I Samuel 3:1-20; Jabur 139: 1-6,13-18; I Korintus 6:12-20; Yokanan 1:43-51
GESANG MANUNGGIL KALIYAN GUSTI YESUS
“Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi
nunggal saroh kalawan Panjenengane” (I Korinta 6:17)
Manawi kita sampun dados kagunganipun Gusti Yesus Kristus, kita lajeng dados satunggal kaliyan Sang Kristus. Mila saking punika pasamuwan Kristen menika ugi kasebat “Sariraning Sang Kristus” (I Korinta 12:27). Sang Kristus ingkang jumeneng Sesirahing sarira, dene kita sami dados peranganing Sariranipun Sang Kristus. Rasul Paulus ugi mratelakaken, “Nanging kula gesang namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula” (Galati 2:20). Rasul Paulus ngucapaken bab wau awit sampun rumaos bilih gesangipun menika sampun dados satunggal kaliyan Sang Kristus, malah kepara rumaos bilih gesangipun menika sanes gesangipun piyambak ananging Sang Kristus piyambak ingkang dedalem wonten ing dhirinipun.
Patunggilaning rasul Paulus kaliyan Gusti Yesus Kristus menika mawujud ing sauruting gesangipun ing salebeting nindakaken jejibahan ngundhangaken Injilipun Sang Kristus. Rasul Paulus nate dipun kunjara ing kitha Efesus. Nanging ing pakunjaran wau rasul Paulus lan Barnabas tetep saged memuji mulyakakan Gusti Yesus lan dipun pirengaken dening para tahanan sanesipun. Mekaten ugi ing lelampahanipun martosaken Injil wau rasul Paulus asring nampi pepalang lan kasangsaran wern-werni. Ananging ing sedaya kawontenan rasul Paulus tansah kiyat lan semangat awit prasasat gesangipun sampun saestu manunggil kaliyan Sang Kristus.
Kadospundi kangge kita para kagunganipun Sang Kristus? Inggih sami, gesang kita menika sampun manunggil kaliyan Sang Kristus. Manawi Gusti Yesus sampun dedalem ing dhiri kita, manah kita sampun dipun kuwaosi dening Roh Suci; pikiran kita tumuju dhateng kamulyaning Asmanipun Gusti; Pandamel kita mujudaken karsanipun Gusti Allah piyambak. Pangadikanipun Gusti dados dilah ing ngajenging suku kita lan dados suluh ing margining gesang kita. |*SH