+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 19 Januari 2024 Minggu II Saksampunipun Epifani

Yeremia 20:7-13; Jabur 62:6-13; II Petrus 3:1-15
CECAWIS LAN WASPADA METHUKAKEN GUSTI
“Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong
ana ing ngarsane kalawan tentrem rahayu”
(II Petrus 3:14)

Rasul Petrus ngemutaken para pitados bab badhe rawuhipun Gusti Yesus. Pancen dumugi ing wekdal semanten Gusti Yesus dereng rawuh malih. Bab wau lajeng dados pangewan-ewanipun tiyang ingkang badhe ngrisak kapitadosanipun pasamuwan Kristen. Tiyang-tiyang wau sami ngece dhateng para pitados lan ndadosaken iman kapitadosanipun para tiyang Kristen wau lajeng kendho lan mangu-mangu. Rasul Petrus nandhesaken bilih bab Gusti ingkang dereng rawuh menika mujudaken kesabaranpun Gusti Allah anggenipun ngentosi para tiyang dosa supados sami mratobat.
Dene rawuhipun Gusti menika kadosdene maling ingkang boten dipun mangretosi (ayat 10a). Pramila umat kagunganipun Gusti katimbalan supados ”Prayitna lan waspada kanthi patrap ingkang leres. Ayat 14 mratelakaken: “Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacat sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem rahayu”.
Dhawuh menika ugi katujokaken dhateng kita para kagunganipun Gusti ing wekdal samangke. Kita katimbalan ngantos-antos rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih kanthi patrap gesang ingkang prayogi. Menika ateges bilih gesang kita kedah ngatos-atos lan leres. Saksaged-saged kita mbudidaya supados gesang tanpa cacad lan blentong ing ngarsanipun Gusti. Sagedipun inggih kanthi nggadhahi patrap setya lan tumemen ing tumindak kita miturut pangandikanipun kados ingkang sinerat ing Kitab Suci. Saksaged-saged kita nyingkiri prekawis-pekawis ingkang awon ingkang sulaya kaliyan kersanipun Gusti. Kita budidaya netepi dhawuh-dhawuhipun Gusti ing gesang kita. Tansah diprayitna ngatos-atos dhateng panggoda ingkang asring ngrimuk lan mbujuk kita supados nindakaken piawon. Prayogi kita tansah ndedonga dhateng Gusti lan mbudidaya tansah celak lan manuggil kaliyan Gusti Yesus Kristus. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ