+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 3 Desember 2023 Minggu Adven I

Yesaya 64:1-9; Jabur 80; I Korintus 1:3-9; Markus 13:24-37

PATUNGGILAN UMATE GUSTI

Panjenengane bakal ngutus malaekat-malaekate supaya

ngumpulake umate, sing pinilih saka keblat papat,

yakuwi saka tapel watese bumi sisih tekan sisihe

(Markus 13:24-37)

John Mott miwiti gerakan ekumene ing taun 1910-an. Pengarep-arep rawuhe Gusti Yesus kang kaping pindho kang mrenthul ing patunggilan-patunggilan pasamuwan ndadekne gerakan ekumene ditampa ora mung ing negara-negara Amerika lan Eropa, nanging uga ing Asia lan Afrika. Siji semboyan saka John Mott iya iku supaya Injil bisa diwartakne sadonya ing generasi iku, amarga Gusti bakal rawuh.

Gerakan ekumene iku gerakan greja-greja anggone ngudi patunggilan umate Gusti sakdonya. Abad 20 lan 21 donya terus kagubed lan ngadhepi paprangan gedhe. Sawise perang dunia kapisan isih ana perang dunia kapindho, lanjut ing perang dingin antarane blok barat lan blok timur, perang teluk, terorisme, rusuh ing negara-negara Arab, ISIS, lan tahun 2022 perang antarane Rusia lan Ukrania. Greja sakdonya bisa bebarengan nunggil ing Dewan Gereja Dunia wiwit tahun 1948. Nanging antarane greja siji lan sijine tetep wae ora nunggil amarga urusan organisasi, ajaran, pangibadah lan pranatan grejane dhewe-dhewe.

Dina iki Minggu Adven kapisan. Samekta mapag rawuhe Gusti Yesus kang kapindho iku salah siji tandhane sedya ngestokne timbalan mujudake patunggilan umat. Aja ngenteni ngudi patunggilan mengko nalika Malaekate Gusti wus kautus nglumpukake umat sing pinilih supaya nunggil. Iba rahayune menawa para sadulur padha tetunggilan kanthi rukun. Pasamuwane Gusti iku katunggilake dadi siji, siji Gusti, siji iman, siji baptisan, siji badan, siji Roh, lan pengarep-arep sing siji.

Donya kisruh lan pecah ing padudon, pasulayan, lan paprangan amarga ora gelem nunggil dadi siji. Pasamuwan sing nunggil dadi siji iku tandha sing pesthi, kababaring jaman anyar, rawuhe Kratone Gusti Allah ing donya iki. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ