+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 10 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani

I Raja-raja 16:1-7; Mazmur 50:1-6; Lukas 19:41-44

GUSTI MUWUN

“Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa kutha iku banjur dimuwuni” (Lukas 19: 41)

Gusti Yesus muwun ningali kabodhoaning manungsa? Para sekabat sami nyubya-nyubya rawuhipun Gusti Yesus lemebet ing kitha Yerusalem. Mekaten pangucapipun “Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, tentrem rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing luhuring ngaluhur!”. Para sekabat nggadhahi pamikiran lan pangajeng-ngajeng Gusti Yesus jumeneng dados ratu ing Israel.

Para sekabat lan tiyang kathah sami mboten nyumerepi bilih rawuhipun Gusti Yesus wonten ing kitha Yerusalem punika badhe dipun cepeng, dipun adili lan kaparingan paukuman pejah ing kajeng salib. Gusti Yesus badhe nandhang sangsara lan pejah, temtu punika badhe adamel para pendherekipun sami bingung, ajrih lan sumebar pados kawilujengan piyambak-piyambak. Para pendherekipun Gusti Yesus paribasan bangunan “Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe”.

Pamikiranipun manungsa ingkang kawengku ing dosa punika winates ing bab kadonyan. Rancanganipun manungsa beda kaliyan rancanganipun Gusti Allah. Pikajengipun manungsa beda kaliyan kersanipun Gusti Allah. Punika ingkang ndadosaken manahipun Gusti Yesus sedhih ngantos muwun. Pamikiran lan manah kita kedah ngener dhateng dhawuh lan rancanganipun Gusti Allah, madosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah wonten ing gesang kita. Mboten madosi lan ngener dhateng pikajeng kita manungsa ingkang dosa punika.

Gusti muwun (sedhih) menawi ningali sikap gesang kita ingkang namung nguja hawa nafsu kadonyan ingkang tumuju dhateng karisakan lan pejah. Sumangga kita ngudi bab kayekten, katresnan, keadilan, karukunan wonten ing gesang supados tentrem rahayu saking Gusti Allah kababar. Pakaryanipun Gusti Allah wonten ing sang Kristus kangge mujudaken bumi anyar lan langit kang anyar ugi kababar. |*ESB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ