Yunus 3:1-5,10; Jabur 62:6-13; I Korinta 7:29-31; Markus 1:14-20 SIH RAHMATIPUN GUSTI “Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake” (Yunus 3:10) Nabi Yunus dipun utus dhateng kitha Ninewe, ingkang dados pusering karajan Asyur, supados tiyang Niniwe sami mratobat. Ananging nabi Yunus boten purun netepi dhawuhipun Gusti. Nabi Yunus langkung remen menawi tiyang Ninewe wau kaukum kemawon dening Gusti. Nanging pranyata Gusti Allah kagungan karsa ingkang beda sanget kaliyan pepinginanipun nabi Yunus. Gusti Allah ngersakaken tiyang-tiyang wau sami mratobat lan kawilujengaken. Nabi Yunus sampun mbatos lan mangertos bilih Gusti Allah menika Allah ingkang Mahaasih, mesthi mangke badhe ngapunteni dosanipun tiyang-tiyang Ninewe. Pramila Yunus milih kesah dhateng kitha Tarsis mawon. Nabi Yunus numpak baita ageng ingkang badhe lalayaran dhateng Tarsis. Nanging ing tengahing seganten Gusti Allah nglawan panerakipun nabi Yunus sarana ndhatengaken prahara ageng ingkang nempuh baita wau ngantos badhe kerem. Nabi Yunus lajeng kaangkat lan kabucal dhateng seganten. Sanalika praharanipun lerem, ndadosaken tiyang-tiyang ing baita wau sami ajrih lan manembah dhateng Gusti Allah. Dene nabi Yunus dipun tampeni lan kaemplok dening ulam ageng. Saksampunipun tigang dinten ulam wau ngluntakaken nabi Yunus dhateng daratan. Nabi Yunus tumunten kesah netepi dawuhipun Gusti Allah. Kaelokan lajeng kedadosan. Tiyang-tiyang Ninewe dalah sato kewanipun sami mratobat kanthi patrap puwasa ngebleng, lan mawi sandhangan bagor. Sarehning Gusti Allah mirsani pamratobating tiyang-tiyang Ninewe wau, Gusti Allah lajeng keduwung dhateng rancangan bilai kangge tiyang-tiyang Ninewe menika. Gusti Allah murungaken ndhawahaken bilai tumrap tiyang-tiyang Ninewe. Kita nampi piwucal supados tansah ngundhangaken sih rahmatipun Gusti dhateng sedaya tiyang supados sami nampi kawilujengan. Gusti Allah mesthi badhe paring pangapunten tanpa ngetang malih prekawis lan kalepatan ingkang kapengker. |*SH
RENUNGAN SADHAR – Sabda Winedhar Februari 2024
RENUNGAN SADHARSabda Winedhar Februari 2024Mitra Saben Ari Marsudi Ati Tema: Nyawisaken Manah Kangge Ngraos-raosaken Pakaryanipun Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Klik disini Untuk mengunduh Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone.Unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar di Playstore, dan nikmati pembacaan renungan harian di kanal youtube Sinode GKJ Pemesanan dan Informasi dapat menghubungi Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663
Setu, 20 Januari 2024 Minggu II Saksampunipun Epifani
Yeremia 20:14-18; Jabur 62:6-13; Lukas 10:13-16 ANAMPENI GUSTI YESUS “Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku” (Lukas 10:16) Para kagunganipun Gusti Yesus punika sampun katunggilaken ing Rohipun Sang Kristus. Mekaten ugi kita asring kasebat gegelitaning sariranipun Sang Kristus (I Korinta 12:27). Menawi mekaten adeg kita lan dhiri kita menika mujudaken wakilipun Sang Kristus. Menapa malih menawi kita saweg nindakaken timbalan lan pangutusan saking Sang Krstus, ing ngriku kita amakili Gusti Yesus Kristus. Ing ngriki patraping tiyang sanes dhateng kita inggih dados patraping tiyang wau dhateng Sang Kristus. Patrapipun tiyang dhateng kita lan Injil ingkang kita bekta menika sami kaliyan patrapipun dhateng Sang Kristus piyambak. Mekaten ugi patrapipun tiyang dhateng Gusti Yesus Kristus menika ugi sami kaliyan patrapipun tiyang wau dhateng Allah Sang Rama ingkang angutus Kang Putra menika. Dhawuh ing ayat 16 menika dipun ngandikakaken dhateng para murid ingkang kautus kangge martosaken Injil Kratoning Swarga (ayat 1-12). Sikepipun tiyang ingkang mireng pawartos Injil menika saged mawerni-werni. Gusti Yesus mratelakaken bilih sikepipun tiyang-tiyang ingkang nampeni para murid menika kaanggep sikep dhateng Gusti Yesus. Samangke, kita ugi katimbalan lan kautus supados martosaken Injilipun Sang Kristus, nggelaraken Kratoning Swarga wonten ing donya menika. Adeg kita ing ngriku ugi saweg amakili Gusti Yesus Kristus ingkang ngutus kita. Ing bab menika kadospundi sikep lan patraping panampi dhateng kita menika kaanggep sami kaliyan patrapipun dhateng Guti Yesus Kristus. Pramila kita boten perlu kuwatos dhateng panampining tiyang sanes. Awit kita menika para dutanipun Sang Kristus. Ananging status menika ugi nelakaken bilih kita nggadhahi tanggel jawab kangge mujudaken gesang ingkang jumbuh kaliyan karsanipun Gusti. Sampun ngatos tindak-tanduk kita sulaya kaliyan sikepipun Sang Kristus. |*SH
Beasiswa Diakonia UKSW
UKSW mengeluarkan beasiswa penuh yaitu BEASISWA DIAKONIA yang diperuntukkan bagi calon mahasiswa baru tahun ajaran 2024 / 2025 yang merupakan anggota gereja pendukung UKSW. Panduan lengkap dapat dilihat di:
Jemuwah, 19 Januari 2024 Minggu II Saksampunipun Epifani
Yeremia 20:7-13; Jabur 62:6-13; II Petrus 3:1-15 CECAWIS LAN WASPADA METHUKAKEN GUSTI “Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem rahayu” (II Petrus 3:14) Rasul Petrus ngemutaken para pitados bab badhe rawuhipun Gusti Yesus. Pancen dumugi ing wekdal semanten Gusti Yesus dereng rawuh malih. Bab wau lajeng dados pangewan-ewanipun tiyang ingkang badhe ngrisak kapitadosanipun pasamuwan Kristen. Tiyang-tiyang wau sami ngece dhateng para pitados lan ndadosaken iman kapitadosanipun para tiyang Kristen wau lajeng kendho lan mangu-mangu. Rasul Petrus nandhesaken bilih bab Gusti ingkang dereng rawuh menika mujudaken kesabaranpun Gusti Allah anggenipun ngentosi para tiyang dosa supados sami mratobat. Dene rawuhipun Gusti menika kadosdene maling ingkang boten dipun mangretosi (ayat 10a). Pramila umat kagunganipun Gusti katimbalan supados ”Prayitna lan waspada kanthi patrap ingkang leres. Ayat 14 mratelakaken: “Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacat sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem rahayu”. Dhawuh menika ugi katujokaken dhateng kita para kagunganipun Gusti ing wekdal samangke. Kita katimbalan ngantos-antos rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih kanthi patrap gesang ingkang prayogi. Menika ateges bilih gesang kita kedah ngatos-atos lan leres. Saksaged-saged kita mbudidaya supados gesang tanpa cacad lan blentong ing ngarsanipun Gusti. Sagedipun inggih kanthi nggadhahi patrap setya lan tumemen ing tumindak kita miturut pangandikanipun kados ingkang sinerat ing Kitab Suci. Saksaged-saged kita nyingkiri prekawis-pekawis ingkang awon ingkang sulaya kaliyan kersanipun Gusti. Kita budidaya netepi dhawuh-dhawuhipun Gusti ing gesang kita. Tansah diprayitna ngatos-atos dhateng panggoda ingkang asring ngrimuk lan mbujuk kita supados nindakaken piawon. Prayogi kita tansah ndedonga dhateng Gusti lan mbudidaya tansah celak lan manuggil kaliyan Gusti Yesus Kristus. |*SH
KURIKULUM PEMBINAAN BAKAL CALON LEGISLATIF, CALON LEGISLATIF, ANGGOTA LEGISLATIF, DAN APARATUR SIPIL NEGARA GKJ
KURIKULUM PEMBINAAN BAKAL CALON LEGISLATIF, CALON LEGISLATIF, ANGGOTA LEGISLATIF, DAN APARATUR SIPIL NEGARA GKJ Diterbitkan Oleh: Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia (Anggota IKAPI) Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222 Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445 E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.com Website: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan: Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa Jl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711 Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJ Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663 Website: www.sinodegkj.or.id Penanggung Jawab: Bapelsin XXVIII GKJ Bidang Keesaan Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa Penanggung Jawab : Bidang Keesaan Badan Pelaksana Sinode XXVIII GKJ Penulis : Pdt. Hananto Kusumo, S.I.P., M.Si.Teol. Pdt. Dr. Murtini Hehanussa Pdt. Wahyu Purwaningtyas, M.Si.Teol. Pdt. Wisnu Sapto Nugroho, M.Min. Pdt. Temi Setyowati, S.Si. Pdt. Addi Soselia Patriabara, M.Th. Tata Letak & Sampul : Kantor Sinode GKJ Cetakan 2022 ISBN 978-602-6414-86-1 Klik disini Untuk Mengunduh KURIKULUM PEMBINAAN BAKAL CALON LEGISLATIF, CALON LEGISLATIF, ANGGOTA LEGISLATIF, DAN APARATUR SIPIL NEGARA GKJ
Kemis, 18 Januari 2024 Minggu II Saksampunipun Epifani
Yeremia 19:1-15.; Jabur 62:6-13; Wahyu 18:11-20 GUMANTUNG NAMUNG DHATENG GUSTI ALLAH “Katentremanku mung ana ing Gusti Allah, amarga kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane” (Jabur 62:6) Ing gesang menika, kita kedah gadhah cepengan, langkung-langkung menawi kita saweg ngadhepi prekawis ingkang awrat, ing pundi kita ugi kedah mendhet keputusan menapa ingkang kedah katindakaken. Asring kita bingung lan mangu-mangu menapa ingkang kedah kita lampahi. Juru Masmur ngendika: “Katentremanku mung ana ing Gusti Allah, amarga kang dak arep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane”. Sarana ayat menika kapratelakaken bilih kita boten perlu bingung, awit menapa ingkang kita ajeng-ajeng inggih prekawis ingkang kedah kita tindakaken menika pinangkanipun saking Gusti Allah. Sedaya ingkang sae lan leres menika ugi namung wonten ing Gusti Allah. Kejawi menika kawilujengan kita ugi dumunung wonten ing Gusti Allah. Ing ayat 7 kapratelakaken: ”Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku. Kutha bentengku, aku ora bakal gloyoran”. Peparang ing kala semanten dados papan pangayoman. Dene Kutha benteng menika dados papan pangayoman saking mengsah. Tegesipun, Gusti Allah punika dados panggenan kita pikantuk pangayoman, lan ugi kesebat Kutha benteng ingkang ngayomi saking bebaya. Pramila, ing ayat 9 Juru masmur ngendika: “He para umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane. Sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane. Gusti Allah iku pangayoman kita”. Sarana ayat menika kita dipun pituturi supados namung kumandel dhateng Gusti Allah. Menapa ingkang dados panguneg-uneg ing manah kita dipun sokaken ing ngarsaning Gusti. Gusti Allah mesthi badhe maringi pepadhang dhateng manah kita. Kita boten pareng ngandelaken manungsaa lan bandha donya. Sarana pangandikanipun Gusti ing ayat-ayat menika dados cetha bilih gesang kita mesthi badhe wilujeng lan manggih karaharjan menawi kita saestu ngandelaken Gusti Allah ing gesang kita. Kita badhe kaayoman lan katuntun dening Gusti Allah ingkang saestu Mahakuwaos lan Mahaluhur. |*SH
Penahbisan Pendeta GKJ Baturetno Atas Diri Vikaris Filo Yustikarno Kristya Persada, S.Si. Teol.,CCM
Penahbisan Pendeta GKJ Baturetno Atas Diri Vikaris Filo Yustikarno Kristya Persada, S.Si. Teol.,CCM Pagi ini, Selasa, 16 Januari 2024 di GKJ Baturetno Wilayah Giribelah, Wonogiri, sinar matahari bersinar sedikit terhalang mendung. Sekitar pukul 08.00 WIB panitia penahbisan Vik. Filo Yustikarno Kristya Persada, S.Si.Teol.,CCM telah bersiap menyambut para tamu yang mulai berdatangan. Hadir Pejabat Pemerintah Kabupaten Wonogiri yang diwakili oleh Wakil Bupati Wonogiri Bp.Setyo Sukarno, Sekcam Giribelah, Anggota Forum Kerukunan Umat Beragama Kabupaten Wonogiri, Tamu Undangan, serta kurang lebih 50 pendeta GKJ dari Klasis Wonogiri, Gunungkidul, Purworejo, Sragen, Sukoharjo, dan sekitarnya. Tak kurang dari 600 warga gereja memenuhi kursi yang disediakan panitia. Panitia mengusung konsep ibadah di alam terbuka bertemakan “Mangun Watu Dadya Urip.” yang bertempat di tanah yang akan dibangun GKJ Baturetno Wilayah Giribelah di bukit karst yang dihiasi pemandangan alam yang sangat indah. Acara penahbisan ini dikemas dalam dua rangkaian. Rangkaian pertama dimulai pukul 09.00 WIB dengan acara seremonial yang terdiri atas ucapan selamat datang sekaligus doa pembukaan oleh ketua Panitia, dilanjutkan dengan sambutan-sambutan dari Badan Pelaksana Klasis Wonogiri, Visitator Sinode GKJ, dan Wakil Bupati Wonogiri. Visitator Sinode XXIX GKJ, Pdt. Stefanus Iwan Listiyantoro menyampaikan salam kasih dan persaudaraan dari 346 gereja se-Sinode GKJ, khususnya salam dalam semangat kebersamaan dari 386 pendeta GKJ. Ia mengucapkan selamat bagi GKJ Baturetno: Majelis, Panitia, dan seluruh warga gereja, dan Vikaris Filo Yustikarno Kristya Persada, S.Si. Teol., CCM serta keluarga. Ucapan selamat juga ditujukan untuk gereja-gereja di Klasis Wonogiri dalam kebersamaan yang terjalin kuat dalam proses pemanggilan pendeta tersebut. Begitu pula disampaikan harapan agar momen yang sangat istimewa tersebut menjadikan kebersamaan yang terjalin dalam lingkup GKJ makin dipenuhi dengan kasih yang memampukan untuk menjalani tugas panggilan-Nya dengan setia. Rangkaian acara pertama diakhiri sesi foto bersama pejabat pemerintahan. Rangakaian acara kedua adalah ibadah penahbisan. Ibadah dipimpin oleh pdt. Dyan Sunu Prakosa yang dimulai dengan arak-arakan menuju “bukit batu“ tempat acara diadakan. Kekidungan Jawa, paduan suara, tari, teater punakawanan, dengan nuansa jawa yang kental menambah kedekatan peserta yang hadir dengan alam. Setelah dibacakan pratelan dan pertanyaan kesanggupan oleh Pdt.Dyan Sunu Prakosa, Vik.Filo menjawab dengan “Inggih kanthi sawetahing manah”. Prosesi pemberkatan dilakukan oleh sekitar 50 pendeta dipimpin oleh pendeta sepuh Pdt.Em.Darsono Eko Nugroho. Setelah mengenakan pakaian liturgis, menerima Alkitab dan alat-alat sakramen, Pdt. Filo Yustikarno Kristya Persada memulai kotbah sulung dengan membacakan I Petrus 2:4-7. Dalam khotbahnya, Pdt.Filo menggambarkan jemaat seperti batu yang terpencar namun tetap menekankan akan manfaat bagi sesama dan memberikan hidup bagi seluruh alam. Rangkaian acara kedua tersebut juga diakhiri dengan sesi foto bersama. Selamat untuk GKJ Baturetno dan Pdt. Filo. Sayonara, mugi Gusti tansah paring berkah. dokumentasi live streaming
Bahan Masa Paskah 2024
Tema: “Bangkit Untuk Menata Kehidupan” Diterbitkan oleh: Lembaga Pembinaan dan Pengaderan Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa dan Sinode GKI Wilayah Jawa Tengah Pengantar Lembaga Pembinaan dan Pengaderan Sinode GKJ dan GKI SW Jateng (LPP Sinode) kembali hadir melalui bahan Pembinaan untuk menghayati Masa Paskah. Di tengah berbagai perubahan atas kehidupan yang begitu cepat, kita bersyukur karena Allah Bapa, Anak dan Roh Kudus senantiasa menyertai umat-Nya. Allah beserta kita dan melibatkan umat-Nya untuk menata kehidupan. Karena itu pada tahun 2024 ini kita akan menghayati Masa Paskah melalui tema: “Bangkit Untuk Menata Kehidupan”. Jika di tahun-tahun sebelumnya, LPP Sinode menggunakan kata “Paska”, pada tahun 2024 ini kami menggunakan kata “Paskah”. Perubahan ini dilakukan dalam rangka untuk mengajak kita semua menghayati bahwa yang terpenting dari penghayatan Masa Paskah ini bukan berfokus pada kata Paska atau Paskah sebab keduanya merupakan kata terjemahan dari kata “Pesakh”. Sebagai terjemahan semua sama-sama memiliki dasar dan kebenarannya dan hal yang terpenting di balik semua itu adalah adalah karya Tuhan yang membebaskan umat-Nya dari perhambaan. Di sinilah dibutuhkan kedewasaan dalam menyikapi segala sesuatu. Dengan kedewasaan itu kita akan bertumbuh dan mengalami Yesus Kristus yang bangkit di tengah perubahan apa pun. Gereja/jemaat mau memakai kata Paska atau Paskah, semua sama-sama menghayati kemenangan dalam Kristus Yesus. Terkait dengan perubahan, pada bahan ini tampak juga ada perbedaan dibandingkan bahan di tahun sebelumnya yaitu cara kita menghayati Triduum Paskah. Pada ibadah Kamis Putih, Jumat Agung dan Sabtu Sunyi ucapan berkat di akhir ibadah tidak diucapkan. Kalimat berkat diucapkan pada Minggu Paskah. Karena itu gereja/jemaat bisa mensosialisasikan pada umat. Jika gereja/jemaat mau menambahkan kalimat berkat, itu juga boleh. Artinya, sesuai dengan prinsip kami, bahan ini dapat dimodifikasi sesuai konteks masing-masing. Bahan ini terbentuk melalui kerja sama yang baik dari tim Masa Paskah 2024. Kami mengucapkan terimakasih kepada: Pdt. Immanuel Adi Seputro – PWG GKJ Pdt. Paulus Kristian Mulyono – DPG GKI SW Jateng Pdt. Duta Lumadi Arsanta Tridarmanto – GKJ Ungaran Pdt. Geget Elite Sucining Hyang – GKJ Bogor Pdt. Pradita Noviantoro – GKJ Gondangwinangun Pdt. Rivaldi A.K – GKJ Wisma Kasih Mangunharjo Pdt. Kartini Astuti – GKJ Bekasi Pdt. Yemima Widi Nurani – GKJ Sragen Pdt. Yakobus Dwi Martyanto Saputro – GKJ Banjarnegara Pdt. Gidion Pratama Yoga – GKJ Candiroto Pdt. Yusak Rimanto – GKI Parakan Pdt. Nathaniel Valentino Saleky – GKI Taman Cibunut Bandung Pdt. Cristnandi Putra – GKI Peterongan Pdt. Chiko Kwit Liem – GKI Pahlawan Pdt. Iwan Sukmono – GKI Bojonegoro Pdt. Boas Tarigan – GKI Palsigunung Pdt. Iswanto – GKI Pengampon Ucapan terima kasih kami haturkan juga kepada Gereja-Gereja dan sahabat-sahabat semua yang telah memberikan dukungan bagi LPP Sinode baik dalam doa, daya, dana maupun perhatian kasih. Semua itu kami hayati sebagai wujud kesatuan hati sebagai tubuh Kristus. Dari kompleks Samironobaru nomor 77 Yogyakarta, kami mengucapkan selamat mempersiapkan diri untuk menghayati kasih dan penyertaan Kristus melalui Masa Paskah 2024. Semoga kita dapat berperan serta bersama Kristus untuk menata kehidupan. Yogyakarta akhir November 2023 Salam kami, Pdt. Wisnu Sapto Nugroho Pdt. Murtini Hehenussa Bahan Masa Paskah 2024 dapat diunduh melalui link berikut ini: Bahan Masa Paskah 2024 Final – MS Word, Ukuran: 2.3 MB (Downloaded: 406) Bahan Masa Paskah 2024 Final – Pdf, Ukuran: 3.0 MB (Downloaded: 316) Bahan Mangsa Paska 2023_MsWord, Ukuran: 1.8 MB (Downloaded: 80) Bahan Mangsa Paska 2023_pdf, Ukuran: 2.3 MB (Downloaded: 53) Pengantar Pengiriman Bahan Masa Paskah 2024 dapat diunduh melalui link berikut: Pengantar Masa Paskah 2024, Ukuran: 285.2 KB (Downloaded: 69) Bagi Bapak/Ibu/Saudara yang ingin mendukung pelayanan LPP Sinode, dapat mengirimkan persembahannya melalui rekening berikut ini: Rekening LPP Sinode Giro BCA a.n. GKI SW Jateng QQ LPP Sinode No. 6975405200 Giro BRI a.n. LPP Sinode no. 0029-01-000409-30-9 atau scan QRIS berikut ini: QRIS BCA QRIS BRI
Ahad, 14 Januari 2024 Minggu II Saksampunipun Epifani
I Samuel 3:1-20; Jabur 139: 1-6,13-18; I Korintus 6:12-20; Yokanan 1:43-51 GESANG MANUNGGIL KALIYAN GUSTI YESUS “Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal saroh kalawan Panjenengane” (I Korinta 6:17) Manawi kita sampun dados kagunganipun Gusti Yesus Kristus, kita lajeng dados satunggal kaliyan Sang Kristus. Mila saking punika pasamuwan Kristen menika ugi kasebat “Sariraning Sang Kristus” (I Korinta 12:27). Sang Kristus ingkang jumeneng Sesirahing sarira, dene kita sami dados peranganing Sariranipun Sang Kristus. Rasul Paulus ugi mratelakaken, “Nanging kula gesang namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula” (Galati 2:20). Rasul Paulus ngucapaken bab wau awit sampun rumaos bilih gesangipun menika sampun dados satunggal kaliyan Sang Kristus, malah kepara rumaos bilih gesangipun menika sanes gesangipun piyambak ananging Sang Kristus piyambak ingkang dedalem wonten ing dhirinipun. Patunggilaning rasul Paulus kaliyan Gusti Yesus Kristus menika mawujud ing sauruting gesangipun ing salebeting nindakaken jejibahan ngundhangaken Injilipun Sang Kristus. Rasul Paulus nate dipun kunjara ing kitha Efesus. Nanging ing pakunjaran wau rasul Paulus lan Barnabas tetep saged memuji mulyakakan Gusti Yesus lan dipun pirengaken dening para tahanan sanesipun. Mekaten ugi ing lelampahanipun martosaken Injil wau rasul Paulus asring nampi pepalang lan kasangsaran wern-werni. Ananging ing sedaya kawontenan rasul Paulus tansah kiyat lan semangat awit prasasat gesangipun sampun saestu manunggil kaliyan Sang Kristus. Kadospundi kangge kita para kagunganipun Sang Kristus? Inggih sami, gesang kita menika sampun manunggil kaliyan Sang Kristus. Manawi Gusti Yesus sampun dedalem ing dhiri kita, manah kita sampun dipun kuwaosi dening Roh Suci; pikiran kita tumuju dhateng kamulyaning Asmanipun Gusti; Pandamel kita mujudaken karsanipun Gusti Allah piyambak. Pangadikanipun Gusti dados dilah ing ngajenging suku kita lan dados suluh ing margining gesang kita. |*SH





