Zakharia 14:1-9; Jabur 80:1-7, 17-19; I Tesalonika 4:1-8
URIP KAJEN
(I Tesalonika 4:11-12)
Ana piwulang Jawa mangkene: Ajining dhiri gumantung saka lathi. Ajining sarira gumantung saka busana. Wong ora bisa nitipriksa lan meruhi apa sing ana ati utawa batine wong liya. Sing bisa disawang mung sing kasat mripat, sing katon lan kelair. Nanging nyawang wong liya iku uga ora gampang, akeh sing kleru anggone milih, kamangka sing kapillih iku bakale ngasta kalungguhan lan panguwasa sajrone limang tahun ing satengahing bangsa.
Pasamuwan Kristen katimbalan supaya uripe nulad marang Sang Kristus, kang jumeneng minangka Sesirah, lan Ratuning pasamuwan. Ing brayat Kristen, sanajan sacara administrasi pemerintahan suami utawa bapak iku dadi Kepala Keluarga, nanging sejatine Gusti Yesus kang kagungan pangwasa mranata lan ngreksa tata urip kulawarga. Lan iya suami lan istri, wong tuwa lan anak-anak iku patunggilan pasamuwane Gusti kang sumuyud lan ngestokake dhawuh lan kersane Gusti Yesus kang jumeneng Sesirah.
Dina iki sabdane Gusti ngelingake kita, supaya ngudi urip sing kajen ing satengahing tata urip bebarengan. Urip kajen iku lelawanan karo pansos, tegese panjat sosial, terkenal ing media sosial amarga tumindake. Kajen iku lelawanan karo caper, tegese cari perhatian ben dadi viral. Jaman iki akeh sing lamis supaya dialem dening wong liya. Lan kojur nalika konangan iku mung ngapusi, amarga uripe satenane jane ora kaya sing dipamerke liwat media.
Urip kajen iku diwiwiti saka awake dhewe, anggone ngurus prekarane dhewe, ngupaya rejekine dhewe, ora gumantung wong liya anggone nyukupi kabutuhane. Urip kajen iku mandiri. Malah sokur-sokur dadi dalane berkah, anggone tetulung lan leladi marang wong liya. Mugi kita kasantosakne mujudake urip kajen. |*YTP