+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 17 Februari 2024 Minggu Transfigurasi

Mazmur 32, Mazmur 25:1-10, Matius 9:2-13

PENGETAN AMBAL WARSA SINODE GKJ

“Ing kono ana wong lumpuh nggluntung ing peturon, digotong menyang ngarsané Gusti Yésus. Bareng pirsa pengandelé wong-wong mau

banjur ngandika marang sing lumpuh: “Atimu sing tatag!

Dosa-dosamu wis diapura.” (Matius 9: 2)

Dina iki Ambal Warsa Sinode GKJ kaping 93 tahun. Adege pasamuwan ora liya amarga sihrahmate Gusti Allah, kang kersa nimbali, nunggilake, lan mbangun tata urip pasamuwan ing Sinode GKJ thuwuh santosa lan ngrembaka.

Ing sejarah GKJ, Gusti mbangun pasamuwan ing tanah Jawa sing saiki madeg dadi Sinode GKJ lantaran pakaryan Zending Gereformeerde, liwat sekolah-sekolah lan rumah sakit utawa klinik Kristen. Akeh pasamuwan kawiwitan dening sadherek mantri guru lan perawat, kang lumrah kasebut golongan priyayi nalika ing jaman Landa. Kejaba iku Gusti uga makarya ngadegake pasamuwan lantaran pakaryane Kyai Sadhrach ing Karangjasa, Purworejo. Emane pasamuwan Kristen kang mardika saka Kyai Sadhrach iki amarga beda panemu disebratke dening greja Gereformeerd lan nggabung menyang greja kerasulan. Mugi binerkahan sakabehing pangenget, dhateng para abdine Gusti kang wus katimbalan lan kautus makarya leladi, kanggo mbangun pasamuwan kagungane Gusti ing Sinode GKJ.

Wacan Injil ing dina iki pakaryane Gusti Yesus kang paring pangapura, lan marasake wong lumpuh banjur bisa ngadeg, tangi, lan mlaku mulih dhewe. Sawise iku Gusti Yesus nimbali Matius, pegawe pajeg sing dianggep ala dening masyarakat Yahudi supaya, “Melua Aku”.  Wong lumpuh lan Matius si juru mupu beya sing disingkirke wong akeh nampa pakaryan sihrahmate Gusti kang nylametake.

Adege greja mung amarga pakaryan sihrahmate Gusti kang paring pangapura. Pinujia Asmane Gusti kang paring pangapura lan nebus kita dadi umat kagungane Gusti. Ing pengetan 93 tahun GKJ, pawarta bab pangapura iki tetep dadi pawarta kang wigati kita wartakake lan kawujudake ing urip bebarengan satengahing bangsa. Sumangga sami apura ingapura, amarga Gusti wus ngapura kita. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ