Pangentasan 12:29-42; Jabur 121; Rum 13:1-7
GUSTI ALLAH TUKING PITULUNGAN
“Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah,
kang nitahake langit lan bumi.”
(Jabur 121:2)
Daya lan kekiyataning manungsa punika saestu winates. Mboten sadaya perkawis saged katindakaken Piyambakan, mila mbektahaken pitulunganipun tiyang sanes. Menika cetha bilih wonten ing gesang padintenan saben tiyang mbektahaken pitulungan. Ingkang dipun lampahi manungsa ing gesang menika mboten namung bab ayahan ingkang kedah karampungaken, ananging ugi bab kawontenan saha raosing manah. Wonten titi wancinipun saben tiyang ngraosaken bingah menapa dene sisah. Ing dayaning kamanungsan ingkang ringkih lan winates menika, kita mbektahaken panglipur, panyengkuyung saking para kadang supados kita kakiyataken.
Kekidungan ingkang kaserat dening Juru Masmur nelakaken kapitadosan bilih Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi. Gusti Allah sinebat tuk menika ateges bilih anggenipun paring pitulungan mboten wonten watesipun. Gusti Allah tansah kersa mirsani kawontenaning manungsa. Malah juru Masmur ugi nyerat bilih Pangeran Yehuwah mboten badhe negakaken titahipun. Panjenenganipun ingkang tansah ngreksa, ngayomi saha ngrimati. Sang Yehuwah ingkang akarya jagad punika kagungan panguwaos ingkang boten winates. Gusti Allah tansah mitulungi manungsa, supados manungsa saged tatag anggenipun nglampahi gesang ing donya punika.
Tuking pitulungan ingkang sejati inggih namung saking Gusti Allah. Panjenenganipun ingkang Mahakuwaos. Sumangga kita ngakeni bilih tuking pitulungan kita menika pinangkanipun saking Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi. Manawi mekaten kedahipun kita tansah kaemutaken bilih gesang kita menika dipun reksa dening Gusti Allah ingkang Mahakuwaos. Pengaken pitados menika dados cepenganing gesang anggen kita kanthi gumolonging manah tansah sumuyud wonten ing Gusti Allah. Inggih namung Gusti Allah ingkang dados tuking pitulungan kita, mboten wonten sanesipun. |*SEP