Pangentasan 14:19-31; Jabur 114; Rum 14:1-12; Mateus 18:21-35 NGAPUNTENI KANTHI TRUSING ATI “Samono uga Ramaku kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumraping kowe, menawa kowe siji lan sijine ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi trusing ati.” (Mateus 18:35) Piwucal bab ngapunteni punika sampun kita tampi wiwit kita taksih alit. Para tiyang sepuh punapa dene Bapak lan Ibu Guru asring mucal bab ngapunteni. Asring kita ningali bilih lare alit punika asring gampil kerengan karana bab ingkang sepele, ananging ugi gampil anggenipun sami ngapunteni mila lajeng saged sareng-sareng dolanan malih. Saking ngriku kita mangertos bilih Lare alit punika adakanipun awis-awis ingkang rumaos gengsi kagem nyuwun pangapunten punapa dene ngapunteni. Ngapunteni punika dados bab ingkang wigati tumrap gesanging manungsa. Kenging punapa? Inggih awit manungsa punika asring damel kaluputan. Bab menika karana kawontenaning manungsa ingkang kebak ing karingkihan. Ngapunteni punika dados sarana kangge mulihaken sesambetan. Ngapunteni mboten namung kawedhar saking lathi ananging ugi kedah tuwuh saking manah. Ateges anggenipun ngapunteni punika boten lamis. Gusti Yesus paring pangandika dhateng Petrus ingkang nyuwun pirsa ngengingi bab kaping pinten anggenipun ngapunteni sadherek ingkang lepat. Gusti Yesus nelakaken bilih ngapunteni punika kaping pitung dasa ping pitu. Pangandikanipun Gusti punika ngemu suraos bilih ngapunteni punika kedahipun tanpa wates. Liripun bilih nalika manungsa punika taksih kaparingan wekdal nglajengaken gesang ing ngriku ugi manungsa kaatag supados ngapunteni. Gusti Yesus paring gegambaran wontenipun abdi ingkang damel lepat, lajeng mboten purun sami ngapunteni. Saking gegambaran menika Gusti Yesus ngemutaken kados ingkang kaserat wonten ing ayat 35 supados sami ngapunteni kanthi trusing manah. Gusti kersa paring pangapunten dhateng kita sinaosa kita asring nindakaken kalepatan. Kita Dipun paringi pangapunten, karana Gusti nresnani saha kepareng mulihaken gesang kita. Tumraping tiyang ingkang nampi pangapunten saking Gusti, kaatag supados purun nyaosi pangapunten dhateng sesaminipun kanthi trusing manah. |*SEP
Setu, 16 September 2023 Minggu Limrah XIX
Pangentasan 15:19-21; Jabur 114; Mateus 6:7-15 PAWESTRI INGKANG PINIJI “Ibu Miryam tumuli ngidung mimpin para wong wadon mau, wiraose: Padha ngidungna kagem Pangeran Yehuwah, awit linuwih kaluhurane, jaran lan kang nunggangi padha dicegurake ing sagara.” (Pangentasan 15:21) Ing jaman samangke sampun kathah pawestri ingkang dados pemimpin. Sae punika wonten ing tataran pamarintahan, wonten ing pawiyatan, ing satengahing pasamuwan lan sanesipun. Indonesia ugi sampun nate dipun pimpin dening pawestri, inggih menika Ibu Megawati Soekarno Putri ; minangka Presiden Indonesia ingkang kaping gangsal. Emansipasi wanita sampun sumrambah wonten ing gesanging pasamuwan. Kajawi kathah Pandita estri ingkang kapiji dening Gusti Allah, ugi kathah Para pawestri ingkang pinilih dados Pinisepuh saha Diaken. Nalika Musa piniji dados Nabi saha pemimpin, ing jaman semanten ugi sampun wonten Nabiah ingkang kapiji dening Gusti Allah, inggih punika Ibu Miryam. Sampun cetha bilih wiwit jaman purwa golonganing pawestri ugi dipun agem dados sarana ngluhuraken Asmanipun Gusti Allah. Sasampunipun Bangsa Israel tinuntun dening Gusti Allah, nyabrang sagara Teberau, sadaya sami ngrepekaken kidung pamuji konjuk Gusti. Ibu Miryam minangka pemimpin, ngatag supados para umat ngidungaken kidung pamuji konjuk Gusti ingkang Mahaluhur, awit pakaryanipun ingkang ageng, ingkang sampun tumerah dhateng para umat. Wontenipun Nabiah nalika jaman semanten, nelakaken bilih Gusti Allah mboten mbenten-mbentenaken sadaya tiyang. Sinaosa ing jaman kala rumiyim menika nengenaken budaya patriarki, inggih ingkang dados pamimpin menika para kakung. Ananging Gusti Allah kersa miji lan nimbali Ibu Miryam lelados dados pemimpin. Gusti ngeparengaken sadaya tiyang sae menika jaler menapa dene estri kagem nindakaken peladosan lumantar talenta lan kasagedanipun. Kita sadaya dipun piji dening Gusti Allah minangka Pandherekipun, pramila sumangga kita ngginakaken wekdal makarya lan lelados kanthi tumemen. Mugi punapa ingkang kita tindakaken punika tansah ngluhuraken Asmanipun Gusti Allah. |*SEP
Jemuwah, 15 September 2023 Minggu Limrah XIX
Pangentasan 14:1-18; Jabur 114; Lelakone Para Rasul 7:9-16 TIYANG INGKANG BINERKAHAN “Margi saking drengkinipun, para bapa leluhur kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng Mesir, nanging Allah nunggil kaliyan penjenenganipun, sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih rahmat tuwin kawicaksanan” (L. Para Rasul 7:9-10a) Berkah punika pinangkanipun awit saking Gusti Allah. Ingkang kasebat berkah punika sanes ingkang namung wujud bandha lan kasugihan kemawon. Gusti mboten namung maringi berkah ingkang ketingal kajasmanen, ananging ugi berkah karohanen. Berkah punika ugi ingkang saged dipun raosaken ing salabeting manah, kadosta panganthi saha pangrimatipun Gusti. Manawi kita saged ngraosaken panganthi saha pangrimatipun Gusti Allah ingkang tan kendhat wonten ing gesang menika, mila sejatosipun kita kasebat tiyang ingkang binerkahan. Nalika Stefanus dipun dangu dening Imam Agung ngengingi pakaryan lan mukjijat ingkang dipun tindakaken, piyambakipun lajeng paring paseksi, bilih punapa ingkang dipun tindakaken punika inggih karana kuwaosipun Gusti Allah, ingkang nunggil ing gesangipun. Stefanus saestu ngraosaken bilih piyambakipun menika dados tiyang ingkang binerkahan. Mboten namung Stefanus ingkang ngraosaken berkahipun Gusti, ananging wiwit saking Rama Abraham ngantos dumugi tedhak turunipun, Gusti Allah ugi kersa nelakaken berkahipun. Para leluhur punika ugi kasebat tiyang ingkang binerkahan. Yusuf kasebataken dados tiyang ingkang binerkahan. Sinaosa Yusuf dipun sade dening para sedherekipun, ananging Gusti Allah tansah nunggil wonten ing gesangipun. Piyambakipun dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun. Kajawi punika Yusuf ugi ingangkat dados panguwaos ing negari Mesir. Manawi kita dipun paringi kekiyatan lumampah ing gesang kita ngantos dumugi wekdal samangke, punika karana berkahipun Gusti. Langkung-langkung nalikanipun kita saged tetep kiyat ngadhepi kawontenan ingkang awrat wonten ing satengahing pageblug covid-19. Sinaosa kawontenanipun winates kita taksih saged makarya lan lelados. Manawi makaten menapa kita rumaos saha ngakeni bilih kita punika tiyang ingkang binerkahan? |*SEP
Kemis, 14 September 2023 Minggu Limrah XIX
Pangentasan 13:17-22; Jabur 114; I Yokanan 3:11-16 GUSTI NUNTUN LAMPAH KITA “Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.” (Pangentasan 13:18) Kadya tiyang sepuh nuntun putranipun ingkang nembe saged mlampah, astanipun nggandheng lare wonten ing margi. Manawi marginipun wonten kendaran mesthi badhe ngendika “awas” lajeng dienggokaken dhateng papan ingkang aman, supados sampun ngantos lare menika cilaka. Inggih kados makaten anggenipun Gusti ngirid gesanging umat Israel. Nalika Prabu Pringon sampun nglilani bangsa Israel sami medal saking Mesir. Bangsa Israel katuntun dening Gusti Allah mboten medal ing negarinipun tiyang Filistin, ananging dienggokaken dhateng Pasamunan ing saurutipun seganten Teberau. Sejatosipun manawi medal wonten Filistin punika langkung celak. Sinaosa bangsa Israel kedah mlampah ing margi ingkang tebih, Gusti Allah tansah nuntun. Panuntunipun Gusti Allah ndayani umat saged mlampah. Siyang dalah ratri Gusti nelakaken panuntunipun srana maringaken tugu mega lan tugu geni. Tugu mega lan tugu geni mboten nate gumisir saking ngajengipun bangsa Israel. Gusti Allah mboten nuntun umatipun tumuju dhateng ing kacilakan ananging manggih ing karahayon. Gusti nuntun lampah kita wonten ing sakuruting wekdal, papan lan kawontenan. Sinaosa kita manggihi lampah ingkang mboten gampil, rumpil, kawontenan sedhih lan kuciwa ingkang kita raosaken, sadaya punika badhe gilir gumantos. Sampun ngantos kita kecalan pangajeng-ajeng. Gilir-gumantosing wekdal saha kawontenan mboten ateges Gusti negakaken. Gusti tansah nuntun kita sadaya. Panuntunipun tan kendhat. Wontena pundi purug kita, Gusti Allah tansah nganthi kita. Punapa kita saged kita ngraosaken panuntunipun Gusti Allah? Sumangga tansah pitados bilih Gusti Allah tansah mirsani kawontenan kita. Nalikanipun kita dhawah, Gusti ingkang mitulungi, nalika kita sedhih, Gusti ingkang nglipur. Kadya tiyang sepuh ingkang tansah nggatosaken lampah saha polahing larenipun. Makaten ugi Gusti Allah tansah nggatosaken lan ngrimati gesang kita.|*SEP
Masa Adven Natal 2023
Tema: “Menyambut Kristus dalam Pengharapan” Diterbitkan oleh: Lembaga Pembinaan dan Pengaderan Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa dan Sinode GKI Wilayah Jawa Tengah Pengantar Puji syukur kita naikkan kepada Tuhan Yesus Sang Raja Gereja karena kasih dan penyertaan-Nya saja maka buku ini bisa hadir di tengah kita. Buku Masa Adven Natal 2023 ini terbit juga karena dukungan dari para sahabat yang menjadi Tim Penulis Masa Adven Natal. Oleh Sebab itu saat ini kami mengucapkan terima kasih kepada: Masa Adven Natal 2023 mengambil tema “Menyambut Kristus dalam Pengharapan. Tema ini diambil terkait dengan kondisi bangsa jelang Pemilu Februari 2024. Kiranya kita terus memiliki pengharapan akan kondisi bangsa yang terus membaik melalui Pemilu tersebut dengan dasar iman kita kepada Kristus yang telah lahir di dunia membawa pengharapan. Kiranya buku ini bermanfaat dan memberikan inspirasi bagi gereja/jemaat dalam mempersiapkan masa Adven Natal di gereja masing-masing. Untuk itu sangat disarankan agar bahan-bahan di dalam buku ini diolah lagi sesuai dengan kebutuhan dan kondisi jemaat masing-masing. Selamat mempersiapkan Adven dan Natal. Tuhan Yesus Sang Juruselamat kiranya terus memberkati semua. Yogyakarta, 11 Juli 2023 Salam dalam kasih Tuhan, Kami yang di LPP Sinode, Pdt. Wisnu Sapto Nugroho Pdt. Murtini Hehanussa Bahan Masa Adven Natal 2023 dapat diunduh melalui link berikut ini: Bahan Masa Adven Natal 2023_MsWord, Ukuran: 3.4 MB (Downloaded: 295) Bahan Masa Adven Natal 2023_pdf, Ukuran: 2.6 MB (Downloaded: 219) Bahan Mangsa Adven Natal 2023_Ms Word, Ukuran: 1.5 MB (Downloaded: 8) Bahan Mangsa Adven Natal 2023_pdf, Ukuran: 1.7 MB (Downloaded: 7) Pengantar Pengiriman Bahan Masa Adven Natal 2023 dapat diunduh melalui link berikut:Informasi Penerbitan Masa Adven Natal 2023, Ukuran: 806.5 KB (Downloaded: 50) Bagi Bapak/Ibu/Saudara yang ingin mendukung pelayanan LPP Sinode, dapat mengirimkan persembahannya melalui rekening berikut ini: Rekening LPP SinodeGiro BCA a.n. GKI SW Jateng QQ LPP Sinode No. 6975405200Giro BRI a.n. LPP Sinode no. 0029-01-000409-30-9 atau scan QRIS berikut ini:
Rebo, 13 September 2023 Minggu Limrah XIX
Pangentasan 13:1-10; Jabur 121; Mateus 21:18-22 NDEDONGA KANTHI PITADOS “Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, kowe bakal kaparingan.” (Mateus 21:22) Wonten salah satunggaling lare saking brayat Kristen ingkang kawontenan ekonominipun pas-pasan. Sasampunipun wangsul saking sekolahan piyambakipun matur dhateng tiyang sepuhipun makaten: “ Pak, benjang badhe wonten kegiatan kunjungan wisata dhateng Jakarta, kedah mbayar pitung atus ewu”. Lajeng tiyang sepuhipun ngendika : “Iyo Le”. Arta cacah pitungatus ewu tumraping brayat punika kaanggep kathah sanget. Awit kangge nyekapi kabetahan saben dinten mawon kedah mbudidaya kanthi tumemen. Ngengingi Bapak menika panyambut damelipun dados berah serabutan ingkang mboten mesthi pikantuk asil. Sinaosa awrat anggenipun pados arta pitung atus ewu, ananging Bapak punika pitados bilih Gusti Yesus mboten badhe negakaken. Kinanthenan donga saha karya mesthi Gusti Allah mitulungi. Perkawis ingkang ketingalipun mokal kanggenipun manungsa, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah mboten mokal. Gusti Yesus manggihi wonten salah satunggalipun wit anjir ingkang mboten ngedalaken wohipun. Panjenenganipun lajeng ngandika dhateng wit anjir, sanalika wit anjir dados garing. Para murid sami eram. Prastawa punika dados pepemut tumrap para murid supados mboten mangu-mangu, ananging tansah pitados. Sabab boten wonten perkawis ingkang mokal kagem Gusti Yesus. Gusti Yesus paring pangandika: “Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, kowe bakal kaparingan.” Wonten titi mangsanipun kita ngadhepi perkawis ingkang ketingalipun awrat miturut kamanungsan. Pandherekipun Sang Kristus gesang karana pitados. Kapitadosan punika ingkang dados cepengan anggenipun nglampahi gesang. Pitados wonten ing saklebeting manah dhateng pakaryan agung ingkang katindakaken dening Gusti Yesus. Sinaosa dereng ketingal wohipun, mesthi wonten wekdalipun woh punika ketingal. Sauger kita tansah ndedonga kalawan pitados. Asring kita ugi ngalami kawontenan ingkang miturut kita awrat. Perkawis menapa ingkang saweg kita lampahi sapunika? Sumangga tansah ndedonga kanthi pitados saestu.|*SEP
Slasa, 12 September 2023 Minggu Limrah XIX
Pangentasan 12:29-42; Jabur 121; Rum 13:1-7 GUSTI ALLAH TUKING PITULUNGAN “Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.” (Jabur 121:2) Daya lan kekiyataning manungsa punika saestu winates. Mboten sadaya perkawis saged katindakaken Piyambakan, mila mbektahaken pitulunganipun tiyang sanes. Menika cetha bilih wonten ing gesang padintenan saben tiyang mbektahaken pitulungan. Ingkang dipun lampahi manungsa ing gesang menika mboten namung bab ayahan ingkang kedah karampungaken, ananging ugi bab kawontenan saha raosing manah. Wonten titi wancinipun saben tiyang ngraosaken bingah menapa dene sisah. Ing dayaning kamanungsan ingkang ringkih lan winates menika, kita mbektahaken panglipur, panyengkuyung saking para kadang supados kita kakiyataken. Kekidungan ingkang kaserat dening Juru Masmur nelakaken kapitadosan bilih Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi. Gusti Allah sinebat tuk menika ateges bilih anggenipun paring pitulungan mboten wonten watesipun. Gusti Allah tansah kersa mirsani kawontenaning manungsa. Malah juru Masmur ugi nyerat bilih Pangeran Yehuwah mboten badhe negakaken titahipun. Panjenenganipun ingkang tansah ngreksa, ngayomi saha ngrimati. Sang Yehuwah ingkang akarya jagad punika kagungan panguwaos ingkang boten winates. Gusti Allah tansah mitulungi manungsa, supados manungsa saged tatag anggenipun nglampahi gesang ing donya punika. Tuking pitulungan ingkang sejati inggih namung saking Gusti Allah. Panjenenganipun ingkang Mahakuwaos. Sumangga kita ngakeni bilih tuking pitulungan kita menika pinangkanipun saking Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi. Manawi mekaten kedahipun kita tansah kaemutaken bilih gesang kita menika dipun reksa dening Gusti Allah ingkang Mahakuwaos. Pengaken pitados menika dados cepenganing gesang anggen kita kanthi gumolonging manah tansah sumuyud wonten ing Gusti Allah. Inggih namung Gusti Allah ingkang dados tuking pitulungan kita, mboten wonten sanesipun. |*SEP
Senen, 11 September 2023 Minggu Limrah XIX
Pangentasan 12:14-28; Jabur 121; I Petrus 2:11-17 NGENGETI PAKARYANIPUN GUSTI “Anadene dina iku dadia dina pengeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-tumurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo salawase.” (Pangentasan 12:14) Dereng dangu anggenipun bangsa Indonesia mengeti dinten kamardikanipun. Saben tanggal 17 Agustus kawontenaken upacara mirunggan dinten kamardikan Republik Indonesia. Dene tumraping warganing masyarakat, sami pasang gendera utawi umbul-umbul wonten ing ngajeng griyanipun piyambak-piyambak. Kajawi punika ugi wonten lomba 17-an kangge ngriyadinaken dinten mirunggan punika. Kamardikan menika awit saking rahmatipun Gusti Allah lumantar para pejuang ingkang sampun seda. Tanggal 17 Agustus ugi minangka pemut pakaryanipun Gusti Allah tumrap bangsa Indonesia. Gusti Allah paring dhawuh dhateng Musa lan Harun supados ngriyadinaken dinten ingkang sampun katetepaken dados pengetan tumrap pakaryanipun Gusti Allah. sedaya tiyang Israel sami nyawisaken kurban saha ngawontenaken pangibadah. Pranatan punika dipun tindakanen turun-tumurun kangge mengeti katresnanipun Gusti Allah nalikanipun tiyang Mesir kenging wewelak, nanging griyanipun tiyang Israel dipun ayomi. Tiyang Israel ingkang punika sami ngestokaken dhawuhipun Gusti. Riyaya Paskah punika dinten pengetan kangge mengeti pakaryanipun Gusti Allah tumrap tiyang Israel turun-tumurun saha dados pranatan ing salaminipun ing sadhengah kawontenan. Ing wekdal-wekdal mirunggan kita ugi ngawontenaken pahargyan kangge ngengeti pakaryan saha sih katresnanipun Gusti Allah lumantar Keng Putra Ontang-anting, inggih punika Gusti Yesus. Kawiwitan saking pengetan wiyosipun Gusti Yesus, sedanipun, wungunipun, sumengkanipun dhateng suwargo, saha tedhakipun Sang Roh Suci lan pahargyan sanes-sanesipun. punika dados pepemut anggen kita saos sokur saha nindakaken pangabekti dhateng Gusti Allah. Dinten ingkang gilir gumantos kedahipun ugi minangka wekdal anggen kita ngraos-ngraosaken pakaryanipun Gusti Allah wonten ing gesang kita. Kanthi mekaten ing saben dinten kita ngengeti pakaryanipun Gusti Allah.|*SEP
KESEMPATAN BERKARIER DIREKTUR AKPER
Yayasan Kesehatan PGI Cikini membuka kesempatan berkarir di Akademi Perawatan RS PGI Cikini (yang sedang berproses menjadi STIKes) untuk jabatan : DIREKTUR AKPER (DIPERSIAPKAN MENJADI KETUA STIKes) PERSYARATAN KETENTUAN MELAMAR : TIM REKRUTMEN DIREKTUR AKPER RS PGI CIKINI PERIODE 2023-2027
Kemis, 7 September 2023 Minggu Limrah XVIII
Pangentasan 9:1-7; Jabur 149; II Korinta 12:11-21 SUMELANG “Awit aku seumelang, menawa besuk samasa aku teka, kowe ora padha tinemu kaya kang dakkarepake lan kowe ketemu aku ora kaya kang padha kokkarepake. Aku sumelang ing bab anane pasulayan, kumeren, brangasan, mung mikir awake dewe, pitenah, panyatur ala, kumenthus, lan rerusuh.” (II Korinta 12:20) Raos sumelang punika limrah karaosaken dening manungsa. Sedaya tiyang nate ngraosaken was sumelang. Raos sumelangipun tiyang punika benten-benten. Wonten ingkang sumelang ngengingi bab kabetahan pokok; kadosta pangan, sandang, papan, saha saged ugi ngengingi kabetahan sanesipun. Utawi tiyang sepuh ingkang sumelang manawi larenipun mlebet wonten ing sesambetan ingkang ngrisak, utawi manawi larenipun tumindak ingkang awon. Minangka pamomong ing pasamuwan ingkang medhar Injil wonten ing saindhenging tlatah, rasul Paulus ugi nate ngraosaken sumelang. Raos sumelangipun rasul Paulus punika ngengingi bab tata gesangipun pasamuwan ingkang nglampahi piawon saha nggugu pikajengipun piyambak. Paulus mboten sumelang bab kadonyan, ananging ngengingi tata gesang karohanen lan sawernining piawon. Rasul Paulus ngajeng-ajeng manawi dumugi wekdalipun pepanggihan setunggal lan setunggalipun tansah gesang minangka pandherekipun Gusti. Lumantar serat punika Rasul Paulus ngendikakaken supados sampun ngantos warganing pasamuwan punika sami tumindak ingkang nuwuhaken pasulayan, kumeren, brangasan, namung mikiraken kawontenan dhirinipun piyambak, tuwuh pitenah, panyatur ingkang ala, sikep kumenthus saha rerusuh, lan sakpiturutipun. Pangandikanipun Rasul Paulus punika ugi dados pameca saha pemut tumraping kita. Minangka para pandherekipun Gusti Yesus, sampun ngantos ingkang kita tindakaken ing gesang padintenan punika namung nggugu kamanungsan, ananging tumindak ingkang ngetingalaken patrap gesang ingkang cundhuk kaliyan dhawuhipun Gusti Yesus. Inggih srana mekaten punapa ingkang kita tindakaken saged dados talanging berkah dhateng sesami. Sampun ngantos gesang kita kagungan dening patrap tumindak ingkang awon. |*SEP


