+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 18 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah I

Purwaning Dumadi 9:8-17; Jabur 25:1-10; I Petrus 3:18-22;
Markus 1:9-15

IKI WAYAHE GUSTI NGADEGAKE KRATONE

“Pangandikané: “Saiki wis wayahé Gusti Allah ngedegaké Kratoné.

Padha mratobata, ninggala dosa-dosamu lan precayaa marang Injil.” (Markus 1: 15)

Bangsa Yahudi ora rumangsa nduweni pemimpin nganti Nabi Yohanes Pembaptis rawuh. Wong-wong padha sowan lan nyuwun kabaptis minangka pratandha pamratobat. Nabi Yohanes lan Gusti Yesus martakake “Saiki wis wayahe Gusti Allah ngadegake Kratone”.  Adege kratone Allah iku katalesake ing pamratobat, ninggal dosa-dosane, lan pracaya marang Injil. Injil yaiku kabar kabungahan bab pakaryan sihrahmate Gusti Allah kang paring pangapura dosa-dosa, lan urip langgeng minangka umat ing Kratone Allah kang rawuh. Sing kanggo dhasar ngawiti jaman anyar ing Kratone Allah kang rawuh iku pakaryan sihrahmate Gusti Allah kang nampani wong dosa sing mratobat. Iki lelawanan karo peprintahane raja-raja donya sing ngereh lan ngukum.

Bangsa Afrika Selatan nalika Nelson Mandela dadi presiden ing tahun 1992 nganakne Komisi Kebenaran dan Rekonsiliasi (KKR). Saka peprintahan apartheid sing nindhes marang penduduk asli, ngalih peprintahan hasil pemilu sing demokratis. Marang sapa wae sing ngaku menawa nate tumindak salah, KKR bakal ngapura perkarane lan ora ngukum. Nanging sing selak bakal diusut lan diajokne ing pengadilan. Iki meh padha karo tatacara “restorative justice” (Peraturan Kejaksaan 15 tahun 2020) sing dicakne ing undang-undang kepolisian lan kejaksaan negara kita wiwit tahun 2020 kepungkur.

Minggu iki bangsa Indonesia nindakne pemilu. Hasil etung-etungan cepet wis kita tampa, hasil resmi nunggu saka KPU. Miwiti peprintahan anyar, prayoga kita bisa sinau saka pangandikane Gusti Yesus. Sapa sing mratobat lan ninggal dosane bakal nampa pangapura, nanging sing wangkot bakal diukum. Mata ganti mata untu ganti untu ora bakal ana enteke. Mung sihpangapura sing kwasa nyantosakne bebarengan miwiti peprintahan anyar sing adil, bener, lan rahayu kayadene ing Kratone Allah. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ