Pangentasan 17:1-7; Jabur 78:1-4, 12-16; Filipi 2:1-13; Lukas 21:23-32 NGESTOKAKEN DHAWUHIPUN GUSTI “Nabi Musa iya tumuli ngestokake kaya mangkono ana ngarepe tuwa-tuwane Israel“ (Pangentasan 17:6b) Tiyang ingkang dados pemimpin punika mbetahaken pirantos kepemimpinan antawisipun inggih punika a. Seserepan bab mimpin, b. Tansah purun sinau, c. Tansah nyuwun pitulungan lan kawicaksanan saking Gusti. Nalika Nabi Musa lan umat Israel dumugi ing Rafidim. Ing papan punika boten wonten toya, lan bangsa Israel madoni Nabi Musa. Nabi Musa ngajak umat Israel supados boten madoni panjenenganipun lan nyobi dhateng Pangeran Yehuwah. Umat Israel malah ngundhomono nabi Musa lan boten saged ngendaleni diri, malah badhe mejahi Nabi Musa (Pangentasan 17:2-4c). Ngadhepi kawontenan punika Nabi Musa sowan ing ngarsanipun Sang Yehuwah, nyuwun pitulungan; punapa ingkang kedah dipun tindakaken? Sang Yehuwah paring dhawuh: supados Nabi Musa kairingaken dening tuwa-tuwaning umat Israel mlampah ing sakngajenging umat kanthi mbekta teken ingkang kangge nyabet bengawan Nil. Nabi Musa midherek punapa ingkang dados dhawuh pangandikanipun Sang Yehuwah, teken dipun sabetaken ing parang redi Horeb, matemah medal toyanipun lan umat Israel saged nampeni toya. Lumantar dawuh pangandikanipun Gusti punika kita saged nampeni piwucal, bilih: Sumangga ing saklebeting mbabaraken gesang kanugrahanipun Gusti punika kita tansah nyepengi piwucal ing nginggil. Punika ugi boten gampil, awit ing saklebeting mbabar gesang kanthi nyepengi piwucal saking Gusti taksih wonten panggodha. Mila saking punika kedah wonten krenteging manah ingkang saestu lan lajeng dipuntindakaken kanthi tansah nyuwun pitulunganipun Gusti. Mugi kita sami saged nampeni karaharjan ing gesang awit berkahipun Gusti. |*SB
Setu, 30 September 2023 Minggu Limrah XXI
Wilangan 27:12-14; Jabur 78:1-4, 12-16; Markus 11:27-33 TANDHA PANGRIMATIPUN GUSTI “ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega, ing wayah bengi kalawan padhanging geni.” (Jabur 78:14) Ngrimati punika dados salah satunggaling tumindak ingkang mboten namung katindakaken sepisan kemawon. Contonipun ngrimati taneman punika kedah kanthi rutin anggenipun nyirami, ngrabuk, lan sapiturutipun. Intinipun ngrimat menika ateges pakaryan ingkang tansah dipuntindakaken. Tujuanipun dipun rimati supados taneman punika saged tuwuh, ngrembaka, lan ngedalaken woh. Gusti Allah ingkang akarya jagad ugi kersa ngrimati titahipun. Gusti Allah tan kendhat anggenipun ngrimat sedaya titah lumantar katresnanipun. Salah satunggalipun bukti bilih Gusti Allah ngrimati inggih punika lumantar pengalaman gesangipun bangsa Israel. Kathah bukti ingkang nyariyosaken bilih Gusti Allah tansah ngrimat umat kagunganipun. Kados kekidungan wonten ing kitab Jabur anggitanipun Asaf ingkang nyariyosaken kados pundi pangrimatipun Allah menika ketingal elok. Wonten ing sedaya kawontenan Gusti Allah tansah nganthi saha nuntun umatipun. Nalika umat mlampah wonten ing ara-ara samun. Siyang dalah ratri umat dipun tuntun wonten ing pangrehipun. Panjenenganipun ingkang mangertosi menapa ingkang dipun betahaken dening umat kagunganipun. Bilih nalika siyang ingkang kawontenanipun benter, Gusti Allah nuntun umatipun srana mega. Dene ing dalu ingkang peteng, Gusti Allah ugi maringi padhang srana geni, supados madhangi margi ingkang badhe dipun lampahi dening umat. Geni punika ingkang ngayomi umat saking hawa asrep wonten ing ara-ara. Inggih kados makaten tandha pangrimatipun Gusti Allah, dhateng lelampahan gesang ingkang dipun raosaken dening umat Israel kala semanten. Mekaten ugi gesanging umatipun Gusti ing jaman sakpunika. Pangrimatipun Gusti tansah kababar ing gesang kita. Saben wekdal Gusti Allah maringi berkah ingkang boten saged dipun etang. Punika dados tandha pangrimatipun Gusti Allah wonten ing sauruting gesang kita. |*SEP
Jemuwah, 29 September 2023 Minggu Limrah XXI
Wilangan 20:1-13; Jabur 78:1-4, 12-16; Lelakone Para Rasul 13:32-41 PAWARTOS KABINGAHAN “Pramila ndadosna ing kauningan, para Sadherek, margi saking Panjenenganipun punika, panjenengan sadaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa…” (Lelakone Para Rasul 13:38a) Jaman samangke kathah pawartos ingkang sumebar lumantar handphone. Sae menika pawartos ingkang wosipun ndadosaken ajrih lan was sumelang, punapa dene pawartos ingkang wosipun ndayani saha nuwuhaken raos bingah. Anggenipun nampi pawartos kedah kanthi wicaksana, amargi kathah pawartos ingkang ngapusi, ananging ugi kathah ingkang leres. Kita sadaya tamtu nggadhahi pangajeng-ajeng manawi nampi pawartos punika nggih ingkang sae kemawon miturut kabetahan kita. Nalika rasul Paulus lan Barnabas dumugi ing Antiokhia, kekalihipun tindak dhateng ing papan pangibadah. Sasampunipun kawaosaken angger-anggreing Toret lan kitab para nabi, para punggawaning papan pangibadah nyuwun supados Paulus lan Barnabas medhar pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat. Rasul Paulus lajeng jumeneng saha medhar pangandika minangka pawartosing kabingahan. Wosing pangandika punika bab pakaryanipun Gusti Allah ingkang kawiwitan saking lelampahaning bangsa Israel lan tedhak turunipun, dumugi rawuhipun Gusti Yesus Kristus ingkang milujengaken jagad. Gusti Allah ingkang ngasihi dhateng jagad, sampun masrahaken ingkang Putra kangge milujengaken manungsa saking dosa. Rasul Paulus nelakaken supados pawartos punika dados kauningan dhateng pasamuwan. Punapa ingkang dipun wedharaken dening Paulus jumbuh kaliyan ingkang kasuwun dening punggawaning papan pangibadah. Pasamuwan nampi panglipur jati saha pambanguning kapitadosanipun. Punapa ingkang dipun ngendikakaken dening rasul Paulus punika ugi minangka pawartos kabingahan tumrap kita. Kita kaparingan panganpuntening dosa lumantar pakaryanipun Gusti Yesus Kristus. Punika dados pratandha bilih Gusti Yesus nresnani kita. Pawartos punika estunipun mbingahaken tumraping kita ingkang pitados. Pramila sumangga tansah saos sokur. |*SEP
Kemis, 28 September 2023 Minggu Limrah XXI
Yesaya 48:17-21; Jabur 78:1-4, 12-16; Yakobus 4:11-16 KARAHAYONING TIYANG KANG NGABEKTI “Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.” (Yesaya 48:18) Rahayu punika mboten namung ateges slamet ananging ugi begja. Dene begja punika gegayutan kaliyan prekawis ingkang damel mareming manah. Prekawis ingkang maremaken manah mboten namung magepokan kaliyan punapa ingkang ketingal, ananging ugi estu karaosaken wonten ing telenging batos. Tiyang ingkang rahayu punika mboten namun kaetang mawi ukuraning bandha ingkang dipun gadhahi, ananging ugi kawruh saha patrap gesang ingkang dipun udi cundhuk kaliyan dhawuhipun Gusti. Nabi Yesaya ngemutaken kados ingkang kaserat wonten ing ayat 18 “Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.” Gegambarang tiyang ingkang rahayu punika kadya lepen ingkang mboten nate asat malah luber kadya ombaking saganten ingkang mboten nate mandeg. Pitakenanipun kados pundi anggenipun ngudi karahayon punika? Miturut pangandika ingkang kawedhar dening nabi Yesaya, tiyang ingkang ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah wonten ing gesang padintenan punika, ingkang kasebat tiyang ingkang rahayu. Ananging saestu cilaka, manawi wonten tiyang ingkang ketingal sae ing tata lair, ananging karohanenipun asat lan garing. Mila gesanging kajasmanen lan karohanen punika kedah seimbang. Saben tiyang kepareng makarya lan nggadhahi pangajeng-ngajeng gesang ingkang mulya. Ananging kedahipun ugi dipun imbangi srana ngudi tata gesang karohanen iggih punika ngestokaken dhawuhipun Gusti. Dhawuhipun Gusti menika minangka teken saha cepengan, supados sampun ngantos dhumawah ing perkawis ingkang mboten sae. Dados mboten ateges tiyang Kristen punika mboten pareng pados rejeki supados mulya. Tiyang Kristen dipun keparengaken pados bandha lan kabetahaning gesangipun kanthi lampah lan cara ingkang trep lan jumbuh kaliyan dhawuhipun Gusti. Ananging karahayon ingkang sejati punika badhe karaosaken nalika saben tiyang tansah ngabekti mring Gusti.|*SEP
Rebo, 27 September 2023 Minggu Limrah XXI
Wilangan 11:18-23, 31-32; Jabur 119:97-104; Matius 18:1-5 NGGEGILUT ANGGER-ANGGERIPUN GUSTI “Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka, sadinten muput kawula gilut-gilut.” (Jabur 119:97) Lare sekolah minggu asring ngidungaken pepujen ingkang kados makaten: Baca Kitab Suci doa tiap hari, doa tiap hari, doa tiap hari Baca Kitab Suci doa tiap hari kalau mau tumbuh Kalau mau tumbuh, kalau mau tumbuh Baca kitab Suci doa tiap hari kalau mau tumbuh Pepujen punika dados pemut supados saben tiyang, kawiwitan saking taksih alit dipun tepangaken kaliyan Kitab Suci lan sianu ndedonga saben dinten. Dados wiwit saking lare alit sampun dipun wulangaken bab disiplin karohanen, supados kawontenaning iman lan kapitadosanipun dhumateng Gusti punika sangsaya tuwuh, lan sangsaya kiyat. Satemah nalika dhiwasa sampun biasa anggenipun ndedonga saha maos Kitab Suci, nggegilut lan nindakaken dhawuhipun Gusti Allah wonten ing gesang padintenan. Kanthi mekaten saben tiyang gadhah raos tresna dhateng angger-angger saha dhawuhipun Gusti. Sawernining tumindak manawi sampun biasa utawi asring dipun tindakaken, temah saged nuwuhaken raos tresna. Kados tresna dhateng angger-anggeripun Gusti, punika ugi kedah kanthi cara dipun epangaken rumiyin kawiwitan saking lare utawi dipun biasakaken. Juru Mazmur nelakaken raos tresnanipun dhateng angger-angeripun Gusti, malah anggenipun nggegilut menika sadinten muput. Ingkang dipun pratelakaken dening Juru Masmur punika katindkaaken mboten namung sepindah utawi kaping kalih, ananging katindakaken kanthi rutin. Sinten ta tiyang ingkang saged nggegilut angger-anggeripun Gusti sedinten muput? Inggih namung tiyang ingkang tresna dhumateng Gusti Allah kemawon. Tiyang ingkang nggegilut angger-anggeripun Gusti Allah, mboten namung saged ngucapaken kanthi jangkep, ananging ugi saged nindakaken angger-anggeripun Gusti Allah ing gesangipun. Punapa kita ugi nggadhahi raos tresna dhateng angger-anggeripun Gusti? Punapa kita saestu purun nggegilut srana nindakaken dhawuhipun Gusti Allah wonten ing gesang padintenan? |*SEP
Renungan Harian Sadhar Oktober 2023
Tema: Brayat Gesang Wonten ing Pangajeng-ajeng Klik Disini Untuk Mengunduh Bahan Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone. unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar
Tata Ibadah HPII dan HPKD 2023
JAKARTA,PGI.OR.ID-Perayaan Hari Perjamuan Kudus seDunia (HPKD) yang dirangkaikan dengan Hari Pekabaran Injil Indonesia (HPII) akan kembali dilaksanakan oleh Persekutuan Gereja-Gereja di Indonesia (PGI) setiap bulan Oktober 2023. Hal ini mengingatkan kita akan pengorbanan Kristus di kayu salib yang mendorong kita untuk semakin mewujudnyatakan kesatuan gereja-gereja sebagai tubuh Kristus, terutama dalam mewartakan Injil damai sejahtera Allah bagi semua. Di 2023 ini, HPKD dan HPII dirayakan pada Minggu, 1 Oktober 2023, dengan tema “PERINTAH ALLAH, YA DAN LAKUKAN (MATIUS 21:23-32), menggunakan Tata Ibadah Gereja Kristen Protestan Mentawai (GKPM). Untuk mendapatkan Tata Ibadah HPKD dan HPII 2023 dalam bentuk pdf, silahkan klik di bawah ini. Tata Ibadah HPII dan HPKD 2023 Surat Pengantar HPII & HPKD_2023
Informasi Lowongan Pekerjaan Tenaga Dokter dan Kefarmasian Klinik Pratama UKSW
Kepada Yth: Sinode Gereja Pendukung YPTK Satya Wacana di alamat masing masing. Dengan hormat, Terlampir kami kirimkan surat no 211/A/YSW-2/IX/2023 perihal Informasi Lowongan Pekerjaan Tenaga Dokter dan Kefarmasian Klinik Pratama UKSW Surat juga kami kirimkan melalui expedisi Pos. Demikian Pemberitahuan dari kami,terimakasih atas perhatiannya. Salam sekretariat YPTKSW Informasi Lowongan Pekerjaan
Seruan Dies Natalis STFT Jakarta ke 89
Yang kami kasihi, 1. Majelis Sinode Gereja Pemilik/Pendukung STFT Jakarta2. Majelis Jemaat Gereja Pemilik/Pendukung STFT Jakarta Pertama izinkan kami menyampaikan rasa syukur atas penyertaan Tuhan Yesus Kristus melalui kehadiran gereja-gereja yang setia mendoakan dan mendukung Sekolah Tinggi Filsafat Theologi (STFT) Jakarta dalam berbagai bentuk. Menjelang perayaan Dies Natalis ke-89 Sekolah Tinggi Filsafat Theologi (STFT) Jakarta, melalui email ini, kami kembali menyampaikan surat Seruan Dies Natalis untuk Sinode dan Jemaat Gereja Pemilik/Pendukung STFT Jakarta (surat terlampir) sekaligus kami kirimkan juga Berita Dari Proklamasi untuk edisi April – Juli 2023. Mohon dapat diterima dengan baik. Atas perhatian dan dukungan yang diberikan, kami haturkan terima kasih. Kiranya Allah Trinitas senantiasa melingkupi hari- hari kehidupan kita dan penyertaan-Nya akan menolong kita menjalankan panggilan-Nya untuk terus menjadi berkat bagi sesama. a.n. Pengurus Yayasan Lembaga Perguruan Tinggi Teologi Indonesia Camellia Kiki Encahyani, SPKepala Bagian Umum/Personalia STFT Jakarta & Administratur Yayasan LPTTI. Unduh : Seruan Dies Natalis ke 89 STFT Jakarta Berita Proklamasi April 2023 – Juli 2023
Senen, 18 September 2023 Minggu Limrah XX
Yusak 3:1-17; Jabur 77; Ibrani 11:23-29 SESUCI DHIRI “Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.” (Yusak 3:5) Adhakanipun Barang ingkang reged punika manawi badhe dipun ginakaken kedah dipun resiki langkung rumiyin, amrih saged dipun ginakaken. Umpaminipun manawi badhe tilem kedahipun kasur punika dipun tebahi rumiyin, supados resik temah saged kaginakaken kangge ngaso kanthi sekeca. Mboten namung ngengingi barang utawi papan kemawon ingkang kedah dipun resiki, ananging ugi ngengingi bab kawontenaning manah. Manah ugi kedah dipun resiki, awit saking manah punika tuwuh pepenginan utawi motivasi ngengingi bab ingkang sae lan ingkang awon. Ngresiki manah punika tegesipun sesuci dhiri. Mila tujuanipun sesuci dhiri inggih punika mbucal sedaya pepengingan kadangingan ingkang tuwuh ing manah, ingkang mboten nyondhongi karsanipun Gusti. Saderengipun nyabrang bengawan Yarden, Yusak paring dhawuh dhateng para umat Israel supados sesuci dhiri, kagem cecawis anggenipun badhe nampi saha ngraosaken pakaryanipun Gusti. Umat kedah nucekaken dhirinipun kanthi mbucal pikajengan ingkang mboten dipun kersakaken dening Gusti. Ancas tujuanipun inggih punika supados umat nyawisaken manah ingkang resik lan ngener dhateng karsanipun Gusti. Sesuci dhiri saking bab ingkang saged dados pepalang ingkang mijil saking manah, supados umat mboten ngener dhateng kakiyatan kamanungsan, ananging ngener dhateng karsanipun Gusti. Sesuci dhiri punika penting. Kita sadaya ugi kadhawuhan supados tansah sesuci dhiri. Nyingkiraken pikajeng ingkang awon, supados manah kita resik, supados gesang kita tansah ngener dhumateng karsanipun Allah. Kita kedah tansah eling lan waspada, awit kathah bab ingkang saged damel manah kita reged. Sumangga ing saben wekdal lan kawontenan kita tansah sesuci dhiri. |*SEP




