+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 18 Januari 2024 Minggu II Saksampunipun Epifani

Yeremia 19:1-15.; Jabur 62:6-13; Wahyu 18:11-20
GUMANTUNG NAMUNG DHATENG GUSTI ALLAH
“Katentremanku mung ana ing Gusti Allah, amarga
kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane”
(Jabur 62:6)

Ing gesang menika, kita kedah gadhah cepengan, langkung-langkung menawi kita saweg ngadhepi prekawis ingkang awrat, ing pundi kita ugi kedah mendhet keputusan menapa ingkang kedah katindakaken. Asring kita bingung lan mangu-mangu menapa ingkang kedah kita lampahi.
Juru Masmur ngendika: “Katentremanku mung ana ing Gusti Allah, amarga kang dak arep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane”. Sarana ayat menika kapratelakaken bilih kita boten perlu bingung, awit menapa ingkang kita ajeng-ajeng inggih prekawis ingkang kedah kita tindakaken menika pinangkanipun saking Gusti Allah. Sedaya ingkang sae lan leres menika ugi namung wonten ing Gusti Allah.
Kejawi menika kawilujengan kita ugi dumunung wonten ing Gusti Allah. Ing ayat 7 kapratelakaken: ”Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku. Kutha bentengku, aku ora bakal gloyoran”. Peparang ing kala semanten dados papan pangayoman. Dene Kutha benteng menika dados papan pangayoman saking mengsah. Tegesipun, Gusti Allah punika dados panggenan kita pikantuk pangayoman, lan ugi kesebat Kutha benteng ingkang ngayomi saking bebaya.
Pramila, ing ayat 9 Juru masmur ngendika: “He para umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane. Sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane. Gusti Allah iku pangayoman kita”. Sarana ayat menika kita dipun pituturi supados namung kumandel dhateng Gusti Allah. Menapa ingkang dados panguneg-uneg ing manah kita dipun sokaken ing ngarsaning Gusti. Gusti Allah mesthi badhe maringi pepadhang dhateng manah kita. Kita boten pareng ngandelaken manungsaa lan bandha donya.
Sarana pangandikanipun Gusti ing ayat-ayat menika dados cetha bilih gesang kita mesthi badhe wilujeng lan manggih karaharjan menawi kita saestu ngandelaken Gusti Allah ing gesang kita. Kita badhe kaayoman lan katuntun dening Gusti Allah ingkang saestu Mahakuwaos lan Mahaluhur. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *