+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 29 November 2023,  Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad

Yeheskiel 33:7-20; Jabur 7; Yokanan 5:19-40

DADI WONG JAGA

Dene sira, he, anaking manungsa, sira Sundadekake penjagane

para turune Israel. Samangsa sira krungu pangandikaning-Sun,

wong-wong iku padha elingna atas asmaning-Sun

(Yeheskiel 33:7)

Ing papan-papan ingkang wigatos kadosdene bank, kantor pamarentah, sekolah, pabrik punika limrahipun wonten petugas ingkang njagi 24 jam. Tiyang ingkang jagi punika tugasipun njagi keamanan, ngawasi tiyang-tiyang ingkang dhateng ing papan punika. Ingkang sami dhateng punika tiyang-tiyang sae punapa tiyang-tiyang awon, tiyang-tiyang ingkang panci gadhah kapentingan utawi badhe damel rusuh. Menawi kedadosan wonten rerusuh, gegeran, kawontenen kisruh temtu punika tanggel jawabipun ingkang njagi papan punika.

Bangsa Israel ugi prelu dipun jagi, mila Sang Yehuwah ngangkat nabi Yeheskiel minangka penjaginipun Israel. Tugasipun Yeheskiel mboten njagi Israel awit dhatengipun mengsah saking njawi, nanging mengsah saking lebet, inggih punika saking dhirinipun piyambak. Bangsa Israel kaancam dening polahipun piyambak ingkang duraka, ingkang lelawanan kaliyan kersanipun Sang Yehuwah. Gesangipun bangsa Israel saged tumuju dhateng kamursidan nanging ugi saged tumuju dhateng kamursalan. Bangsa Israel saged suci gesangipun, nanging ugi saged duraka. Kasucen lan kadurakan saged gilir-gumantos ndhatengi bangsa Israel. Mboten wonten tiyang mursid saged mursid salaminipun. Saged kemawon ing satunggaling wekdal dados tiyang mursal/duraka. Mboten wonten tiyang duraka salaminipun nindakaken kadurakan.  Saged kemawon ing satunggaling wekdal dados tiyang mursid. Nabi Yeheskiel kaparingan ayahan njagi bangsa Israel supados wekasanipun dados bangsa ingkang mursid, ingkang kaparingan gesang dening Sang Yehuwah.

Panci  pejah lan gesang punika hakipun Gusti Allah, ewasemanten kita gadhah tanggel jawab tumrap sesami kita. Mila kita sedaya ugi katimbalan dados penjagi, tiyang ingkang njagi sesami kita, kados-dene nabi Yeheskiel. Kita kadhawuhan ayahan njagi sesami kita supados wekasanipun nampi gesang, sanes pejah. Srana dados penjaginipun tiyang sanes sajatosipun kita ugi dados penjaga tumrap dhiri kita piyambak. Supados wekasanipun kita nampi kawilujengan awit kamursidan kita, sanes paukuman awit kadurakan kita. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ