I Samuel 1:19-28; Lukas 1:46b-55; Ibrani 8:1-13 GUSTI YESUS DADI PRAJANJIAN ANYAR “Sarèhné Panjenengané ngandika bab prejanjian anyar, mulané srana mengkono Gusti Allah mratélakaké yèn prejanjian sing sepisanan kuwi wis ora kanggo lan ora ana paédahé. Lan apa waé sing wis ora kanggo lan ora ana paédahé, bakal énggal sirna” (Ibrani 8:13) Tanggalan sing paling akeh digunakake ing donya saiki kuwi tanggalan Masehi. Tembung Masehi basa Arab saka tembung Al Maseh, Messiah (basa Ibrani), utawa Kristus (basa Yunani). Tahun wiyose Gusti Yesus digunakne kanggo miwiti tanggalan Masehi. Ing tanggalan sing kita gunakne padinan, kejaba tahun Masehi lumrahe uga ana petungan tahun Hijriah lan Tahun Saka. Saiki wis ngancik 2023 tahun Masehi, 1444 Hijriah, lan 1956 Saka. Minggu ngarep kita wis ganti tahun Masehi 2024. Ing sejarah, wiyose Gusti Yesus nyata nggawa owah-owahan gedhe kanggone kahanan donya saiki. Ing surat Ibrani, rawuhe Gusti Yesus iku nganyarake prejanjian sing nate kapratelakake dening Gusti marang Rama Abraham lan tedak turune kang kasebut minangka umate Gusti. Prejanjian iku wis ora migunani menawa sing gawe prejanjian ora netepi. Nerak prejanjian ndadekne sesambungan dadi cidra, malah bisa dadi prekara lan paukuman marang pihak sing nglanggar. Nalika prejanjian sing lawas wis ora bisa kanggo dhasar. Butuh digawe prejanjian sing anyar. Beda karo angger-angger sepuluh sing diparingake lantaran Nabi Musa, prejanjian anyar iku ora ditulis ing loh watu, nanging diparingake Gusti ing batin, ditulis ing ati, lan Gusti bakal nunggil karo umat kagungane. Minggu iki akhir taun 2023, lan minggu ngarep wis mlebu taun anyar 2024. Iki wancine kita nitipriksa lan mawas dhiri anggone kita urip minangka umate Gusti, manut miturut prajanjian anyar sing ana ing patunggilane Gusti Yesus Kristus. Saben-saben menawa ana sing geseh, prejanjian iku perlu dianyarake. Cara nganyarake prejanjian karo Gusti ora liya srana pengaken lan panelangsa. Pamratobat iku dalane sihrahmat sing paring pangapura, ndadekne prejanjian karo Gusti kaanyarake. |*YTP
Senen, 25 Desember 2023 Natal
Yesaya 52:7-10; Jabur 98; Ibrani 1:1-4, (5-12); Yokanan 1:1-14 SANG SABDA WUS MANJALMA DADI MANUNGSA “Sang Sabda wis dadi manungsa, manggon awor karo kita. Kita wis padha ndeleng kamulyané Sang Manungsa mau. Iya kamulyan kang kaparingaké marang Putraning Allah Sang Rama, Putra ontang-anting. Kamulyané Sang Putra mau mengkéné: Lantaran Sang Putra mau Gusti Allah wis mratélakaké Sarirané piyambak lan katresnané marang kita sakatogé” (Yokanan 1:14) Wiyose Gusti Yesus dadi dina pahargyan gedhe ing greja. Gusti Allah mbabarake katresnane marang manungsa, manjalma dadi manungsa, miyos minangka bayi kang dijenengi Yesus, kang bakal kasebut minangka Sang Kristus. Sadurunge, manungsa nampa rawuhe Gusti lantaran sabda pangandika sing diwartakne dening para nabi. Nalika Gusti Yesus miyos wus ana kitab-kitab suci sing disucekake umat minangka sabda pangandikane Gusti Allah. Kitab-kitabe nabi Musa, Mazmur, lan kitabe para nabi liyane dadi kumpulan sabda pangandikane Gusti kang kawulangake, disinaoni, lan diestokake ing uripe umat. Rawuhe Gusti Yesus miwiti babak anyar anggone Gusti paring sabda pangandika marang manungsa. Pawarta ing dina natal iki: Sang Sabda iku wus manjalma, dadi manungsa, lan manggon awor karo kita. Kita bisa ndeleng kamulyane Allah lan katresnane marang kita sakatoge ana ing gesang lan pakaryane Gusti Yesus. Bisa awor, ndeleng, lan ngrasakne patunggilan karo Gusti Yesus iku beda banget karo mung nampani pawartane para nabi. Ana crita bab Natanael (Yoh.1:45-50). Nalika mung nampa pawarta bab Gusti Yesus dheweke sulaya lan ora precaya. Nanging nalika wis ketemu langsung karo Gusti Yesus, Natanael langsung sujud sumungkem lan ngakoni menawa Gusti Yesus iku Putrane Allah lan Ratune Israel. Ing tahun 2023 iki, donya nyekseni lan ndeleng Sang Sabda kang manjalma dadi manungsa iku ana ing uripe pasamuwan Kristen. Adege pasamuwan Kristen iku martakake Sang Sabda kang manjalma dadi manungsa. Sajagad bisa nyekseni kamulyan lan katresnane Gusti lantaran paseksen lan peladosan kang katindakake ing padinane. Sumangga, pahargyan natal iki sangsaya ngatag pasamuwan, mujudake timbalan urip nunggil kaliyan Gusti Yesus. |*YTP
Ahad, 24 Desember 2023 Natal Dalu
Yesaya 62:6-12; Jabur 97; Titus 3:4-7; Lukas 2:(1-7), 8-20 PANGATAG MALAEKAT MARANG IBU MARYAM “Malaékat mau nemoni Maryam lan ngandika: “Begja kowé sing dikasihi déning Pangéran! Pangéran nganthi marang kowé!” (Lukas 1:28) Ngandhut kamangka durung duwe bojo klebu prakara pastoral sing angel. Lan Ibu Maryam nglakoni kahanan iku ing satengahing masyarakat Yahudi, sing adhedhasar Toret-e Musa bisa wae ngukum pati marang wong sing kabukti tumindak jina. Ing urip bebarengan, nyaruwe lan netepake kaluputane wong liya iku luwih gampang tinimbang ngudi apa kang dadi kersane Gusti ing kaapesan sing kita adhepi. Sokur dene Gusti Allah kersa ngutus malaekate paring pangandika lan nyantosakne Ibu Maryam. Malaekat sing diutus nemoni Ibu Maryam ngendika, menawa Maryam begja lan dikasihi dening Allah. Aja wedi, amarga anggone ngandhut iku awit pakaryane Sang Roh Suci. Ibu Maryam nampani kahanane minangka dhawuh timbalan lan kersane Gusti kang kudu diestokake. Ature, “Kawula menika abdinipun Pangeran. Sumangga kelampahan tumraping kawula kados ingkang dados sabda pangandikane Gusti”. Kabegjan lan pangayomane Gusti Allah kayadene sing dingendikakne dening malaekate Gusti iku ngatag Ibu Maryam. Saknalika kahanane dadi padhang, anggone nglakoni bisa kanthi seneng lan kepenak. Pitakon-pitakon sing mrenthul ing pengangen-angene wis nemokne wangsulan sing waton. Sakabehe sing dilakoni dening Ibu Maryam iku ana ing kwasane Gusti kang nganthi lan ngayomi. Nalika ana warga sing wis ngandhut, kamangka durung omah-omah, lumrahe dadi gegeran. Panyaruwe katujokake marang sing nglakoni, uga ing kulawargane, lan uga dadi rerasanan ing satengahe pasamuwan lan masyarakat. Dina iki minggu adven pungkasan, sesuk kita wus mahargya dina riyadi natal. Salah siji kabungahan ing pahargyan natal iku kita temoni ing pangatage Malaekat marang Ibu Maryam. Ora nyaruwe apamaneh ngakimi, nanging ing kahanan sing tata donya kerep diarani apes lan cilaka, ana pakaryan sihrahmate Gusti Allah sing kababar. |*YTP
Setu, 23 Desember 2023 Minggu Adven III
Para Hakim 13:2-24; Jabur 89:1-4, 19-26; Yokanan 7:40-52 NITIPRIKSA SADURUNGE NETEPAKE BENER UTAWA LUPUT “Manut prenataning agami, kita mboten kénging ngukum tiyang, sadèrèngipun prekawisipun dipun priksa, lan menawi kita dèrèng sumerep menapa ingkang katindakaken”. (Yokanan 7:51) Ing urip bebarengan ana tatacara sing bisa kanggo ngrampungi prakara antarane wong siji karo sijine. Lumrahe pranatan hukum sing kanggo ener nalika mutusi prekara sing kelakon. Saiki kejaba pranatan hukum, ana kawicaksanan sing jenenge program keadilan restoratif. Menawa sing salah wis ngakoni kaluputane lan njaluk pangapura marang korban, lan korban uga bisa nampa lan menehi pangapura, pelakune bisa bebas sanajan miturut hukum tumindake iku bisa diganjar paukuman lan pakunjaran. Saben agama mulangake urip ing pamratobat, ngesorake dhiri ngakone dosa lan kaluputane. Iku dadi dalane sihrahmate Gusti sing paring pangapura kababar. Nanging ing wacan dina iki, malah para pengareping imam lan wong Farisi padha kepengin ngukum Gusti Yesus, jalarane ora seneng amarga Gusti Yesus memulang kanthi kasekten lan pangwasa. Agama pancen kerep gawe sentimen, lan sentimen sing diuripi ndadekne wong fanatik. Sentimen iku ora adhedhasar nalar, nanging mung rasa seneng utawa ora seneng. Lan sikep fanatik saka tembung fanum (basa Latin, tegese suci) ndadekne nalar lan akal sehat wis dibuwang adoh. Sapa wae sing didakwa nista agama lan sawiyah-wiyah marang Asmane Gusti kudu diukum pati. Wis ora prelu nitipriksa prekarane maneh. Kahanan iki ndadekne golongan minoritas agama dadi korban mung amarga golongan mayoritas ora rena. Swasana Natal iki wektu sing becik kanggo kita nyuraos lan nitipriksa, yagene ing tahun 2023 iki isih ana-ana wae prekara dredah lan pasulayan amarga sentimen lan fanatik marang agamane dhewe. Lha Gusti Allah lan agama kok ndadak dibelani iku rak tumindak bodho lan konyol. Ayo tansah nitipriksa supaya agama ora ditunggangi kanggo kapentingan politik. |*YTP
Jemuwah, 22 Desember 2023 Minggu Adven III
II Samuel 6:12-19; Jabur 89:1-4, 19-26; Ibrani 1:5-14 MALAEKAT IKU NGLADOSI GUSTI ALLAH “Yèn mengkono para malaékat kuwi sapa ta? Para malaékat kuwi rak roh-roh sing padha ngladosi Gusti Allah lan sing diutus ngladosi wong-wong sing bakal padha tampa keslametan” (Ibrani 1:14) Salah sawijining hiasan Natal iku arupa malaikat. Malaikat iku ora lanang utawa wadon. Ing drama-drama natal biasane bocah wadon, nganggo sandhangan jubah putih lan duwe swiwi kanggo mabur. Kitab Suci nyaritakne malaikat iku abdine Gusti, roh-roh sing padha ngladosi Gusti, lan sing diutus ngladosi wong-wong sing bakal padha tampa keslametan. Malaikat kautus njaga para kagungane Gusti supaya ora kena ing cilaka. Malaikat uga diutus kanggo martakne sabda pangandikane Gusti marang manungsa. Lan malaikat uga kasebut minangka bala swarga kang tansah ngidungake pamuji tanpa kendhat, ngluhurake Asmane Gusti. Minangka roh, malaikat iku ora kasad mripat. Nanging roh iku kayadene angin. Sanajan ora katon, kita bisa ngrasakne angin amarga hawane dadi silir, lan ambegan dadi seger. Ing paprangan rohani nglawan kajuligane Iblis sing nggeret manungsa marang karusakan lan pepati, malaikat ngrewangi umate Gusti supaya santosa lan unggul. Ing keyakinan liya ana pangandel bab jin lan roh-roh alus liyane. Jarene jin sing becik iku bisa ngawula marang manungsa, lan bisa dikongkon-kongkon dening bendarane. Ana seri iklan sing lucu, jin nganggo sandhangan beskap metu saka kendhi lan mlengeh nawani wong sing nemokne, “Kuberi satu permintaan!” Nanging saben-saben wangsulane jin mujudake penjaluke manungsa iku malah dadi geguyon. Nalika ana wong sing nulungi kita, kita uga kerep ngarani wong iku dadi malaekat, utusane Gusti kanggo ngrewangi kita. Nalika seneng tetulung manungsa uga bisa disebut kaya malaekat kanggo pepadhane, nanging kosokbalene nalika malah nyilakani wong liya manungsa uga bisa diarani dadi iblis kanggo pepadhane. Mangga ing natal iki kita bisa dadi malaekat, abdine Gusti sing diutus leladi marang sesami. |*YTP
RENUNGAN SADHAR – Sabda Winedhar Januari 2024
RENUNGAN SADHARSabda Winedhar Januari 2024Mitra Saben Ari Marsudi Ati Tema: Tansah Anyar Saben Dintenipun Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Klik disini Untuk mengunduh Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone.Unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar di Playstore, dan nikmati pembacaan renungan harian di kanal youtube Sinode GKJ Pemesanan dan Informasi dapat menghubungi Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663
INFORMASI LIBUR NATAL
Nomor : SK/ 2023/ 87 / SB709 / 894H a I : Tema Natal Bersama PGI – KWI dan Libur Kantor Sinode GKJYang Terhormat Majelis Gereja se Sinode GKJBadan Pelaksana Klasis se Sinode GKJBadan Pelaksana Sinode dan Badan Pengawas Sinode GKJPengurus Yayasan/Lembaga/Bebadan dalam lingkup Sinode GKJ di alamat masing-masing Salam dalam kasih Tuhan Yesus Kristus,Bersama surat ini kami menyampaikan bahwa tema Natal Bersama Konferensi Wali Gereja Indonesia (KWI) dan Persekutuan Gereja-Gereja di Indonesia (PGI) Tahun 2023, “Kemuliaan bagi Allah dan Damai Seiahtera di Bumi (Lukas 2:14)”. Dengan ini pula kami memberitahukan bahwa dalam rangka Hari Natal dan Tahun Baru, serta cuti bersama pada akhir tahun. Kantor Sinode GKJ akan tutup/libur pada tanggal 25 Desember 2023 (tanggal 24-25 Desember 2023 cuti bersama Hari Natal sampai dengan 3 Januari 2024. Pada hari Kamis, tanggal 4 Januari 2024, Kantor Sinode GKJ sudah dibuka kembali.Demikian kami sampaikan, atas perhatian Saudara-saudara dan kerjasama yang baik kami ucapkan terimakasih. Akhirnya kami atas nama keluarga besar Kantor Sinode GKI mengucapkan kepada Saudara-saudara: Selamet Natal 25 Desember 2023danSelamat Tahun Baru 1 Januari 2024Kasih karunia Tuhan Yesus Kristus, dan kasih Allah Bapa, serta persekutuan Roh Kudus menyertai kita. Amin
Pesan Natal Bersama PGI-KWI Tahun 2023
KEMULIAAN BAGI ALLAH DAN DAMAI SEJAHTERA DI BUMI(Bdk. Lukas 2:14) Pesan Natal Bersama PGI-KWI Tahun 2023 Saudara-Saudari terkasih. Natal merupakan perayaan sukacita karena Allah berkenan menjumpai seluruh ciptaan-Nya dalam peristiwa kelahiran Yesus Kristus. Sukacita itu terungkap antara lain dalam nyanyian para malaikat dan bala tentara surga: “Kemuliaan bagi Allah di tempat yang mahatinggi, dan damai sejahtera di bumi di antara manusia yang berkenan kepada-Nya” (Lk 2:14). Warta sukacita tentang kelahiran Yesus di kota Betlehem menggembirakan hati para gembala. “Jangan takut, sebab sesungguhnya aku memberitakan kepadamu kesukaan besar untuk seluruh bangsa. Hari ini telah lahir bagimu Juruselamat yaitu Kristus Tuhan di kota Daud” (Lk 2:10-11). Para gembala adalah pribadi-pribadi sederhana yang memiliki harapan besar kepada Sang Mesias sebagai pembawa damai sejahtera. Natal mengajak umat beriman untuk masuk dalam karya penyelamatan Allah dan bertemu dengan Sang Juru Selamat agar mengalami damai sejahtera. “Hendaklah damai sejahtera Kristus memerintah dalam hatimu, karena untuk itulah kamu di panggil menjadi satu tubuh dan bersyukurlah” (Kol 3:15). Damai sejahtera (shalom) sebagai suasana hidup yang damai, rukun, dan tentram, tidak hanya berkaitan dengan hubungan antara manusia dengan Allah, tetapi juga hubungan antarsesama umat manusia dan antara manusia dengan alam semesta. Saudara-saudari terkasih Kelahiran Yesus yang menjadi wujud karya penebusan Allah telah membawa sukacita bagi umat beriman. Kehadiran-Nya telah membarui hidup dan mendorong kita untuk terus berjalan bersama menegakkan Kerajaan Kasih di tengah berbagai perbedaan agama, suku, budaya, adat istiadat, dan golongan. Bersamaan dengan Perayaan Natal ini, kita memasuki masa persiapan Pemilu 2024. Kita sebagai warga bangsa akan memilih para pemimpin dan wakil rakyat. Perhelatan politik itu disamping membawa kegembiraan juga tidak jarang menyisakan dampak negatif seperti konflik dan perpecahan yang berkepanjangan di tengah masyarakat. Oleh karena itu, kita perlu bijaksana dan dewasa dalam menyikapi pilihan politik yang berbeda-beda serta waspada terhadap penyebaran benih-benih kebencian yang dilakukan hanya untuk meraih kemenangan. Dengan berpegang pada prinsip bahwa Allah harus dimuliakan, maka politik identitas dan politik uang bukan pilihan perjuangan politik umat Kristiani. Kita menolak politik kekuasaan yang menghalalkan segala cara termasuk mengorbankan rakyat dan merendahkan martabat luhur kehidupan. Semangat Natal menggerakan umat Kristiani untuk terlibat secara aktif dalam menata kehidupan berbangsa yang lebih bermartabat demi mewujudkan kesejahteraan bersama. Oleh karena itu kita mendukung perjuangan politik yang mengutamakan keadilan sosial bagi seluruh rakyat. Saudara-saudari terkasih Tindakan kita untuk memuliakan Allah dilaksanakan bukan hanya dengan membangun hubungan yang harmonis antarumat manusia tetapi juga perlu upaya-upaya untuk menjaga dan merawat alam semesta. Damai sejahtera tidak hanya untuk manusia tetapi juga untuk semua ciptaan dan kita dipanggil untuk turut menghadirkan sukacita bagi semua makhluk. Terkait dengan hal itu, Perayaan Natal mestinya mendorong kita untuk semakin peduli, kritis, dan berani menolak berbagai bentuk perusakan lingkungan hidup, seperti pemanfaatan sumber daya alam tanpa ada upaya pemulihan, serta pencemaran air, tanah, dan udara yang sangat berbahaya untuk keberlangsungan hidup semua makhluk. Tanggung jawab menjaga lingkungan hidup ini merupakan panggilan dan perutusan dari Allah sendiri untuk semua umat beriman (bdk. Kej 2:15). Kesejahteraan bagi semua makhluk hanya akan terwujud bila alam ciptaanNya selalu terpelihara dan terjamin kelestariannya. Oleh karena itu bumi akan turut bersorak sorai memuji Allah: “Biarlah langit bersukacita dan bumi bersorak-sorai” (Mz 96:11). Saudara-saudari terkasih Di era globalisasi ini, kita juga diajak untuk memuliakan Allah dan mewujudkan damai sejahtera melalui media sosial dengan terus menerus menyebarkan nilai-nilai kebaikan, kebenaran, keadilan, setiakawan, dan tenggang rasa. Hal ini menjadi penting karena keharmonisan hidup bersama dapat hancur oleh berita bohong dan ujaran kebencian yang marak di berbagai media sosial. Kita perlu bijak dalam menerima dan menyebarkan berita. Para gembala pergi dan menemukan kebenaran warta yang diterima dari malaikat ketika menjumpai bayi Yesus di palungan, lalu mewartakannya kepada yang lain. Natal mengingatkan kita bahwa komunikasi dan perjumpaan di zaman digital ini pun perlu dikelola secara baik agar dapat digunakan sebagai sarana untuk mewartakan Kabar Gembira. Di tengah kemajuan tehnologi informasi yang sangat cepat, ramai, dan sibuk, kita tetap membutuhkan waktu hening untuk berjumpa dengan Allah, sehingga komunikasi dan perjumpaan kita dengan sesama dapat mendatangkan sukacita. Semoga dengan Perayaan Natal kita semua merasakan kasih Allah yang selalu menyertai hidup kita. Allah yang maha kasih itu selalu bersama dengan kita. Imanuel, Allah berserta kita. Ia tidak pernah meninggalkan kita dalam situasi apapun (bdk. Ibr 13:5). Oleh karena itu, mari kita terus memuliakan Allah lewat upaya-upaya baik untuk mewujudkan damai sejahtera di tengah kehidupan keluarga, Gereja, masyarakat, dan bangsa. Secara khusus kita berdoa untuk perdamaian di daerah-daerah yang masih terjadi konflik dan kekerasan. Akhirnya, atas nama Persekutuan Gereja-Gereja di Indonesia (PGI) dan Konferensi Waligereja Indonesia (KWI) kami mengucapkan selamat Natal Tahun 2023 dan selamat Tahun Baru 2024. Tuhan memberkati. Jakarta, 13 November 2023 Atas nama, Konferensi Waligereja Indonesia (KWI) Mgr. Antonius Subianto Bunjamin, OSCKetua Mgr. Paskalis Bruno Syukur, OFMSekretaris Jenderal Persekutuan Gereja-Gereja di Indonesia (PGI) Pdt. Gomar GultomKetua Umum Pdt. Jacklevyn Frits ManuputtySekretaris Umum Pesan Natal Bersama PGI & KWI Tahun 2023
Kemis, 21 Desember 2023 Minggu Adven III
II Samuel 6:1-11; Jabur 89:1-4, 19-26; Ibrani 1:1-4 NGLUWIHI DUTA BESAR “Nanging ing jaman wekasan iki Panjenengané ngandika marang kita lantaran Kang Putra. Iya lantaran Kang Putra kuwi enggoné Gusti Allah nitahaké alam jembar. Sarta Panjenengané wis netepaké Kang Putra mau supaya sing wekasané ndarbèni samubarang kabèh” (Ibrani 1:2) Duta besar iku wong sing diutus makili negara. Lumrahe duta besar iku uga diparingi kwasa kanggo mutusi prekara-prekara sing ana ing kawenangane. Antarane kepala negara ora prelu rembugan saben-saben ana prekara, iku cukup diwakili dening duta besar wae. Dadi duta besar nduweni kalungguhan sing kajen lan pinunjul. Rawuhe Sang Kristus ing donya kang kita pengeti ing dina Natal iki linuwih tinimbang duta besar. Kitab Ibrani nyerat menawi Gusti Yesus iku Putrane Allah, cahya kamulyan sarta citrane Gusti Allah sing ceples. Sang Kristus ora mung dadi utusan kayadene duta besar sing diutus dening presiden, nanging Gusti Allah kang manjalma dadi manungsa, lan ngrawuhi jagad iki. Kaluhuran lan kamulyan Asmane banget enggone ngungkuli sakabehing jeneng. Padha karo Gusti kang ngrawuhi jagad lantaran Kang Putra, pasamuwan Kristen kautus dadi duta kang sembada martakake pakaryane Gusti Allah kang milujengake jagad. Dina-dina ing akhir tahun lumrahe kanggo wektu kita mawas dhiri lan nitipriksa, apa sing wis kita tindakne setahun iki. Sajroning panelangsa amarga ngakoni akeh kekurangan, kaluputan lan dosa sing kita tindakne, ana kabungahan amarga rawuhe Gusti Yesus kang kita pengeti ing dina Natal nggawa pahargyan ing urip manungsa sajagad. Mangsa Natal iki wancine kanggo ngajak sakupeng kita melu ing pahargyan lan kabungahan. Beda karo dina riyadi bakdan sing dadi dina riyaya gedhe kanggo sabangsa, dina riyadi natal kerep mung dadi pahargyan ing kalangane umat Kristen. Linuwih saka dekorasi, hiasan, lan lagu-lagu natal sing disetel, pahargyan natal iku martakake kabar kabungahan gedhe kanggo sajagad. Pasamuwan Kristen dadi duta sing martakake kabar kabungahan iku. |*YTP
Rebo, 20 Desember 2023 Minggu Adven III
Maleakhi 3:16-4:6; Jabur 125; Markus 9:9-13 ABDINE GUSTI KUDU NANDHANG SANGSARA “Gusti Yésus ngandika: … Nanging kepriyé mungguh Putraning Manungsa? Apa sebabé déné ing Kitab Suci ditulis yèn Putraning Manungsa kudu nandhang sangsara akèh lan disawiyah-wiyah! Élinga, Nabi Élia pancèn wis rawuh. Nanging wong-wong padha tumindak sawenang-wenang marang panjenengané. Kuwi cocog karo sing wis katulis ing Kitab Suci” (Markus 9:12-13) Ana adat sing ditindakne dening salah sawijining pasamuwan, saben pahargyan Natal mesthi ngedum-edum paket sembako marang tangga teparo sing diwawas patut nampani. Paket sembako iku diklumpukne dening pasamuwan pirang-pirang wulan sadurunge. Bisa atusan paket sing diedumake ing minggu sadurunge Natalan. Ujube supaya padha bisa melu bebungah ing dina pahargyan Natal, sanajan sing diaturi paket iku dudu warga pasamuwan. Sanajan wis dadi adat sing ditindakne saben tahun, eh ana wae sing nyaruwe menawa iku kristenisasi. Rumangsane apa yen nampa paket beras, gula teh, minyak goreng saka greja iku terus langsung dadi Kristen? Dadi abdine Gusti iku pancen kudu nandhang sangsara. Wiwit para nabi nganti Gusti Yesus padha disawiyah-wiyah. Nanging sabda pangandikane Gusti paring panglipur, “Begja wong sing disiya-siya merga enggoné nglakoni kersané Gusti Allah; awit wong sing mengkono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné Allah. Begja kowé menawa diwewada, disiya-siya lan dipitenah merga saka enggonmu dadi murid-Ku. Para nabi sadurungé kowé iya padha disiksa kaya mengkono. Padha bungaha lan dipadha gembira, sebab gedhé ganjaran sing bakal kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé.”(Mat.5:10-12). Nandhang sangsara amarga panyaruwe lan komen nyinyir saka wong liya iku durung sepiraa menawa kabandhingake karo lelampahane para abdine Gusti, apa maneh Gusti Yesus kang nganti seda sinalib ing tangane para wong dosa. Menawa wong bener wae disiya-siya, apa maneh menawa tumindake luput lan ala! Dadi aja kendho anggone tumindak sing becik, tansah dadi abdine Gusti sing nyekseni lan leladi marang sesami. Dina riyadi Natal gari Minggu ngarep. Iki wancine kita mirunggan ngedum-edumake berkah peparinge Gusti kanggo sakupeng kita. |*YTP



