+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 14 Februari 2024, Rebo Awu

Yoel 2:1-2, 12-17; Jabur 51:1-17, II Korinta 5:20b-6:10;
Mateus 6: 1-6, 16-21

PANGIBADAH IKU AJA DIPAMERKE KAYA WONG LAMIS

“Padha élinga! Aja padha nglakoni pangibadahmu kanggo paméran ana ing sangareping wong. Yèn kowé tumindak mengkono, kowé ora bakal nampani ganjaran saka Ramamu ing swarga” (Mateus 6: 1)

Dina iki dina Rebo Lebu, dina anggone pasamuwan Kristen ngawiti mangsa pencawisan Paskah. Ana 40 dina saka dina Rebo Lebu tekan Minggu Paskah, kasebut minangka Mangsa Pra-Paskah, kasengker kanggo ngibadah, nganyarake pamratobat lan urip pracaya marang Injile Gusti Yesus Kristus.

Ing Mateus 6, ana telung prakara kang katindakake ing pangibadah pasamuwan: Dedana, Ndedonga, lan Pasa. Pangibadah iku kaaturake marang Gusti. Gusti paring pepenget, nalika nindakne pangibadah iku aja dipamerke, supaya disawang wong. Pamer nalika nindakne pangibadah iku adate wong lamis, lan yen mangkono wis nampa ganjarane amarga oleh pengalem saka wong liya. Gusti nitipriksa sing ana sajroning ati kita.

Dina iki uga bangsa Indonesia nganakne pemilihan umum, kanggo milih pasangan Presiden lan Wakil, lan uga anggota Dewan Perwakilan Rakyat tingkat dati II, propinsi, lan nasional. Wiwit saka penetapan bakal calon nganti rampung mangsa kampanye, ana-ana wae tumindak lamis kanggo golek swara pemilih. Undang-undang pemilu wus nata lan menging cara kampanye nggunakne dhuwit, utawa ngedum-edum bantuan. Nanging tetep dilanggar. Mung wae rakyat wis sangsaya pinter, bisa niteni endi calon sing pancen becik lan patut dipilih, lan endi sing mung lamis lan aja dipilih.

Minangka rakyat Indonesia, kita tansah nyenyuwun mujekake, supaya lantaran pemilihan umum iki bangsa kita bisa maju lan nerusake kabeh pakaryan becik, njejegake kaadilan, mbabarake kayekten, lan tentrem rahayu ing tata urip bebarengan sabangsa. Iku wujud pangibadah kang sejati ing tata urip bebarengan. Ing mangsa kampanye aja dipamerake, manging diwujudake ing pakaryan padinan. Apa maneh nalika kaparingan kalungguhan lan kwasa, kudu luwih mempeng maneh anggone nindakne. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ