+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 30 November 2023,  Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad

Zakharia 13:1-9; Jabur 80:1-7, 17-19: Wahyu 14:6-13

JANJI LAN PANYUWUNAN

Kawula sami mboten badhe nyleweng saking Paduka, kawula mugi

Paduka gesangi, satemah badhe nyebut asma Paduka

(Jabur 80:19)

Kula enget wonten wicantenan ing radhio ing antawisipun lare kaliyan pakdhenipun. Si lare dipun ajak nonton kethoprak. Si lare ingkang suwaunipun mboten purun, lajeng purun awit  badhe dipun traktir bakso.

Juru masmur punika ngaturaken janjinipun dhumateng Gusti Allah. Juru masmur janji mboten badhe nyleweng  saking Gusti Allah, janji badhe dados umatipun Gusti Allah ingkang mbangun turut dhumateng Panjenenganipun. Juru masmur punika nyebut umat Israel minangka wit anggur ingkang kapundhut saking tanah Mesir, katanem ing tanah prasetyan ngantos ngoyod lan ngedalaken woh ingkang sampun karaosaken dening tiyang katah, dumugi pundi-pundi. Nanging sapunika wit anggur punika sampun sami risak, pageripun jugrug, wohipun dipun tedha sato kewan ing ara-ara.

Bab punika nelakaken kados pundi kawontenanipun bangsa Israel nalika semanten. Risak, nelangsa, (merana). Punapa sebabipun? Awit dosa-dosanipun. “Kawula mugi sami Paduka gesangi.” Panyuwunan punika gegayutan kaliyan janji ingkang kaucapaken “Kawula sami mboten badhe nyleweng saking Paduka.” Juru masmur nyuwun bangsanipun kapulihaken. Janji anggenipun mboten badhe nyleweng (malih) punika kasarengan panyuwunan.

Kados pundi tumraping gesang kita? Punapa kita ugi nate nelakaken janji-janji dhumateng Gusti Allah kakanthenan panyuwunan? Contonipun: kawula badhe cecawis kanthi temen-temen, kawula nyuwun lulus testing. Punapa janji lan panyuwunan ingkang kados mekaten punika klentu? Punapa panuwunan  ingkang kados mekaten punika dipun awisi? Kula kinten mboten. Ingkang penting punapa janji kita punika kita tetepi? Kejawi punika, punapa janji kita punika nelakaken sebab-akibat? Nindakaken janji punika supados Gusti maringi panyuwunan kita? Janji lan panyuwunan punika sanes sebab-akibat. Panyuwunan kita dhumateng Gusti kaparingaken miturut kersanipun. Dene janji kita punika mujudaken tanggapan kita awit kasaenanipun Gusti dhateng kita. Amin |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ