Ayub 4:1-21; Jabur 77; Efesus 2:1-10
NGLAKONI PENGGAWE BECIK
“Kita iki padha titahé Gusti Allah, kang nitahaké kita ana ing
patunggilané Sang Kristus Yésus, supaya kita padha nglakoni
penggawé becik, sing wis kacadhangaké kanggo kita.”
(Efesus 2: 10)
Nindakne penggawe becik iku saiki, aja semaya mengko-mengko. Apa maneh njaluk syarat: “Aku bakal tumindak becik menawa wong liya uga tumindak becik marang aku. Aku bakal nulungi menawa wis sugih. Aku bakal menehi menawa wis duwe akeh.” Wong sing semaya lan selak iku tegese ora nampa kahanane saiki kanthi bungah lan sokur.
Menawa kita tumindak becik marang wong sing uga tumindak becik, apa bedane karo wong sing ora precaya? Bisa wae kita ora duwe bandha dhuwit lan kasugihan sing linuwih, nanging kita bisa tetulung ngrewangi lan nyantosakne pepadha sing lagi ing mbutuhake, srana apa sing wis kaparingake dening Gusti, lan wis dadi darbek kita. Apa maneh minangka titahe Gusti Allah ing patunggilan kaliyan Gusti Yesus Kristus, kita mung gari nglakoni penggawe becik kang wis kacadhangake dening Gusti kanggo kita.
Ana sedulur sing crita, gela amarga nate nulungi wong liya, jebul sing nate ditulungi iku ora ngerti matur nuwun. Pancen bener, blas ora patut menawa menehi susu kok diwales nganggo upas. Nanging aja nganti kendho anggone tumindak becik, malah wong sing nyupatani didongakne slamet, wong sing mungsuhi disuwunake berkah. Tumindak becik marang wong sing tumindak ala iku medhot pepenginan males sing ala kanthi tumindak ala uga. Katresnan iku tetep mbeciki lan ngudi sing becik sanajan ora diregani saiki, amarga precaya menawa woh ing wekasane bakale becik uga. Luwih rahayu wong sing paweweh tinimbang sing nampa. Luwih begja sing tetulung tinimbang sing ditulungi. Gusti sumbering karahayon nitahake kita supaya nglakoni penggawe becik. Iku wus kacadhangake supaya kita tindakne, sawetahe urip kita. Amin. |*YTP