+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 13 September 2023 Minggu Limrah XIX

Pangentasan 13:1-10; Jabur 121; Mateus 21:18-22

NDEDONGA KANTHI PITADOS

“Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya,

kowe bakal kaparingan.” (Mateus 21:22)

Wonten salah satunggaling lare saking brayat Kristen ingkang kawontenan ekonominipun pas-pasan. Sasampunipun wangsul saking sekolahan piyambakipun matur dhateng tiyang sepuhipun makaten: “ Pak, benjang badhe wonten kegiatan kunjungan wisata dhateng Jakarta, kedah mbayar pitung atus ewu”. Lajeng tiyang sepuhipun ngendika : “Iyo Le”. Arta cacah pitungatus ewu tumraping brayat punika kaanggep kathah sanget. Awit kangge nyekapi kabetahan saben dinten mawon kedah mbudidaya kanthi tumemen. Ngengingi Bapak menika panyambut damelipun dados berah serabutan ingkang mboten mesthi pikantuk asil. Sinaosa awrat anggenipun pados arta pitung atus ewu, ananging Bapak punika pitados bilih Gusti Yesus mboten badhe negakaken. Kinanthenan donga saha karya mesthi Gusti Allah mitulungi. Perkawis ingkang ketingalipun mokal kanggenipun manungsa, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah mboten mokal.

Gusti Yesus manggihi wonten salah satunggalipun wit anjir ingkang mboten ngedalaken wohipun. Panjenenganipun lajeng ngandika dhateng wit anjir, sanalika wit anjir dados garing. Para murid sami eram. Prastawa punika dados pepemut tumrap para murid supados mboten mangu-mangu, ananging tansah pitados. Sabab  boten wonten perkawis ingkang mokal kagem Gusti Yesus. Gusti Yesus paring pangandika: “Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, kowe bakal  kaparingan.” Wonten titi mangsanipun kita ngadhepi perkawis ingkang ketingalipun awrat miturut kamanungsan. Pandherekipun Sang Kristus gesang karana pitados. Kapitadosan punika ingkang dados cepengan anggenipun nglampahi gesang. Pitados wonten ing saklebeting manah dhateng pakaryan agung ingkang katindakaken dening Gusti Yesus. Sinaosa dereng ketingal wohipun, mesthi wonten wekdalipun woh punika ketingal. Sauger kita tansah ndedonga kalawan pitados. Asring  kita ugi ngalami kawontenan ingkang miturut kita awrat. Perkawis menapa ingkang saweg kita lampahi sapunika? Sumangga tansah ndedonga kanthi pitados saestu.|*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ