Yeremia 29:1-14; Jabur 35:1-10; Markus 5:1-20
ANGUDI KARAHARJANING NEGARI
“Padha ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parane
anggoningSun mbucal sira, sarta ndongakna kutha-kutha iku
marang Sang Yehuwah, amarga tata-tentreming kutha iku
uga dadi karaharjanira dhewe” (Yeremia 29:7)
Minangka warganing negari, kita nggadhahi kalenggahan, hak lan kewajiban ingkang sami kaliyan saben warga sanesipun. Menawi warga sanesipun nggadhahi hak anampeni lan ngraosaken kasaenan lan kemakmuraning bangsa, kita inggih nggadhahi hak ingkang sami. Mekaten ugi menawi warga sanesipun nggadhahi kewajiban kangge mbela, njagi lan majengaken negari lan bangsa kita, kita ugi nggadhahi kewajiban ingkang sami. Ing bab menika kita boten beda kaliyan warga sanesipun. Negari lan bangsa kita Indonesia menika mujudaken kanugrahanipun Gusti Allah dhateng kita. Peparing menika mesthi kemawon kedah kita jagi lan kita aosi supados boten risak utawi mundur. Indonesia minangka kanugrahan saking Gusti menika kedah kita openi, kita jagi lan kita bangun supados majeng lan dhatengaken berkah kangge sedaya warganipun.
Gusti Yesus nate ngandika ing Matius 22:21b, “Mulane Sang Nata agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata agung, lan aturna marang Allah apa kang wajib kaaturake marang Allah”. Saking pangandika menika kita saged mendhet piwulang bab patrap kita minangka warga negari. Pangandikanipun Gusti ing Yeremia 29:7 dados timbalan kangge umatipun Gusti ingkang nembe kaukumm ing negari Babel supados mbudidaya karaharjanipun negari punika. Umatipun Gusti sami kadhawuhan: “Padha ngudia marang karaharjaning kutha ing ngendi parane anggoningSun mbucal sira, sarta dongakna kutha-kutha iku marang Sang Yehuwah, amarga tata-tentreming kutha iku uga dadi karaharjanira dhewe “.
Samangke kita sami manggen ing Indonesia, sanes tiyang bucalan lan boten saweg kaukum dening Gusti; kita manggen ing tanah kita piyambak, tanah mardika nugrahaning Gusti. Pramila sampun samesthinipun kita ngudi karaharjaning bangsa lan negari kita menika. Amin. |*SH