+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 13 Februari 2024, Minggu Transfigurasi

Ayub 19:23-27; Jabur 110:1-4; 1 Timoteus 3:14-16

PASAMUWAN MINANGKA BRAYATE GUSTI ALLAH

“Preluné saupama tekaku nganti kasèp, saka layang iki kowé wis

bisa ngerti kepriyé kuduné tangkep kita ana ing brayaté Gusti Allah, yakuwi pasamuwan kagungané Gusti Allah kang sipat gesang. Pasamuwan kuwi dadi saka lan dadi dhasaré kabeneran.”

( I Timotius 3: 15)

Brayat iku pasrawungan sing paling rumaket. Brayat inti kabangun dening wong lanang lan wadon dewasa, sing padha sarujuk lan sedya mbangun urip bebrayatan kang rahayu lan raharja, adhedhasar katresnan lan kaprecayan marang Gusti. Klebu ing brayat inti iku para putra sing dadi wohing katresnan wong-tuwane. Kejaba brayat inti, ana uga brayat ageng. Ing Jawa, sing disebut brayat ageng iku klebu uga sedulur-sedulur saka bapak lan ibu, sedulur-sedulur saka simbah saka bapak lan ibu, malah uga besan. Malah tangga-teparo lan masyarakat uga kerep disebut minangka brayat sak lingkungan, lan luwih gedhe maneh brayat sabangsa Indonesia sing tanggal 14 Februari iki nganakne pemilu.

Dening Rasul Paulus, pasamuwan kasebut minangka brayate Gusti Allah. Sing nunggilake siji lan sijine ing pasamuwan dadi brayate Gusti Allah ora liya pakaryane Gusti Yesus Kristus, kang wus nunggilake kita, dadi umat kang katebus, malah kadadekake para putrane Allah. Minangka brayate Gusti Allah, pasamuwan iku dadi saka pikukuh lan dhasaring kayekten. Ing urip bebrayatan, ora prelu maneh tumindak lamis, dhedhelikan, utawa kosok balene malah kepengin pamer kaya sawetara calon ing pemilu iki. Apa rumangsane ing urip bebrayatan ageng bisa lestari anggone gawe pencitraan sing ora sabenere?

Saben brayat Kristen iku kasebut pasamuwan kagungane Gusti. Brayat kang nunggil ing pangabekti iku mujudake patunggilan brayate Gusti Allah. Sing dadi Sesirahing Brayat dudu bapak utawa ibu kaya sing kecathet ana Kartu Keluarga. Dhawuh lan kersane Gusti Allah kang tansah diudi. Brayate Gusti bakal dadi dalane berkah, ora mung kanggo wong sak-omah, nanging uga ing bebrayatan ageng ing satengahing masyarakat lan bangsa. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ