sing pancen sedya leladi, minangka abdi, lan sapa sing mung golek kalungguhan lan kwasa, mengko malah mung mblenjani janji. |*YTP
Rebo, 13 Desember 2023 Minggu Adven II
Maleakhi 2:10-3:1; Jabur 27; Lukas 1:5-17 GUSTI WUS PRAJANJI PARING SIH PALIMIRMA “Nanging malaékat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia! Gusti Allah wis miyarsakaké pandongamu. Élisabèt, somahmu, bakal mbabar anak lanang. Bocah kuwi jenengna Yohanes” (Lukas 1:13) Ing dusun, jeneng bayi kang lair iku lumrahe lagi diwartakne nalika sepasaran bayi. Wong tuwa duwe wektu 5 dina sadurunge jeneng anake ditetepke, srana kondangan sepasaran. Mesti ana uga sing nalika bayi isih ana njero weteng wis ngrancang jeneng. Apamaneh saiki liwat USG wis bisa ngerti dhisik, bayine lair lanang utawa wadon. Jeneng bayi iku nggawa pandonga lan pengarep-arep, bakal dadi apa bayi sing lair iku mbesuke. Brayate Imam Zakharia lan Ibu Elisabeth iku uga wis nggawa pawarta. Tegese jeneng Zakharia: Elinga lan dadekna pengetan, Elisabeth: Gusti Allahku sampun paring sabda-pangandika. Lan bayi kang dijenengke Yohanes tegese: Gusti Allah paring sih-palimirma. Dadi, jenenge sabrayat Zakharia iku martakake kabar kabungahan: Supaya umat padha eling lan ndadekne pangenget, menawa Gusti Allah sampung paring sabda-pangandika, maringi sih-palimirma marang manungsa. Jeneng kula: Yahya Tirta Prewita, Yahya iku basa Arab kanggo Yohanes, Tirta utawa banyu ngelingake bab Yohanes Pembaptis, lan Prewita iku tegese muride pandhita. Puji sokur marang Gusti, tiyang sepuh sampun paring jeneng kang pandonga pamuji lan panyuwunane bisa kaleksanan. Tahun 2023 iki kula bisa makarya leladi minangka pandhita pasamuwan ing GKJ Purwantoro ngancik 31 taun. Kita kabeh uga nggawa jeneng saka wong tuwa kita. Ing sekolah, bocah-bocah sing laire taun 2000-an akeh sing dijenengke nganggo jeneng saka basa Arab. Ana uga mode njenengke anak kaya artis sinetron, bintang film, lan pemain bal-balan sing disenengi dening wongtuwane. Eman menawa jeneng mung melu-melu lan ora ana tegese. Ing mangsa adven iki kita kaelingake marang lelampahane brayat imam Zakharia sing cekak aos lan gamblang martakne, pakaryan sihrahmate Gusti kang kababar. |*YTP
Slasa, 12 Desember 2023 Minggu Adven II
Yesaya 4:2-6; Jabur 27; Lelakone Para Rasul 11:1-18 TINARBUKA MARANG BANGSA LIYA “Bareng krungu critané Rasul Pétrus sing mengkono mau, wong-wong ora padha nyalahaké Rasul Pétrus menèh, malah banjur padha memuji marang Gusti Allah, karo muni: “Yèn mengkono Gusti Allah uga wis maringi wewengan marang wong-wong liya bangsa, sing padha nganut agama kapir, supaya padha mratobat, temahan padha urip” (L. Para Rasul 11:18) Wiwit jaman kuno, bangsa siji wis ketemu lan urip bebarengan karo bangsa liya. Ora ana sing bisa mestekne menawa dheweke iku turunan sing murni lan blas ora kecampuran saka suku bangsa liyane. Apamaneh nalika anggone mriksa iku nggunakne DNA (deoxyribonucleic acid, jenis asam nukleat sing nurunke lan mariske sipate manungsa), jebul antarane wong Londo sing kulite putih irunge bangir lan rambute pirang karo wong negro, utawa wong Asia hasile DNA padha wae, beda lan variasine sithik banget. Rasul Petrus lan pasamuwan kawitan iku mulabukane saka bangsa Yahudi. Nalika Injil kawartakake marang bangsa-bangsa liya, adat tradisi Yahudi sing ora ngolehake mlebu ing omahe bangsa liya, lan ora gelem amor mangan bareng karo wong saka bangsa liya dadi alangan. Omahe Kornelius, perwira prajurit Romawi ing Kaesaria miwiti owah-owahan anyar, anggone pasamuwan Kristen iku kadhawuhan supaya uripe tinarbuka kanggo bangsa-bangsa liya. Prekara najis lan haram, umate Gusti lan bangsa kapir wis dudu pranatan sing ngalang-alangi anggone bisa amor bareng bangsa liya. Kaping telu Rasul Petrus nampa tetingalan kang nyantosakne anggone kendel lan manteb mlebu ing omahe Kornelius. Wanci iki bangsa Indonesia ngadhepi golongan-golongan sing tetep wae nggunakne politik identitas. Agama ditunggangi dening politik identitas ora kanggo mbangun patunggilan bangsa, nanging malah kanggo mecah lan gawe kisruh. Kamangka sanajan beda suku lan bangsa iku uga padha-padha manungsa, mangkono uga sanajan beda agama siji lan sijine iku kabeh manungsa, lan Gusti Allah ngersakne kaslametan lan tentrem rahayu kanggo kabeh manungsa. Agama sing ora tinarbuka kanggo rembugan lan nampa agama liya iku butuh mratobat supaya ora koncatan sihrahmate Gusti Allah. |*YTP
Senen, 11 Desember 2023 Minggu Adven II
Yesaya 26:7-15; Jabur 27; Lelakone Para Rasul 2:37-42 KAWIWITAN SAKA ATI KANG TRENYUH “Bareng wong akèh krungu ketrangan sing mengkono mau, atiné trenyuh banget. Nuli padha matur marang Rasul Pétrus lan para rasul liyané: “Para sedhèrèk, menawi mekaten menapa ingkang kedah kula lampahi?” (L. Para Rasul 2:37) Ing acara TV ana acara sing kok tetep wae ana, iya iku dodolan rasa trenyuh lan welas marang wong sing mlarat lan rekasa. Digawe tayangan kepiye uripe padinan sing mlarat, kahanan omahe sing bobrok, ditambah wawancara sing dijarag supaya gawe trenyuh sapa wae sing nonton. Bar iku diwenehi bantuan, bisa dhuwit, bisa barang, malah uga digawekne omah. Rasa trenyuh bisa diolah dadi tontonan TV. Mangkono uga ana yayasan sosial sing biyen saben ana bencana mesti gawe iklan gedhe-gedhe, iya ing koran, majalah, TV, lan ing media sosial kaya facebook lan youtube. Isine nyritakne kahanan para korban bencana sing melas, butuh pambiyantu, lan kepiye yayasan sosial iku nyalurke bantuan donatur kanggo mitulungi para korban sing mbutuhake bantuan. Ora lali iklan donasi bencana iku ditambahi ayat-ayat saka kitab suci, supaya sing nyumbang sangsaya manteb menawa iku sedekah akherat, lan dadi sangu berkah ing swarga. Eh, tahun kepungkur yayasan iki malah konangan nyolong dhuwit bantuan sing kudune disalurke, malah nyasar ing kelompok teroris, kanggo ngragadi demo-demo, lan dana paling akeh kanggo bancakan para penguruse. Pawarta Injil Gusti Yesus iku uga ndadekne rasa trenyuh marah para wong sing nampa pawarta iku. Yagene Gusti Yesus Kristus nglampahi sangsara lan seda sinalib minangka kurban kanggo nebus dosane manungsa. Yagene Gusti Yesus sing ora dosa lan ora duwe kaluputan malah kasedanan ing salib. Nanging beda karo contho tayangan ing TV utawa yayasan sosial sing ngapusi, rasa trenyuh sing bener iku nggawa pamratobat. Panelangsane malah marang awake dhewe sing tumindak cidra lan dosa. Iki rasa trenyuh sing nggawa sihrahmat. |*YTP
Ahad, 10 Desember 2023 Minggu Adven II
Yesaya 40:1-11; Jabur 85:1-2, 8-13; II Petrus 3:8-15a; Markus 1:1-8 SIKEP MINANGKA UTUSANE GUSTI “Nabi Yohanes ngandika marang wong akèh mau mengkéné: Sapungkurku bakal ana Wong teka, sing kwasané ngluwihi aku. Nguculi taliné sepatu waé aku ora pantes” (Markus 1:7) Kula nate anyel ning uga kepengin ngguyu kepingkel-pingkel nalika ngrungokne khotbah salah siji pandhita, nyritakne nalika numpak bus lan ora oleh kursi kanggo lungguh amarga bus wis kebak. Pandhita iku nyritakne pangudarasane nalika diesuk-esuk ana njero bus, “Apa ora ngerti yen aku iki hamba Tuhan?” Ana paradoks (kosok walik) ing tembung lan cara mikire, nyebut awake dhewe hamba Tuhan, tegese abdi, nanging njaluk diajeni mirunggan kaya-kaya bendara utawa priyayi sing ora patut menawa ngadeg suk-sukan ana bis. Nabi Yohanes paring tuladha sikep sing ngesorake dhiri minangka utusane Gusti. Sanajan wiwit bayi wis kapenuhan ing Roh Suci, lan sabangsa padha ngajeni piyambake minangka Nabi-ne Gusti. Nanging ing ngarsane Gusti Yesus, Nabi Yohanes ngesorake dhiri sak asor-asore. Ora mung ngendika menawa Sing Rawuh iku kwasane ngluwihi dheweke, nanging uga nggambarake menawa nguculi taline sepatu wae Nabi Yohanes nganggep dheweke ora pantes. Kejaba kwasa ing politik, kwasa ing ekonomi, kwasa ing urip sosial masyarakat, ing agama ana uga kwasa. Nanging kwasa sing ana ing agama iku asale ora liya peparing lan sihrahmate Gusti. Ora bisa kanggo ngegungake dhiri, malah wohe sing sejati ora liya kejaba sikep sing andhap asor, lembah manah, ngesorake dhiri amarga ngrumangsani menawa dheweke iku saderma abdi, sing kudu leladi. Dudu bendara, juragan, utawa priyayi agung sing kalungguhane luhur, suci lan mulya. Sandhangane Yohanes dudu jubah alus apa maneh jas, nanging wulu onta. Sikepe andhap asor. Awit Gusti Allah mbuyaraké wong sing padha angkuh. Gusti Allah nglorod para pangwasa saka ing kalungguhané, lan wong sing asor diluhuraké (Luk.1:51-62). |*YTP
