+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 12 Februari 2024 Minggu Transfigurasi

Pangentasan 19:7-25; Jabur 110:1-4; Ibrani 2:1-4

NGREGANI KESLAMETAN PEPARINGE GUSTI

“Yèn mengkono kepriyé bisané kita oncat saka paukuman mau, menawa kita ora ngregani marang keslametan kang semono gedhéné? Gusti Yésus piyambak sing miwiti martakaké keslametan mau lan wong-wong sing padha krungu pangandika mau, klawan temen olèhé mènèhi paseksi marang kita, yèn pangandikané Gusti Allah kuwi nyata mengkono”

(Ibrani 2: 3)

Urip sing ngregani keslametan iku bakoh nggondheli kayekten sing wis kita tampa. Ngregani iku nampa kanthi rasa urmat lan sokur, ora nganggep remeh utawa sepele. Ing tembung liya, “Peparing keslametan saka Gusti iku aja disangga miring”, kudu kanthi jejeg, kenceng, lan santosa. Keslametan iku ora mung slamet ing swarga, sawise mati. Keslametan iku uga prelu diwujudake ing tata urip saiki, tata kadonyan, tata lair ora mung batin, lan tata kajasmanen ora mung karohanen.

Saben-saben krungu pawarta koruptor sing konangan lan diperkarakne, kejaba kepengin nyokurake uga mrentul rasa prihatin sing gedhe, “Yagene kok ora ngregani kalungguhane sing wis diprecaya, kok malah maling dhuwite rakyat sing kudune ditata kanthi adil lan bener kanggo karaharjane rakyat!”  Nanging pancen wong gela iku tibane ing mburi, nalika tumindak ala ora wedi, bareng konangan lan diprekarakne wis kebacut, ora isa didandani maneh sanajan mratobat lan nelangsani kahanane. Rong dina maneh pemilu. Aja milih calon sing sing adigang adigung lan adiguna, mengko janjine mung keri ing tembung ora diwujudke. Milih wae sing bisa ngregani swarane rakyat.

Piwulang sabda pangandikane Gusti wus kawartakake, iya dening Gusti Yesus, mangkono uga paseksen kanthi sakehing pretandha, mukjijat, lan kaelokan mawerna-werna. Sang Roh Suci memulang lan ngelingake manungsa, saka sakjroning atine dhewe-dhewe, sakabehe dhawuh timbalan lan kersane Gusti, supaya urip kita ngregani keslametan kang wus kaparingake dening Gusti. Becik ketitik, ala ketara. Sikep ngajeni keslametan peparinge Gusti bakal njaga kita bisa urip lestari, diadohake saka paukuman sing wis pinesthi bakal ngadili sakabehing tumindak kita. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ