+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 16 Februari 2024 Minggu Transfigurasi

Dhaniel 9:15-25a; Jabur 25:1-10; II Timoteuss 4:1-5

NGENDHALENI AWAKE DHEWE  IKU URIP ING SAMADYA

“Nanging kowé kudu padha ngendhalèni awakmu dhéwé

ing sedhéngah kaanan, sing sabar ing sajroning kasangsaran.

Injil wartakna, lan kabèh kuwajibanmu tindakna krana enggonmu

dadi abdiné Gusti Allah”

(II Timotius 4: 5)

Bisa ngendhaleni awake dhewe ing sadhengah kaanan iku bisa katrangane nglakoni urip ing samadya. Samubarang kabeh iku ana wayahe, ora bisa nggege mangsa menawa durung wancine, ora bisa uga ngendha menawa wis kudu ngadhepi saiki. Yen kudu dilakoni iya dilakoni, yen ora kuwat iya pasrah lan njaluk tulung, yen rumangsa bisa iya aja kewanen, apa maneh nggampangke lan tumindak sembrono. Urip iki dilakoni kanthi eling, menawa samubarang kabeh iku owah-owah, ora ana sing langgeng. Dadi ora ngaya, malah sinau sabar ing sajroning sangsara.

Rasul Paulus mituturi marang Timotius. Pengalaman leladi ing satengahing pasamuwan nemoni ana-ana wae wong sing ora gelem ngrungokake, nuruti nepsune, lan nglumpukake bala kanggo mungsuhi sedulur sing ora sakpanemu. Sinau supaya bisa ngendhaleni awake ing sadhengah kaanan iku butuh pracaya sing santosa, tumemen anggone sumarah, dudu karepe dhewe, nanging apa sing dadi kersane Gusti iku sing digoleki. Katimbalan dadi abdine Gusti Allah iku diwiwiti anggone sinau ngendhaleni dhiri, aja nganti nalika martakake Injil, uripe malah dadi sesandhungan amarga cengkah karo pawartane.

Sing kerep gawe semplah iku nalika ana pengarep-arep sing ora bisa kelakon. Wis dharik-dharik anggone ngrancang lan nata, jebul batal. Nanging kosokbalene bisa uga amarga nampa kanugrahan gedhe kamangka atine durung sedya, malah ndadekne lelakon kayadene Petruk dadi ratu, kumenthus lan kemaki lali karo adeg satenane. Minangka abdine Gusti, sinau bisa ngendhaleni awake dhewe iku kudu ngesorake dhiri, tansah matur, “Sumangga kersanipun Gusti kelampahan ing gesang kawula”. Amin.  |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ