+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 2 Desember 2023 Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad

Mikha 2:1-13; Jabur 80:1-7, 17-19; Mateus 24:15-31

DIAWAS MARANG NABI-NABI PALSU

Sebab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal padha njedhul, sarta

padha nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan kanggo nasaraké wong. Malah yèn bisa, iya arep nasaraké umat pilihané Gusti Allah”.

(Mateus 24:24)

Saben ngadhepi pemilihan umum, ana wae politisi sing ngomong menawa calon sing didukung iku satria-piningit, malah uga “Ratu Adil” utusane Gusti sing bakal njejegake kaadilan, kabeneran, lan mbabarake tentrem rahayu ing satengahing bangsa. Pangandel bab satria piningit lan ratu adil iku adhedhasar pameca ing tradisi Jawa. Pengarep-arep bab Sang Mesih sing bakal rawuh lan nylametake umat manungsa iku diuripi ing akeh kabudayan lan agama. Pengarep-arep lan pangandel iku digunakne dening politisi kanggo golek swara. Ora mung dening politisi, ana uga saka kaum agama martakne rawuhe kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu kanggo kapentingane dhewe.

Bangsa Indonesia iku pracaya marang Gusti Allah. Emane anggone urip ngabekti lan nindakake piwulang agamane akeh sing mung pracaya tanpa nyuraos lan nitipriksa kanthi nalar sing pener. Saben-saben ana wae sing dianggep pemimpin agama lan dieloni dening wong akeh, nanging malah ketanggor urusan polisi amarga tumindak kriminal, nglumpukne dana umat nanging kanggo kapentingan pribadhi. Malah ana uga sing diukum amarga kasus asusila, ngrodhapeksa murid-muride. Nanging sing nggumunke, sanajan wis cetha bejad lan alane, tetep wae ana sing mbelani adhedhasar ayat-ayat suci lan piwulang agamane.

Gusti Yesus wus mituturi para murid, supaya padha waspadha lan nitipriksa nalika ana pawarta bab Sang Kristus utawa nabi-nabi sing njedhul ing jaman kita. Agama kerep ditunggangi dening kapentingan politik, mung kanggo golek swara, kalungguhan lan kwasa, cara-cara sing ngapusi lan nindhes sanajan nyalahi pranatan tetep dibela lan dibenerke. Nalika kita nemoni kahanan sing kaya ngono, cetha menawa iku kristus palsu lan nabi palsu, gusti allah-e sing diwartakne uga palsu.  |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ