Yesaya 49:5-15; Jabur 148; Mateus 12:46-50 NGLAWAN NEPOTISME “Awit sing sapa nglakoni kersané Rama-Ku sing ana ing swarga, iya kuwi sedulur-sedulur-Ku lanang lan sedulur-sedulur-Ku wadon sarta ibu-Ku” (Mateus 12:50) Lagu Nasional kang judule Maju Tak Gentar, unine mangkene: “Maju tak gentar membela yang benar…”. Lagu kuwi ngemot ajakan kanggo bebarengan sabangsa mbelani sing bener. Biyen nalika akeh kasus pengadilan keputusane menangke wong sing sugih lan duwe dhuwit, lagu iku kerep diplesetake unine, dudu “membela yang benar”, nanging mbelani sing mbayar. Pancen nalika wong wis nampa besel, swarane bisa dadi liya. Sing bener disalahke, sing salah malah dibenerke. Ana uga tumindak liya sing geseh, umpamane ing penerimaan karyawan utawa ing pendaftaran murid baru ing sekolah, program “bina lingkungan” digunakne kanggo ndhisikne kanca, kenalan, sedulur, apa maneh sing isih kulawarga. Sanajan jane bijine ora nyukupi, hasil test uga ora nyandhak, kabeh bisa digawe kanggo kolusi lan nepotisme. Gusti Yesus memulang para murid, menawa sing dadi sedulur lanang, sedulur wadon, sing dadi ibu lan bapak iku sapa wae wong sing nglakoni kersane Gusti Allah Sang Rama. Kita ora bisa milih sapa wong tuwa kita, sapa sedulur kita, lan uga kapan kita lahir lan ana ngendi kita dilairake. Nanging sawise dewasa, kita bisa milih sapa sing dadi bojo, pegaweyan, arep manggon lan omah-omah ana ngendi, mangkono uga pilihan kekancan lan golongan kayadene sing kita karepake. Apa wae pilihane kita, supaya iku dadi pilihan sing nglakoni apa sing dadi dhawuh timbalan lan kersane Gusti ing urip kita. Korupsi, kolusi lan nepotisme (KKN) iku cetha dudu kersane Gusti. Sing nindakne KKN iku dudu sedulur kita. Nanging sing padha-padha ngudi kersane Gusti iku sing dadi sedulur kita. Pandonga ing akhir tahun, mugi bangsa lan negara kita sangsaya unggul nglawan KKN ing urip bebarengan sabangsa. Mugi katentreman lan karaharjan tansah sumrambah ing urip kita. Amin |*YTP
Kemis, 28 Desember 2023 Natal
Yeremia 31:15-17; Jabur 148; Mateus 2:13-18 GUSTI YESUS NATE NGUNGSI “Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga banjur nggawa Sang Putra lan ibuné ngungsi menyang tanah Mesir” (Mateus 2:14) Sawise lindhu gedhe ing Yogya 27 Mei 2006 kula telung sasi manggon ing Yogya saka dina Senen tekan Setu, dadi relawan ana Pokja (Kelompok Kerja Penanggulangan) Gempa Sinode GKJ. Ewon-ewon warga omahe ambruk, kudu manggon ana shelter, yaiku tenda-tenda darurat sing dibangun supaya bisa kanggo ngeyup. Sawise omahe sing ambruk bisa diresiki, bisa nggawe omah darurat, wis ora dadi pengungsi maneh. Gusti Yesus nate digawa ngungsi dening Bapa Yusuf lan Ibu Maryam. Anggone ngungsi saknalika sawise Malaekate Gusti ngetingal lan paring dhawuh supaya ngungsi menyang tanah Mesir, amarga Sang Prabu Herodhes nggoleki Sang Putra arep disedani. Nylametake nyawa iku lebih aji tinimbang omah utawa bandha sing kudu ditinggal. Sokur dene sadurunge ana pandhita saka tanah wetan sing sowan lan ngaturi pisungsung emas. Iku bisa kanggo sangu lan nyukupi kabutuhane ing pangungsen. Wong sing ngungsi amarga omahe ambruk amarga lindhu, utawa banjir, kebakaran lan bencana alam iku beda karo wong sing ngungsi amarga kaancam nyawane. Nganti akhir taun 2023 iki tetep wae ana sing jenenge pengungsi politik, yaiku para warga sing negarane lagi rusuh amarga paprangan antarane golongan siji lan golongan liyane, golek suaka ing negara liya sing bisa nampa. Ing negara kita, taun 2011 kepungkur ana kedadeyan sing ndadekne warga Ahmadiyah lan warga golongan Syiah sing kudu ngungsi ninggal omahe, ninggal desane, kaslametane ora bisa dijamin menawa tetep manggon ing omahe dhewe, amarga ana golongan sing ngancam lan ngarah lungane. Negara Indonesia iki kudu ngayomi sakabehe penduduk, aja nganti kelakon maneh dadi pengungsi ing negarane dhewe. |*YTP
Rebo, 27 Desember 2023 Natal
I Samuel 2:1-10; Lukas 1:46b-55; Markus 11:1-11 GUSTI YESUS LAN PEOPLE POWER “Wong-wong sing padha mlaku ana ing sangarepé lan samburiné Gusti Yésus kabèh padha nguwuh: “Pinujia Pangéran. Binerkahana sing rawuh atas asmané Gusti Allah. Langgenga kratoné Sang Prabu Dawud, leluhur kita! Pinujia asmané Gusti Allah!” (Markus 11:9-10) People power iku sebutan kanggo ngarani tumindake rakyat nalika bebarengan tumindak lan duwe panjaluk marang pangwasa. Negara Philippina ngalami people power ing taun 1986 sing nglengserke Presiden Marcos saka kalungguhane. Ing wulan Mei 1998, people power ing Indonesia kasih nglengserake Presiden Suharto sing wis 32 tahun njabat. Ing negara modern katata menawa kalungguhan lan pangwasa iku asale saka rakyat. Wulan Juli taun 2022 giliran people power ing Srilanka, nglengserake presidene amarga kahanan ekonomi ambruk lan negarane disebut bangkrut. Rawuhe Gusti Yesus ing kutha Yerusalem ing wacan kitab suci dina iki uga bisa kasebut people power. Wong-wong sakutha ora ana sing ketinggalan kabeh metu menyang dalan lan kanthi bungah mapag rawuhe Gusti Yesus. Nggelar jubahe ana ing dalan sing dilangkungi dening Gusti Yesus. Wong sing duwe kuldi babar pisan ora owel nalika kuldine digawa para murid supaya Gusti Yesus bisa nitih kuldi iku. Bedane Gusti Yesus ora ngarah kalungguhan lan pangwasa ing donya iki. Wong kabeh sing padha nguwuh-uwuh mapag rawuhe Gusti ora bisa meksa Gusti Yesus dadi Ratune wong Yahudi sing ngusir penjajah lan ngadegake karajan kayadene ing jaman Prabu Dawud. Kraton lan panguwasa sing bakal dibabarake dening Gusti Yesus beda karo karajan sing ana donya iki. Kratone Allah sing rawuh lan dadi pawartane Gusti Yesus iku dibangun srana anggone Gusti Yesus sedya ngesorake dhiri, nandhang sangsara, malah seda sinalib, lan kasarekake. Dalane kamujlyan lan kaluhuran anggone Gusti Yesus bisa wungu, ngalahke pati, sumengka ing swarga iku ora nganggo people power tata kadonyan. Nanging srana leladi, ngasorake dhiri, malah masrahake nyawane piyambak. |*YTP
Slasa, 26 Desember 2023 Natal
I Samuel 1:19-28; Lukas 1:46b-55; Ibrani 8:1-13 GUSTI YESUS DADI PRAJANJIAN ANYAR “Sarèhné Panjenengané ngandika bab prejanjian anyar, mulané srana mengkono Gusti Allah mratélakaké yèn prejanjian sing sepisanan kuwi wis ora kanggo lan ora ana paédahé. Lan apa waé sing wis ora kanggo lan ora ana paédahé, bakal énggal sirna” (Ibrani 8:13) Tanggalan sing paling akeh digunakake ing donya saiki kuwi tanggalan Masehi. Tembung Masehi basa Arab saka tembung Al Maseh, Messiah (basa Ibrani), utawa Kristus (basa Yunani). Tahun wiyose Gusti Yesus digunakne kanggo miwiti tanggalan Masehi. Ing tanggalan sing kita gunakne padinan, kejaba tahun Masehi lumrahe uga ana petungan tahun Hijriah lan Tahun Saka. Saiki wis ngancik 2023 tahun Masehi, 1444 Hijriah, lan 1956 Saka. Minggu ngarep kita wis ganti tahun Masehi 2024. Ing sejarah, wiyose Gusti Yesus nyata nggawa owah-owahan gedhe kanggone kahanan donya saiki. Ing surat Ibrani, rawuhe Gusti Yesus iku nganyarake prejanjian sing nate kapratelakake dening Gusti marang Rama Abraham lan tedak turune kang kasebut minangka umate Gusti. Prejanjian iku wis ora migunani menawa sing gawe prejanjian ora netepi. Nerak prejanjian ndadekne sesambungan dadi cidra, malah bisa dadi prekara lan paukuman marang pihak sing nglanggar. Nalika prejanjian sing lawas wis ora bisa kanggo dhasar. Butuh digawe prejanjian sing anyar. Beda karo angger-angger sepuluh sing diparingake lantaran Nabi Musa, prejanjian anyar iku ora ditulis ing loh watu, nanging diparingake Gusti ing batin, ditulis ing ati, lan Gusti bakal nunggil karo umat kagungane. Minggu iki akhir taun 2023, lan minggu ngarep wis mlebu taun anyar 2024. Iki wancine kita nitipriksa lan mawas dhiri anggone kita urip minangka umate Gusti, manut miturut prajanjian anyar sing ana ing patunggilane Gusti Yesus Kristus. Saben-saben menawa ana sing geseh, prejanjian iku perlu dianyarake. Cara nganyarake prejanjian karo Gusti ora liya srana pengaken lan panelangsa. Pamratobat iku dalane sihrahmat sing paring pangapura, ndadekne prejanjian karo Gusti kaanyarake. |*YTP
Senen, 25 Desember 2023 Natal
Yesaya 52:7-10; Jabur 98; Ibrani 1:1-4, (5-12); Yokanan 1:1-14 SANG SABDA WUS MANJALMA DADI MANUNGSA “Sang Sabda wis dadi manungsa, manggon awor karo kita. Kita wis padha ndeleng kamulyané Sang Manungsa mau. Iya kamulyan kang kaparingaké marang Putraning Allah Sang Rama, Putra ontang-anting. Kamulyané Sang Putra mau mengkéné: Lantaran Sang Putra mau Gusti Allah wis mratélakaké Sarirané piyambak lan katresnané marang kita sakatogé” (Yokanan 1:14) Wiyose Gusti Yesus dadi dina pahargyan gedhe ing greja. Gusti Allah mbabarake katresnane marang manungsa, manjalma dadi manungsa, miyos minangka bayi kang dijenengi Yesus, kang bakal kasebut minangka Sang Kristus. Sadurunge, manungsa nampa rawuhe Gusti lantaran sabda pangandika sing diwartakne dening para nabi. Nalika Gusti Yesus miyos wus ana kitab-kitab suci sing disucekake umat minangka sabda pangandikane Gusti Allah. Kitab-kitabe nabi Musa, Mazmur, lan kitabe para nabi liyane dadi kumpulan sabda pangandikane Gusti kang kawulangake, disinaoni, lan diestokake ing uripe umat. Rawuhe Gusti Yesus miwiti babak anyar anggone Gusti paring sabda pangandika marang manungsa. Pawarta ing dina natal iki: Sang Sabda iku wus manjalma, dadi manungsa, lan manggon awor karo kita. Kita bisa ndeleng kamulyane Allah lan katresnane marang kita sakatoge ana ing gesang lan pakaryane Gusti Yesus. Bisa awor, ndeleng, lan ngrasakne patunggilan karo Gusti Yesus iku beda banget karo mung nampani pawartane para nabi. Ana crita bab Natanael (Yoh.1:45-50). Nalika mung nampa pawarta bab Gusti Yesus dheweke sulaya lan ora precaya. Nanging nalika wis ketemu langsung karo Gusti Yesus, Natanael langsung sujud sumungkem lan ngakoni menawa Gusti Yesus iku Putrane Allah lan Ratune Israel. Ing tahun 2023 iki, donya nyekseni lan ndeleng Sang Sabda kang manjalma dadi manungsa iku ana ing uripe pasamuwan Kristen. Adege pasamuwan Kristen iku martakake Sang Sabda kang manjalma dadi manungsa. Sajagad bisa nyekseni kamulyan lan katresnane Gusti lantaran paseksen lan peladosan kang katindakake ing padinane. Sumangga, pahargyan natal iki sangsaya ngatag pasamuwan, mujudake timbalan urip nunggil kaliyan Gusti Yesus. |*YTP
Ahad, 24 Desember 2023 Natal Dalu
Yesaya 62:6-12; Jabur 97; Titus 3:4-7; Lukas 2:(1-7), 8-20 PANGATAG MALAEKAT MARANG IBU MARYAM “Malaékat mau nemoni Maryam lan ngandika: “Begja kowé sing dikasihi déning Pangéran! Pangéran nganthi marang kowé!” (Lukas 1:28) Ngandhut kamangka durung duwe bojo klebu prakara pastoral sing angel. Lan Ibu Maryam nglakoni kahanan iku ing satengahing masyarakat Yahudi, sing adhedhasar Toret-e Musa bisa wae ngukum pati marang wong sing kabukti tumindak jina. Ing urip bebarengan, nyaruwe lan netepake kaluputane wong liya iku luwih gampang tinimbang ngudi apa kang dadi kersane Gusti ing kaapesan sing kita adhepi. Sokur dene Gusti Allah kersa ngutus malaekate paring pangandika lan nyantosakne Ibu Maryam. Malaekat sing diutus nemoni Ibu Maryam ngendika, menawa Maryam begja lan dikasihi dening Allah. Aja wedi, amarga anggone ngandhut iku awit pakaryane Sang Roh Suci. Ibu Maryam nampani kahanane minangka dhawuh timbalan lan kersane Gusti kang kudu diestokake. Ature, “Kawula menika abdinipun Pangeran. Sumangga kelampahan tumraping kawula kados ingkang dados sabda pangandikane Gusti”. Kabegjan lan pangayomane Gusti Allah kayadene sing dingendikakne dening malaekate Gusti iku ngatag Ibu Maryam. Saknalika kahanane dadi padhang, anggone nglakoni bisa kanthi seneng lan kepenak. Pitakon-pitakon sing mrenthul ing pengangen-angene wis nemokne wangsulan sing waton. Sakabehe sing dilakoni dening Ibu Maryam iku ana ing kwasane Gusti kang nganthi lan ngayomi. Nalika ana warga sing wis ngandhut, kamangka durung omah-omah, lumrahe dadi gegeran. Panyaruwe katujokake marang sing nglakoni, uga ing kulawargane, lan uga dadi rerasanan ing satengahe pasamuwan lan masyarakat. Dina iki minggu adven pungkasan, sesuk kita wus mahargya dina riyadi natal. Salah siji kabungahan ing pahargyan natal iku kita temoni ing pangatage Malaekat marang Ibu Maryam. Ora nyaruwe apamaneh ngakimi, nanging ing kahanan sing tata donya kerep diarani apes lan cilaka, ana pakaryan sihrahmate Gusti Allah sing kababar. |*YTP
Setu, 23 Desember 2023 Minggu Adven III
Para Hakim 13:2-24; Jabur 89:1-4, 19-26; Yokanan 7:40-52 NITIPRIKSA SADURUNGE NETEPAKE BENER UTAWA LUPUT “Manut prenataning agami, kita mboten kénging ngukum tiyang, sadèrèngipun prekawisipun dipun priksa, lan menawi kita dèrèng sumerep menapa ingkang katindakaken”. (Yokanan 7:51) Ing urip bebarengan ana tatacara sing bisa kanggo ngrampungi prakara antarane wong siji karo sijine. Lumrahe pranatan hukum sing kanggo ener nalika mutusi prekara sing kelakon. Saiki kejaba pranatan hukum, ana kawicaksanan sing jenenge program keadilan restoratif. Menawa sing salah wis ngakoni kaluputane lan njaluk pangapura marang korban, lan korban uga bisa nampa lan menehi pangapura, pelakune bisa bebas sanajan miturut hukum tumindake iku bisa diganjar paukuman lan pakunjaran. Saben agama mulangake urip ing pamratobat, ngesorake dhiri ngakone dosa lan kaluputane. Iku dadi dalane sihrahmate Gusti sing paring pangapura kababar. Nanging ing wacan dina iki, malah para pengareping imam lan wong Farisi padha kepengin ngukum Gusti Yesus, jalarane ora seneng amarga Gusti Yesus memulang kanthi kasekten lan pangwasa. Agama pancen kerep gawe sentimen, lan sentimen sing diuripi ndadekne wong fanatik. Sentimen iku ora adhedhasar nalar, nanging mung rasa seneng utawa ora seneng. Lan sikep fanatik saka tembung fanum (basa Latin, tegese suci) ndadekne nalar lan akal sehat wis dibuwang adoh. Sapa wae sing didakwa nista agama lan sawiyah-wiyah marang Asmane Gusti kudu diukum pati. Wis ora prelu nitipriksa prekarane maneh. Kahanan iki ndadekne golongan minoritas agama dadi korban mung amarga golongan mayoritas ora rena. Swasana Natal iki wektu sing becik kanggo kita nyuraos lan nitipriksa, yagene ing tahun 2023 iki isih ana-ana wae prekara dredah lan pasulayan amarga sentimen lan fanatik marang agamane dhewe. Lha Gusti Allah lan agama kok ndadak dibelani iku rak tumindak bodho lan konyol. Ayo tansah nitipriksa supaya agama ora ditunggangi kanggo kapentingan politik. |*YTP
Jemuwah, 22 Desember 2023 Minggu Adven III
II Samuel 6:12-19; Jabur 89:1-4, 19-26; Ibrani 1:5-14 MALAEKAT IKU NGLADOSI GUSTI ALLAH “Yèn mengkono para malaékat kuwi sapa ta? Para malaékat kuwi rak roh-roh sing padha ngladosi Gusti Allah lan sing diutus ngladosi wong-wong sing bakal padha tampa keslametan” (Ibrani 1:14) Salah sawijining hiasan Natal iku arupa malaikat. Malaikat iku ora lanang utawa wadon. Ing drama-drama natal biasane bocah wadon, nganggo sandhangan jubah putih lan duwe swiwi kanggo mabur. Kitab Suci nyaritakne malaikat iku abdine Gusti, roh-roh sing padha ngladosi Gusti, lan sing diutus ngladosi wong-wong sing bakal padha tampa keslametan. Malaikat kautus njaga para kagungane Gusti supaya ora kena ing cilaka. Malaikat uga diutus kanggo martakne sabda pangandikane Gusti marang manungsa. Lan malaikat uga kasebut minangka bala swarga kang tansah ngidungake pamuji tanpa kendhat, ngluhurake Asmane Gusti. Minangka roh, malaikat iku ora kasad mripat. Nanging roh iku kayadene angin. Sanajan ora katon, kita bisa ngrasakne angin amarga hawane dadi silir, lan ambegan dadi seger. Ing paprangan rohani nglawan kajuligane Iblis sing nggeret manungsa marang karusakan lan pepati, malaikat ngrewangi umate Gusti supaya santosa lan unggul. Ing keyakinan liya ana pangandel bab jin lan roh-roh alus liyane. Jarene jin sing becik iku bisa ngawula marang manungsa, lan bisa dikongkon-kongkon dening bendarane. Ana seri iklan sing lucu, jin nganggo sandhangan beskap metu saka kendhi lan mlengeh nawani wong sing nemokne, “Kuberi satu permintaan!” Nanging saben-saben wangsulane jin mujudake penjaluke manungsa iku malah dadi geguyon. Nalika ana wong sing nulungi kita, kita uga kerep ngarani wong iku dadi malaekat, utusane Gusti kanggo ngrewangi kita. Nalika seneng tetulung manungsa uga bisa disebut kaya malaekat kanggo pepadhane, nanging kosokbalene nalika malah nyilakani wong liya manungsa uga bisa diarani dadi iblis kanggo pepadhane. Mangga ing natal iki kita bisa dadi malaekat, abdine Gusti sing diutus leladi marang sesami. |*YTP
RENUNGAN SADHAR – Sabda Winedhar Januari 2024
RENUNGAN SADHARSabda Winedhar Januari 2024Mitra Saben Ari Marsudi Ati Tema: Tansah Anyar Saben Dintenipun Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Klik disini Untuk mengunduh Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone.Unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar di Playstore, dan nikmati pembacaan renungan harian di kanal youtube Sinode GKJ Pemesanan dan Informasi dapat menghubungi Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663
INFORMASI LIBUR NATAL
Nomor : SK/ 2023/ 87 / SB709 / 894H a I : Tema Natal Bersama PGI – KWI dan Libur Kantor Sinode GKJYang Terhormat Majelis Gereja se Sinode GKJBadan Pelaksana Klasis se Sinode GKJBadan Pelaksana Sinode dan Badan Pengawas Sinode GKJPengurus Yayasan/Lembaga/Bebadan dalam lingkup Sinode GKJ di alamat masing-masing Salam dalam kasih Tuhan Yesus Kristus,Bersama surat ini kami menyampaikan bahwa tema Natal Bersama Konferensi Wali Gereja Indonesia (KWI) dan Persekutuan Gereja-Gereja di Indonesia (PGI) Tahun 2023, “Kemuliaan bagi Allah dan Damai Seiahtera di Bumi (Lukas 2:14)”. Dengan ini pula kami memberitahukan bahwa dalam rangka Hari Natal dan Tahun Baru, serta cuti bersama pada akhir tahun. Kantor Sinode GKJ akan tutup/libur pada tanggal 25 Desember 2023 (tanggal 24-25 Desember 2023 cuti bersama Hari Natal sampai dengan 3 Januari 2024. Pada hari Kamis, tanggal 4 Januari 2024, Kantor Sinode GKJ sudah dibuka kembali.Demikian kami sampaikan, atas perhatian Saudara-saudara dan kerjasama yang baik kami ucapkan terimakasih. Akhirnya kami atas nama keluarga besar Kantor Sinode GKI mengucapkan kepada Saudara-saudara: Selamet Natal 25 Desember 2023danSelamat Tahun Baru 1 Januari 2024Kasih karunia Tuhan Yesus Kristus, dan kasih Allah Bapa, serta persekutuan Roh Kudus menyertai kita. Amin


