+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 30 Januari 2024 Minggu IV Saksampunipun Epifani

Wilangan 22:22-28; Jabur 35:1-10; I Korinta 7:32-40
NGLADOSI GUSTI KANTHI MILIH PATRAP SAE
“Dadi wong kang omah-omah karo prawane, iku tumindak becik,
dene kang ora omah-omah karo prawane, iku tumindak luwih becik”
(I Korinta 7:38)

Wonten ing Sang Kristus kita sampun kadadosaken umat kagunganipun Gusti Allah. Pramila samesthinipun kita manembah lan masrahaken gesang sawetahipun leladi dhumateng Gusti. Anggen kita leladi punika kedah kanthi patrap ingkang sae lan prayogi.
Patrap sae ingkang kadospundi ingkang saged kita aturaken dhateng Gusti? Inggih punika manah kita sawetahipun namung manembah dhateng Gusti Allah; pikiran kita inggih namung ngangen-angen bab kamulyaning Gusti Allah; Pitembungan kita ugi namung ngucapaken bab-bab ingkang leres lan sae ingkang tansah muyakaken asmanipun Gusti Allah; mekaten ugi pakarti lan pandamel kita namung ngetingalaken pandamel ingkang sae lan leres, kebak ing kasaenan lan pitulungan dhateng sesami, lan sregep nindakaken pakaryanipun Gusti. Kados pandonga kita ing Donga Rama Kawula, kita nyuwun mugi Kratoning Allah rawuh ing bumi. Kita kedah nyaosaken badan inggih punika sawetahing gesang kita dhateng Gusti Allah, kados ingkang sinerat ing Rum 12:1 “Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, Padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah; yaiku pangibadahmu kang sejati”.
Bab punika kedah dipunwujudipun ing gesang padintenan lan ing padamelan kita. Menawi nyambut damel kedah nyambut damel kanthi sae lan saestu ndhatengaken kemajengan lan berkah kange padamelan kita. Menawi lelados ugi nggadhahi patrap, sikap ingkang paling sae. Menawi wicantenan ugi saged milih mawi tetembungan ingkang sopan lan tata, boten damel sakiting manahipun sesami. Mekaten ugi ing bab pilihaning gesang, badhe emah-emah utawi boten emah-emah, sadaya katindakaken kagem kaluhuranipun Gusti. Sedaya menika mujudaken peladosan kita ugi dhateng Gusti ingkang paling sae, awit sarana menika asmanipun Gusti Yesus badhe kaluhuraken. Rak inggih ta tresna dhateng Gusti Allah menika ugi kedah mawujud ung Tresna dhateng sesami. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ