+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 11 September 2023 Minggu Limrah XIX

Pangentasan 12:14-28; Jabur 121; I Petrus 2:11-17

NGENGETI PAKARYANIPUN GUSTI

“Anadene dina iku dadia dina pengeling-eling tumrap sira, padha sira

dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-tumurun.

Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo salawase.”

(Pangentasan 12:14)

Dereng dangu anggenipun bangsa Indonesia mengeti dinten kamardikanipun. Saben tanggal 17 Agustus kawontenaken upacara mirunggan dinten kamardikan Republik Indonesia. Dene tumraping warganing masyarakat, sami pasang gendera utawi umbul-umbul wonten ing ngajeng griyanipun piyambak-piyambak. Kajawi punika ugi wonten lomba 17-an kangge ngriyadinaken dinten mirunggan punika. Kamardikan menika awit saking rahmatipun Gusti Allah lumantar para pejuang ingkang sampun seda. Tanggal 17 Agustus ugi minangka pemut pakaryanipun Gusti Allah tumrap bangsa Indonesia.

Gusti Allah paring dhawuh dhateng Musa lan Harun supados ngriyadinaken dinten ingkang sampun katetepaken dados pengetan tumrap pakaryanipun Gusti Allah. sedaya tiyang Israel sami nyawisaken kurban saha ngawontenaken pangibadah. Pranatan punika dipun tindakanen turun-tumurun kangge mengeti katresnanipun Gusti Allah nalikanipun tiyang Mesir kenging wewelak, nanging griyanipun  tiyang Israel dipun ayomi. Tiyang Israel ingkang punika sami ngestokaken dhawuhipun Gusti. Riyaya Paskah punika dinten pengetan kangge mengeti pakaryanipun Gusti Allah tumrap tiyang Israel turun-tumurun saha dados pranatan ing salaminipun ing sadhengah kawontenan.

Ing wekdal-wekdal mirunggan kita ugi ngawontenaken pahargyan kangge ngengeti pakaryan saha sih katresnanipun Gusti Allah  lumantar Keng Putra Ontang-anting, inggih punika Gusti Yesus. Kawiwitan saking pengetan wiyosipun Gusti Yesus, sedanipun, wungunipun, sumengkanipun dhateng suwargo, saha tedhakipun Sang Roh Suci lan pahargyan sanes-sanesipun. punika dados pepemut anggen kita saos sokur saha nindakaken pangabekti dhateng Gusti Allah. Dinten ingkang gilir gumantos kedahipun ugi minangka wekdal anggen kita ngraos-ngraosaken pakaryanipun Gusti Allah wonten ing gesang kita. Kanthi mekaten ing saben dinten kita ngengeti pakaryanipun Gusti Allah.|*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ