+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 28 Januari 2024 Minggu IV Saksampunipun Epifani

P. Toret 18:15-20; Jabur 111; I Korinta 8:1-13; Mateus 1:21-28
GUSTI YESUS PUNIKA UTUSANING ALLAH
“… sarta Gusti iya mung siji, yaitu Gusti Yesus Kristus, kang njalari
anane samubarang lan kang njalari kita padha urip”
(I Korinta 8:6)

Gusti Yesus menika kagungan kalenggahan minanka Nabi, Imam lan Ratu. Kalenggahan tiga menika kaagem lan kasandhang dening Gusti Yesus Kristus gegandhengan kaliyan tugasipun jumeneng dados Juruwilujenging jagad. Sarana tigang kalenggahan menika Gusti Yesus saged kanthi premati milujengaken manungsa saking dosa lan kadurakanipun, lajeng karukunaken malih kaliyan Gusti Allah. Ing ngriki badhe kita rembag salah satunggaling kalenggahanipun inggih punika minangka Nabi.
Nabi menika utusanipun Gusti Allah ingkang mbabaraken Sabdanipun Gusti Allah dhateng manungsa. Mekaten ugi Gusti Yesus minangka Nabi. Nanging ing ngriki Gusti Yesus Kristus menika kagungan keistimewaan ingkang mbedakaken kaliyan para nabi sanesipun. Kados ingkang kelampahan nalika Gusti Yesus memucal ing papan pangibadah ing Kapernaum. Gusti Yesus memucal tiyang kathah ngantos sami kaeraman lan ngungun, awit anggenipun memucal wau kanthi panguwaos, boten kados para ahli Toret. Gusti Yesus menika boten namung martosaken pangandikanipun Gusti Allah nanging Panjenenganipun menika Sabdanipun Allah piyambak. Ing Injil Yokhanan 1:1 kapratelakaken bilih “Ing kalapurwa, Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah, sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.” Ing ayat 14 kapratelakaken “Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita”. Lah menika Gusti Yesus Kristus. Dados Gusti Yesus Kristus menika jumeneng Nabi boten namung ngasta Sabdanipun Allah ingkang kedah kawartosaken dhateng manungsa, nanging Gusti Yesus Kristus menika Sang Sabdanipun Gusti Allah piyambak.
Rikala semanten Gusti Yesus ugi ngetingalaken panguwaosipun nalika Panjenenganipun nundhung dhemit saking satunggaling tiyang ing griya pangibadah wau. Kedadosan menika ngetingalaken bilih Gusti Yesus Kristus punika kagungan panguwaos. Panjenenganipun punika Sang Sabda ingkang sejati inggih Gusti Allah piyambak. Amin. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ