Purwaning Dumadi 48:15-22; Jabur 100; Wahyu 14:1-11 NGEWAHI ADAT “Ature Yusuf marang kang ramane, “Sampun mekaten rama, awit-dene punika ingkang pambajeng, astanipun rama ingkang tengen mugi katumpangna ing sirahipun.” Nanging kang rama ora karsa, pangandikane: “Aku wus weruh angger!” (Purwaning Dumadi 48:18-19a Saben masyarakat gadhah tatanan lan padhataning gesang ingkang dipun nut dening masyarakat punika. Contonipun adat Jawi: manawi tiyang langkung ing ngajengipun tiyang sanes pnapa malih ingkang langkung sepuh, anggenipun mlampah kedah radi mbungkuk kanthi matur: “nyuwun sewu.” Ing masyarakat sanes saged ugi beda. Desa mawa cara negara mawa tata, saged kawastanan mekaten. Saben masyarakat ngggadhahi adat utawi kalimrahanipun piyambak-piyambak, mboten sami. Adat ngrumiyinaken ingkang langkung sepuh ugi limrah ing gesangipun masyarakat Jawi. Ing brayat menawi wonten ingkang nikah, saenipun urut nomer saking ingkang sepuh, menawi nglangkahi kedah nindakaken ingkang kawastanan “mbayar pelangkah.” Ing gesangipun bangsa Israel ugi wonten adat ingkang saemper. Anak mbaieng berkahipun langkung kathah katimbang anak ragil. Mila nalika Yakub ngrentahaken berkah dhateng Manasye (ingkang mbajeng) srana asta kiwa dene berkah dhateng Efrayim (wuragil) srana numpangaken asta tengen, Yusuf protes awit kuwalik. Nanging Yakub tetep mberkahi srana caranapun kanthi katrangan ing ayat 19 bilih Efrayim ingkang wuragil badhe dados bangsa ingkang ageng lan langkung ageng panguwaosipin katimbang masipun, Manasye. Kita ningali bilih Yakub ngewahi adat ingkang limrah. Yakub damel pranatan enggal kanthi dhasar ingkang cetha. Dados, adat saged kaewahan miturut kawontenan lan kabetahan. Pranatan kadamel kangge kasaenaning gesang sesarengan. Menawi pranatan punika mboten cocog kaliyan kawontenan lan kabetahan, prelu dipun ewahi, dipun gantos ingkang jumbuh kaliyan kabetahan lan kawontenan. Mboten wonten awisan kangge ngewahi adat, langkung-langkung manawi cengkah kaliyan kapitadosan Kristen. Kita mboten ngabdi dhateng adat, nanging dhumateng Gusti. Gusti mgersakaken sedaya saged lumampah kanthi sae, gesang sesarengan saged karaos ngremenaken lan nentremaken. Amin.|*WSMS
Rebo, 22 November 2023, Minggu Limrah XXIX
Ester 7:1-10; Jabur 83:1-4, 9-10, 17-18; Mateus 24:45-51 KENDEL “Unjuk wangsulane Sang Prameswari Ester. “Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika” (Ester 7:6) Wicanten kanthi blak-blakan utawi blaka suta punika bab ingkang mboten gampil kangge kita. Limrahipun kita menawi nyariyosaken satunggaling kedadosan mubeng-mubeng rumiyin, mboten njujug, kuwatos menawi natoni manah. Pramila asring masalah mboten rampung-rampung awit mawi cara ingkang kados mekaten punika, kirang kendel. Nalika kadangu dening sang prabu Ahasyweros bab panyuwunanipun, prameswari Ester matur kanthi blak-blakan. Temtu punika nelakaken sikep ingkang kendel, awit kaaturaken ing ngajengipun tiyang kathah ing satengahing pambujanan. Bujana ingkang mesthinipun ngremenaken dados bencana tumrap Haman. Sedyanipun Haman badhe nyulah (nggantung) Mordekhai ing panyulahan. Ananging, panyulahan punika malah dados panyulahan kangge Haman piyambak, nyilakani dhirinipun piyambak. Punapa ingkang ndadosaken Ester kendel? Limrahipun tiyang estri kawawas mboten gadhah kakendelan, punapa malih ing satengahing para priya ingkang nggadhahi kalenggahan. Awit Ester mboten namung mikir dhirinipun piyambak, nanging ugi mikir gesang lan kawilujenganing bangsanipun. Bangsanipun kaancam ing bebaya awit pokalipun Haman. Bangsanipun badhe katumpes dening Haman. Pranyata Haman punika tiyang ingkang dursila. Ester kaagem dening Gusti lan kaparingan kakendelan kangge nulungi bangsanipun saking bebaya. Ing salebeting nglampahi gesang, kathah ancaman ingkang ndhatengi kita, kadosta brayat kita kaancam dening tiyang ingkang dursila, kancam dening kawontenaning ekonomi ingkang mrihatosaken. Kita rumaos mboten saged punapa-punapa, mboten gadhah daya. Nanging dumadakan kita nggadhahi kakiyatan, kasagedan, kawasisan. Dumadakan kita saged ngatasi bebaya punika. Srana mekaten kita saged uwal saking bebaya ingkang ngreridhu kita punika. Kita saged kalis saking bebaya punika awit pangayoman lan pangrehipun Gusti ingkang wonten ing Gusti Yesus Kristus sampun nindakaken pakaryanipun milujengaken kita. Amin.|*WSMS
Slasa, 21 November 2023, Minggu Limrah XXIX
Pangentasan 2:1-10; Jabur 83:1-4, 9-10, 17-18; I Tesalonika 5:12-18 TANSAH NGUNJUKAKEN PANUWUN “Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe” (1 Tesalonika 5:12) Tembung “tansah” punika nerangaken bab utawi kegiyatan ingkang lumampah terus-terusan, mboten kendhat, mboten kendel, mboten leren. Rasul Paulus ngedika: “Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu” Punapa kita saged ngunjukaken panuwun ing satengahing nandhang sakit? Punapa ing salebeting kekirangan kita saged ngaturaken panuwun? Nalika nembe dipun-PHK punapa kita saged ngaturaken panuwun? Nalika kita mboten minggah kelas utawi tingkat punapa kita saged ngaturaken panuwun? Pengalaman kula: mboten saged. Kula kinten mekaten ugi umumipun tiyang kathah. Lajeng, kenging punapa rasul Paulus ngendika kados mekaten? Pangandika punika mujudakan pambereg supados kita mboten tansah nggresula, gela, cuwa, sisah tumrap punapa ingkang kita alami. Panci ingkang kita alami maneka-warni” sisah-bingah, cuwa-marem, sakit-sehat, untung-rugi lss. Bab tansah ngaturaken panuwun punika minangka peranganing piwucal ingkang kaparingaken dening Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Tesalonika. Gesangipun pasamuwan ing Tesalonika punika ketingalipun sampun sae. Warganing pasamuwan anggenipun gesang sampun tumata. Ewasemanten, temtu kemawon wonten kalanipun tuwuh kawontenan ingkang damel gela lan cuwa, nglokro tanpa semangat. Manawi wonten warga ingkang kados mekaten sampun ngantos dipun kendelaken, nanging prelu dipun gatosaken, prelu pitulungan supados saged wangsul malih dhateng gesang ingkang nggadhahi semangat, manahipun kaagengaken, mboten alit ing manah. Awit menawi kawontenan ingkang kados mekaten punika kakendelaken, saged ndadosaken sedherek punika lajeng mundur saking kapitadosanipun, nilar Gustinipun, gesang kawengku dening manah ingkang kebak ing panutuh dhumateng Gusti. Manawi warganing pasamuwan sami-dene ngatosaken, ingkang mekaten punika nelaken wujuding gesang ing patunggilanipun Gusti. Atur panuwun dhumateng Gusti punika wujuding patrap anggen kita nguri-uri kapitadosan kita dhumateng Gusti. Mila kita prelu ngudi saged tansah ngaturaken panuwun dhumateng Gusti ing sadhengah kawontenan. Amin.|*WSMS
Senen, 20 November 2023 Minggu Limrah XXIX
Para Hakim 4:8-24; Jabur 83:1-4, 9-10, 17-18; Rum 2:1-11 NINDAKAKEN KASAENAN “…nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingake marang sawiji-wijining wong kang nindakake kabecikan …” (Rum:10a) Njeksani utawi ngakimi punika tumindak ingkang gampil lan asring kita lampahi. Menawi kita mrangguli tiyang ingkang tumindak klentu utawi mboten sae, kita tumuli nanggapi kanthi njeksani utawi ngakimi srana pitembungan ingkang negatip. Malah wonten ingkang ngedalaken pitembungan ingkang nyakitaken manah, damel manah pingget. Punapa ingkang kaucapaken punika kados-kados mboten naten katindakaken. Kados-kados pitembunganipun punika nelakaken bilih sedherek wau mboten nate damel lepat. Kados-kados punapa ingkang katindakaken punika temtu sae, malah kados-kados dhirinipun punika tiyang ingkang paling sae lan paling leres. Kamangka sanyatanipun mboten wonten tiyang ingkang mboten nate damel lepat, ingkang tansah tumindak leres lan sae. Saben tiyang nate nerak pranatanipun Gusti, ugi pranataning negari lan masyarakat, ugi nate nerak pranatan ing brayat lan ing papan padamelan. Nate nyakiti manahipun kanca lan mitra. Jer kita punika mboten sampurna. Manawi kita ningali tiyang ingkang damel lepat, ingkang nerak pranatan, ingkang sasekecanipun piyambak mesthi kita mboten remen. Mesthi kita kepengin ngluruhi, nyaruwe, utawi ngengetaken. Punapa mekaten punika tumindak ingkang klentu? Temtu mboten. Kita panci kedah ngengetaken lan ngleresaken, nanging kita ugi kedah ngengeti bilih kita ugi nate tumindak mekaten. Anggen kita ngluruhi, ngengetaken, ngleresaken kedah kanthi manah ingkang andhap asor, mboten kanthi gumunggung. Kita mboten prelu njeksani, nanging atur pepenget murih kasaenaning gesang sesarengan, amrih pasedherekan ingkang wonten tetep kajagi lan kauri-uri. Tiyang ingkang nindakaken kabecikan temtu badhe ngraosaken kabingahan, awit ndadosaken gesang punika endah, ndadosaken kabingahanipun tiyang sanes. Inggih punika ingkang kawastanan peparingipun Gusti. Gusti maringi kaluhuran lan karahayon. Dados, ingkang nindakaken kabecikan lan ingkang nampi kabecikan sami-sami nampi kaluhuran lan karahayon saking Gusti. Amin. |*WSMS
Ahad, 19 November 2023, Minggu Limrah XXIX
Para Hakim 4:1-7; Jabur 123; I Tesalonika 5:1-11; Mateus 25:14-30 ENGET-INGENGETAKEN LAN BANGUN-BINANGUN “Mulane kowe padha eling-ingelingake lan bangun-binanguna, kaya-dene kang pancen koklakoni iku” (I Tesalonika 5:11) Pawartos badhe wontenipun kiamat asring kita pireng. Bab punika ugi kawartosaken dening sawetawis kelompok Kristen. Pawartos punika asring damel kisruh lan ajrihipun tiyang kathah, kalebet warga greja. Panci Kitab Suci martosaken bab kiamat, nanging mboten wonten katrangan bab wekdalipun kapan. Gusti Yesus ugi ngedika bilih kiamat punika kados pandung, mboten wonten ingkang mangertos. Mila menawi wonten tiyang Kristen ingkang bingung lan kuwatos, punika ateges mboten mangertos punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti bab kiamat. Ingkang prelu dipun mangretosi ngengingi kiamat punika sanes bab kapan wekdalipun, ananging kadospundi anggen kita sami cecawis ngadhepi kiamat punika. Kita sampun siyaga punapa dereng menawi kiamat dhateng, menawi gesang ing bumi kapungkasan. Kalebet ing bab punika inggih punika kapan Gusti mungkasi gesang kita, kapan kita katimbalan Dhateng pasamuwan ing Tesalonika rasul Paulus paring pepenget bab rawuhipun Gusti utawi kiamat. Rasul Paulus ngengetaken bilih kawontenan tentrem saged ewah dados bilai, kados-dene pawestri ingkang ngandheg dadakan ngraosaken sakit badhe babaran. Bab punika mboten saged dipun singkiri. Mekaten ugi rawuhipun Gusti utawi kiamat, kedah dipun adhepi. Anggenipun ngadhepi mboten prelu kaliyan raos ajrih lan was sumelang, mboten prelu srana nginten-inten utawi ngramal, awit pasamuwan Tesalonika punika sampun dados para putraning pepedhang ingkang sampun cecawis ing bab rawuhipun Gusti utawi kiamat. Mekaten ugi kita, pasamuwanipun Gusti ing wekdal sapunika. Kita kadhawuhan tetep waspada, tetep jumaga, tetep dados para putraning pepedhang. Punika sanes bab ingkang gampil, kathah panggodhanipun, kathah pambenganipun, kathah piawon ingkang ngreridhu kita, kathah pepenginan kita ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Pramila kita kadhawuhan sami-dene ngengetaken lan bangun-binangun supados samangsa Gusti rawuh ing dinten kiamat, kita saged nampi karahayonipun Gusti Yesus Kristus. Amin.|*WSMS
Setu, 18 November 2023, Minggu Limrah XXVIII
Para Hakim 5:1-22; Jabur 123; Mateus 12:43-45 KEDAH DIPUN ISI “Tumuli ngucap mengkene: Aku dakbali menyang omah sing daktinggal kae. Banjur bali, omahe tinemu suwung, wis resik kasaponan lan katata resik” (Mateus 5:44) Manawi tiyang mrangguli kamar utawi griya ingkang suwung limrahipun sami celathu: “Kok kothong/suwung ya, singup.” Menawi kita mrangguli kamar utawi griya ingkang longgar limrahipun kita celathu: “Penak ya longgar, ora umpel-umpelan.” Ingkang pundi ingkang ngremenaken? Temtu ingkang longgar, ingkang mboten umpel-umpelan. Wonten isinipun, nanging taksih sela, taksih saged ambegan. Dhemit ingkang sampun nilaraken griya ingkang dipun enggeni, wangsul malih awit mboten angsal papan gantosipun. Dhemit punika malah remen nalika nyipati griya punika kothong/suwung. Saking remenipun, lajeng ngundangi kancanipun pitu manggen ing griya ingkang suwung punika. Mbokmenawi kita lajeng celathu: “Dhasar dhemit. Seneng oleh panggonan suwung” Beda kaliyan kita ingkang saged ugi malah mengkirig, mrinding githok kita. Dhemit pitu punika langkung awon tinimbang dhemit ingkang ngajak. Griya suwung punika minangka pasemon kangge nggambaraken tyang ingkang suwung manahipun. Dhemit punika wau rak medal saking tiyang ingkang sampun dipun enggeni, lajeng katundhung. Gandheng namung katundhung/kasingkiraken, mboten kasirnakaken, mila saged wangsul lan nguwaosi tiyang punika malih ingkang suwung manahipun. Malah pandamelipun langkung jahat tinimbang saderengipun. Tiyang punika langkung sangsara awit tumindakipun dhemit wolu wau. Dhemit punika kedahipun mboten namung kasingkiraken, nanging kasirnakaken. Kados pundi caranipun? Kanthi ngisi gesangipun kanthi kapitadosan dhumateng Gusti lan srana pandamel ingkang migunani; migunani kangge dhririnipun piyambak lan tiyang sanes. Kathah bab ingkang saged kita tindakaken ing gesang kita, mboten kadamel nganggur. Menawi nganggur pikiran lan manah kita suwung, saged nglambrang dhateng pundi-pundi, saged kaisi dening bab-bab ingkang mboten sae, ingkang ngrisak gesang kita lan gesanging sesami. Srana nindakaken kegiyatan ingkang migunani, ingkang katuntun dening Gusti, si dhemit mboten saged mlebet dhateng gesang kita. Amin.|*WSMS
Jemuwah, 17 November 2023, Minggu Limrah XXVIII
Para Hakim 2:16-23; Jabur 123; Wahyu 16:8-21 TAKSIH WONTEN KADURJANAN “… supaya bangsa-bangsa iku kena Sunagem nyoba wong Israel, apa bakal padha lestari ngambah ing dalan pitedahe Sang Yehuwah kaya-dene para leluhure apa ora.” (Para Hakim 2:21-22) Kena apa ya kok isih ana wong durjana: kecu, maling, rampog, raja pati, korupsi, pangroda peksa lan sapiturutipun? Kena apa Gusti Allah ora nyirnakaken wong-wong sing durjana? Kamangka wong-wong kuwi gawe susahe wong akeh lan awake dhewe. Mekaten pitakenan ingkang asring kita pireng. Kenging punapa Gusti Allah ngendelaken tiyang-tiyang durjana punika? Nalika bangsa Israel mlebet tanah Kanaan saking tanah pangawulan Mesir, tanah punika sampun dipun enggeni dening bangsa-bangsa sanes. Wonten bangsa-bangsa ingkang dipun singkiraken, dipun tundhung. Nanging ugi wonten ingkang mboten. kanthi tembung sanes, dipun kendelaken manggen ing tanah Kanaan punika. Kenging punapa Sang Yehuwan mboten nundhungi sedaya bangsa punika? Kenging punapa taksih dipun ngengeh? Ayat kita nelakaken….. Sunagem nyoba wong Israel. Bangsa-bangsa punika kaagem ndadar kapitadosanipun bangsa Israel dhumateng Sang Yehuwah, tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah punapa mboten. Mawarni-warni kadurjanan taksih wonten lan kita mangertosi pawartosipun lantaran TV utawi radhio utawi ningali youtube lan medhia-medhia sanesipun. Kadurjanan punika ndadosaken kita Kathah tiyang ingkang gadhah raos miris, ajrih, kuwatos, was-was. Tiyang dados mboten aman nalika wonten ing griya punapa-dene ing margi. Kadurjanan ing sakiwa tengen kita punika kula kinten ugi wujuding pandhadaripun Gusti Allah dhateng kita. Nyipati kawontenan punika, wontenipun tiyang-tiyang durjana ing sakupeng kita, punapa kita tetep nyepengi kapitadosan kita dhumateng Gusti punapa malah nyelaki Gusti, kelu dhateng tumindaking para durjana temah kita tumut nindakaken kadurjanan? Iba renaning penggalihipun Gusti, awit yen kita saged nyingkiri kadurjanan lan nindakaken kasaenan dhateng sedaya tiyang ingkang kita panggihi, mboten namung ingkang kita tepangi lan kita eringi, ateges kita lulus saking pandhadhar utawi peneteripun Gusti Allah. Amin.|*WSMS
Kemis, 16 November 2023, Minggu Limrah XXVIII
Amos 6:1-14; Jabur 52; Lukas 8:4-10 SINTEN INGKANG LEPAT? “Banjur tuwuh golongan kang ora wanuh marang Sang Yehuwah lan ora ngreti bab apa kang katandukake dening Panjenengane marang wong Israel” (Para Hakim 2:10). Sasampunipun Senapati Yusak lan tiyang-tiyang sabarakanipun sami sumare, tuwuh golongan sanes, ingkang beda kaliyan golongan saderengipun. Beda ing bab anggenipun ngabekti dhumateng Sang Yehuwah. Mboten namung beda, nanging beda sanget, Sang Yehuwah lan pakaryanipun mboten sami dipun mangertosi. Saestu, punika kawontenan ingkang mrihatosaken sanget. Ing ayat-ayat salajengipun kacariyosaken bilih bangsa Israel lajeng nglampahi ingkang awon, ngabekti dhateng para Baal, mboten ngabekti dhumateng Sang Yehuwah. Punika nelakaken bilih wonten pedhoting sesambetan ing antawisipun generasinipun Senapati Yusak lan generasi saksampunipun. Nggatosaken ayat 7 kados-kados ingkang ndadosaken golongan punika mboten tepang kaliyan Sang Yehuwal lan pakaryanipun awit mboten sami mangretosi pakaryanipun Sang Yehuwah dhateng para leluhuripun. Kejawi punika, generasi punika mboten dipun cariyosi bab pakaryanipun Gusti dening tiyang sepuhipun. Dados, para leluhuripun mboten mulangaken pakaryanipun Sang Yehuwah dhateng generasi salajengipun. Kados pundi kawontenaning anak-putu kita? Punapa generasi kita, dadosa, Generasi X punapa-dene Generasi Baby Boomer[1] (para eyang) sampun paring piwulang dhateng anak-putu kita bab Gusti Allah lan pakaryanipun? Punapa generasi sasampunipun kita, kita tepangaken kaliyan Gusti Allah ingkang ing Gusti Yesus Kristus sampun nindakaken pakaryanipun ingkang milujengaken? Mugi-mugi ingkang dipun alami dening bangsa Israel mboten dipun alami dening anak-putu kita. Amin.|*WSMS [1] Beresfod Research damel krlompok generasi: Gen Z kelairan 1997-2012 ing taun 2021 umur 9-24 lan Gen Y utawi Milenial: kelairan 1981-1996 lan ing taun 2021 umur 25-40 taun Gen X kelairan 1965-1980 lan ing taun 2021 umur 41-56 taun Baby Boomers: kelairan taun 1946-1964 lan ing taun 2021 umur 57-75 taun Gen Alpha: kelairan taun 2010-2011 dumugi sapunika https://.kompas.com – Tren
Rebo, 15 November 2023, Minggu Limrah XXVIII
Yeremia 31:31-34; Jabur 78; Mateus 24:29-35 PANGAPUNTENING DOSA “… awit kaluputane bakal Sun apura lan dosane wus ora Sun engeti maneh (Yeremia 31:34) Kathah tiyang ingkang ngendhem sengit awit kalepatanipun tiyang sanes ingkang damel sangsara lan cilaka, ngantos kecalan kabingahan. Manawi kita gatosaken pawartos ing televisi, kita mrangguli kathah kedadosan raja-pati. Raja-pati tiyang-sepuh dhateng anakipun, anak dhateng tiyang-sepuhipun, sesami sedherek, dhateng kanca lan sapanunggilanipun. Limrahaipun raja-pati punika kelampahan awit wontenipun raos sengit ingkang dipun simpen, dipun endhem. Tiyang mboten saged ngapunteni kalepatanipun tiyang sanes ingkang damel sakit lan tatuning manah, ingkang damel manah njarem. Manawi kita gatosaken ayat 32, kita badhe mengertos kados-pundi cuwanipun Sang Yehuwah ingkang dipun selaki dening umat kagunganipun. Gusti sampun ngentas umatipun saking tanah Mesir sarta ngreksa lan ngrimati umatipun. Sampun kaparingan Toret lan aprajanji badhe gesang manut ing pangandikanipun, nanging nyatanipun sami nyelaki Panjenenganipun. Senadyan mangkenipun sami kabucal dhateng Babil, Gusti Allah kersa ngirid wangsul bangsa Israel dhateng tanahipun malih. Mboten namung punika, Gusti Yesus miyos lan ing sugengipun nelakaken pambangunturutipun dhumateng Kang Ramanipun, nebus manugsa saking dosanipun. Dosaning manungsa kaapunten, mboten kaenget-enget malih dening Gusti Allah. Punapa ingkang kita tindakaken sasampunipun nampi panebusing dosa saking Gusti Allah lantaran seda, sangsara, lan wungunipun Gusti Yesus Kristus? Punapa kita sampun netepi dhawuhipun ingkang sampun katanem ing manah kita? Punapa kita taksih ngendhem sengit dhateng sesamai kita ingkang damel kalepatan dhateng kita? Punapa kita taksih ngenget-enget kalepatanipun tiyang-tiyang ingkang nate katandukaken dhateng kita, ingkang nate damel cuwa lan natoni manah kita? Mboten wonten tiyang ingkang sampurna. Pangabekti lan pambangun turut kita dhumateng Gusti ugi mboten sampurna. Ewasemanten Gusti kersa paring pangapunten dhateng kita. Punapa kita ugi suka pangapunten dhateng tiyang-tiyang ingkang nate damel lepat dhateng kita? Gusti sampun mboten ngenget-enget malih kalepatan kita. Amin.|*WSMS
Slasa, 14 November 2023, Minggu Limrah XXVIII
Nehemya 8:1-12; Jabur 78; I Tesalonika 3:6-13 ANDUM BERKAH, ANDUM KABINGAHAN “… Wis muliha, mangana enak, ngombea kang legi lan menehana berkat marang para wong kang ora duwe apa-apa, awit dina iki sesengkerane Gusti kita! Aja padha prihatin, awit-dene kabungahan peparinge Sang Yehuwah iku kang dadi pangayomanmu” (Nehemya 8:11) Saking tanah pambuwangan Babil Nehemya nuweni bangsanipun ing tanah Israel (Yehuda). Nehemya ugi mbangun malih Padaleman Suci ing Yerusalem ingkang sampun risak. Sareng pambangunan rampung, dening Sang Prabu Nebukadnezar bangsa Israel ing pambuwangan kaparenganken wangsul dhateng tanah Israel lan mapan ing kithanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun sami mapan ing kithanipun piyambak-piyambak, lajeng sami nglempak ing plataran gapura Banyu nyuwun nabi Ezra maosaken kitabipun Nabi Musa. Sedaya tiyang, jaler lan estri sami mirengaken. Dinten punika dados dinten sesengkeranipun Sang Yehuwah. Bangsa Israel mboten pareng sami prihatos lan nangis, awit sampun mireng suraosipun Toret. Tiyang-tiyang punika lajeng kadhawuhan nedha eca lan ngombe manis lan andum tetedhan lan toya manis punika dhateng tiyang-tiyang ingkang kacingkrangan. Sedaya kadhawuhan sami bingah-bingah. Mboten dipun terangaken kenging punapa dinten punika dados dinten kabingahan lan nedha eca. Punapa saderengipun sami siyam awit prihatos gegayutan kaliyan pambangunan Padaleman Suci ingkang kebak ing pambengan? Mboten wonten katrangan. Ingkang wigati, dinten punika dados dinten kabingahan peparingipun Sang Yehuwan. Ing dinten kabingahan punika kadhawuhan sami enget dhateng sedherek-sedherekipun ingkang kakirangan. Berkah kabingahan punika mboten kenging namung kangge dhirinipun piyambak. Ing gesang sesarengan ing satengahing pasamuwan lan masyarakat, kita mrangguli wonten tiyang ingkang kacingkrangan. Kita prelu migatosaken tiyang-tiyang ingkang mbetahaken pitulungan, ingkang nandhang kekirangan punika. Sajatosipun, dinten-dinten kita punika dinten ingkang mbingahaken awit Gusti Allah ingkang ngayomi lan ngrimati gesang kita. Kabingahan peparingipun Gusti punika prelu kita dum kaliyan tiyang sanes, kabingahan punapa kemawon. Srana mekaten, tiyang sanes ugi saged ngraosaken kabingahan saking Gusti Allah. Amin.|*WSMS
