+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 20 Februari 2024 Minggu Pra-Paskah I

Ayub 5:8-27; Jabur 77; I Petrus 3:8-18a

KATIMBALAN MUJEKNE SING BECIK

“Aja males piala nganggo piala, ipat-ipat nganggo ipat-ipat.

Malah padha mujèkna becik, merga iya mengkono kuwi

maksudé enggonmu padha tinimbalan, supaya kowé padha kaberkahana.” (I Petrus 3: 9)

Berkah iku peparing sihrahmate Gusti. Beda karo peparing bandha, dhuwit, utawa barang kadonyan liyane, berkah nalika diedum-edumake malah sangsaya babar, nyebar, nambah, lan dadi luwih gedhe lan akeh maneh. Dina iki kita nampa sabdane Gusti, supaya urip kita kaberkahan, kaya sing dadi timbalan kita ing patunggilan kaliyan Gusti Yesus Kristus, kita kadhawuhan supaya ora males ala karo tumindak sing ala, utawa ipat-ipat dibales ipat-ipat, nanging tansah mujekake sing becik.

Njaga ati sing resik, kanthi tulus mujekake sing becik iki diarani lugu, kerep digeguyu amarga gampang diapusi dening wong liya sing duwe niyat ora becik. Bocah cilik kerep duwe sikep lugu nalika precaya marang wongtuwane. Lan ngadhepi bocah cilik sing lugu, sapa sing tegel menawa arep ngapusi lan gawe gela sarta tangise? Sapa sing bakal tumindak ala menawa kita mbeciki marang wong liya?

Urip sing kaberkahan iku bisa wae diapusi dening wong liya, nanging nalika diapusi ora bakal ndadekne gela utawa nelangsa. Sing kudune getun iku wong sing ngapusi lan tumindak ala marang dheweke. Sabdane Gusti, menawa kita ngadhepi sangsara amarga tumindak becik, malah kita kasebut minangka wong begja, kaanggep pantes ndherek ngrasakake kasangsarane Gusti Yesus kang manggul salib lan seda kanggo nebus dosa-dosane manungsa.

Wong sing binerkahan iku wus sinau masrahake uripe ing Astane Gusti kang kebak sih lan piwelas. Gusti Allah Hakim Kang Adil bakal ngakimi penggawene saben manungsa, siji lan sijine manut miturut patrape dhewe-dhewe. Ora ana sing bisa kadhelikake saka paningale Gusti Kang Maha Pirsa. Wiwit ing pengangen-angen, sumangga sakabehing pandonga sing kita lairake mung mujekake sing becik. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ