+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen 29 Januari 2024 Minggu IV Saksampunipun Epifani

Wilangan 22:1-21; Jabur 35:1-10; Lelakone Para Rasul 21:17-26
PITULUNGANIPUN GUSTI ALLAH
“Dhawuhe Gusti Allah marang Bileam: “Sira aja melu wong-wong iku;
bangsa iku aja sira ipat-ipati, marga wus kanggonan berkah”
(Wilangan 22:12)

Umat Israel menika satunggaling bangsa ingkang dados umat pepilihanipun Gusti Allah. Israel pinilih dening Gusti amargi Gusti karsa netepi prasetyanipun dhateng rama Abraham bilih tedhak turunipun badhe binerkahan lan dados berkah. Bangsa Israel ugi nampi prasetyan kados prasetyanipun Gusti Allah dhateng rama Abraham: Sok sintena ingkang mbekahi dhateng Israel ugi badhe dipun berkahi dening Gusti Allah. Kosok wangsulipun sok sintena ingkang nglawan lab badhe ngipat-ipati Israel ugi badhe kalawan lan dipun ipat-ipati dening Gusti Allah.
Waosan kita nyariyosaken bab Balak saking krajan Moab nimbali Jurutenung ingkang kawentar inggih punika Bileam bin Beor. Tujuanipun supados Bileam wau nenung srana ngipat-ipati bangsa Israel nalika sami lumampah badhe nglangkungi tlatah Moab. Utusanipun prabu Balak ngantos rambah kaping kalih awit ingkang sepisan Bileam boten purun nuruti kekajenganipun Balak. Jurutenung Bileam menika elokipun tansah nyuwun pitedahipun Gusti Allah bab menapa ingkang kedah katindakaken. Ing ngriki kita ningali bilih Gusti Allah menika panguwaosipun nglangkungi wates-watesing bangsa, ngantos ingatasipun Bileam bin Beor ing tanah Persia kemawon Gusti ugi kagungan panguwaos, lan Bileam inggih mbangun miturut dhateng Gusti Allah. Nyatanipun ing rambahan kaping kalih Bileam tumut ing tanah Moab netepi dhawuhipun Gusti Allah. Bileam mberkahi bangsa Israel kados karsanipun Gusti sinaosa dipun iming-imingi upah arupi raja brana ingkang kathah dening prabu Balak.
Cariyos menika ngiyataken iman kapitadosan kita bilih minangka umat kagunganipun Gusti, kita mesthi badhe kareksa lan kaayoman dening Gusti Allah. Rancangan awon ingkang badhe tumuju dhateng kita inggih badhe dipun kuwaosi dening Gusti Allah lan badhe kagantos dados berkah kangge kita. Pinuji asmanipun Gusti. Amin . |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ