+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 11 Februari 2024, Minggu Transfigurasi

II Para Raja 2:1-12; Jabur 50:1-6; II Korinta 4:3-6; Markus 9:2-9

MALIH RUPA DADI MENCORONG

“Nem dina sawisé lelakon mau, Gusti Yésus dhawuh marang Rasul Pétrus, Rasul Yohanes lan Rasul Yakobus, sedulur kakang-adhi, supaya padha ndhèrèk Gusti Yésus, minggah ing gunung kang dhuwur. Ana ing kono

ora ana wong liyané menèh. Para rasul mau padha weruh

Gusti Yésus malih rupa; dadi mencorong.” (Markus 9:2)

Wong Jawa lumrahe kulite iya sawo mateng, ora putih utawa kuning. Nanging saiki akeh sing kepangan iklan, tuku obat sing bisa ndadekne raine putih. Dadine malah wagu, amarga raine wis putih nanging gulu lan tangane ora, malah belang. Saiki sing dadi mode ganti kulit sing glowing. Glowing iku tegese mencorong, kaya artis-artis Korea, uga kaya gambar-gambar caleg sing maju ana pemilu tahun iki.  Kulit sing kerumat pancen bakal katon resik lan mencorong. Nanging obat lan kosmetik mung bisa gawe mencorong njabane, ora isa gawe mencorong saka njero. Lan cilakane menawa mandheg nganggo kosmetik, iya bakal balik menyang asline maneh.

Nalika kaluhurake ing gunung, lan ngetingal bebarengan karo Nabi Musa lan Nabi Elia, para rasul weruh Gusti Yesus katon mencorong. Iya sandhangane, iya pasuryane, nyorotke kaluhuran lan kamulyan kang pinangkane saka swarga. Iku ndadekne padha wedi banget. Saben kasorotan ing kamulyane Gusti kang suci lan mulya, manungsa ora bakal tahan ngadhepi, kejaba tumungkul sujud ing pengaken lan panelangsa, ngrumangsani lan mratobat saka dosa-dosane. Sorot kamulyan kang mencorong iki beda banget karo mencoronge para artis utawa caleg ing panggung pemilu.

Nunggil karo Gusti bakal ndadekne malih rupa, ing kamulyan kang tambah-tambah. Anggone mancorong iku amarga kaanyarake saka njero, saka budi lan batin sing nunggil ing kamulyane Gusti. Maujud ing kabecikan, kawicaksanan, lan katresnan sing bisa dirasakne wong liya. Kamulyan urip sing binerkahan iku lelawanan karo kosmetik sing mung bisa gawe mencorong tata laire, lan sipate sawetara. Luwih becik ngudi urip mancorong saka njero, saka batin sing dianyarake ing patunggilan kaliyan Gusti. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ