+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 15 Februari 2024 Minggu Transfigurasi

Dhaniel 9:1-14; Jabur 25:1-10; I Yokanan 1:3-10

NGAPUSI AWAKE DHEWE

“Yèn kita muni ora duwé dosa, kita padha ngapusi awak kita dhéwé

lan nyatané ora mengkono; ateges Gusti Allah

ora dedalem ing ati kita”

(I Yokanan 1: 8)

Rasul Yohanes nyebut wong sing ngaku ora duwe dosa iku ngapusi awake dhewe. Nalika wong wis rumangsa bener, pinter, linuwih, lan ing ngarsane Gusti wis ora butuh apa-apa maneh amarga wis rumangsa bisa sakabehe, iku salah siji tandha anggone ngapusi awake dhewe. Kawitane dosa iku rumangsa wis bisa dhewe, ora ngakoni menawa sakabehing kabisan kapinteran lan darbek kita iku peparinge Gusti.  Dadine adoh saka sumuyud ngestokake dhawuh kersane Gusti, nanging rumangsa wis kwasa ngrancang lan nata uripe dhewe.

Wong mursid iku tansah bekti lan ngudi apa sing dadi kersane Gusti, supaya bisa kawujudake ing uripe. Ngabekti iku tumungkul lan ngesorake dhiri. Saben ndadar lan nitipriksa uripe ing ngarsane Gusti ndadekne pengaken lan panelangsa. Ngrumangsani menawa anggone urip mursid ngabekti lan ngestokake kersane Gusti iku isih ngemu cidra, durung wutuh, apa maneh sampurna. Ngesorake dhiri ngakoni dosa ing ngarsane Gusti ngawohake urip sing uga ngesorake dhiri marang pepadhane manungsa. Ngakoni dosa ora bakal tumindak ngakimi wong liya, nanging  dadi tuladha anggone ngesorake dhiri ing panelangsa.

Nulungi wong sing ngapusi awake dhewe iku angel banget, malah kepara ora isa. Lha wong awake dhewe wae diapusi, apa maneh wong liya! Kita bisa mrekarakne wong liya sing tumindak salah marang kita, nanging ora duwe kawenangan kanggo ngakimi dosane wong marang Gusti, lan ewuh menawa arep nyampuri urusane karo wong liya. Ing pengadilan, wong sing selak diganjar ukuman luwih abot. Gusti Allah Hakim kang Agung ing wancine bakal ngakimi, lan cilaka temen wong sing selak amarga kauncatan saka sihpalimirmane Gusti kang paring pangapura. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ