Pangentasan 3:16-22; Jabur 105:1-6, 23-26, 45b; II Tesalonika 2:7-12
INGSUN WUS NGGATOSAKE MARANG SIRA
“… Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsani apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.” (Pangentasan 3:16)
Sinten ingkang mboten kepengin dipun gatosaken? Temtunipun sedaya tiyang pengin saha pikantuk kawigatosan saking tiyang sanes. Malah kepara nalika mboten dipun gatosaken kadangkala tuwuh raos mangkel. Kados ingkang asring kalampahan wonten ing sesambetanipun para kaneman ingkang nembe pacaran. Manawi mboten dipun gatosaken lajeng nesonan. Kawigatosan punika dipun betakahen sedaya tiyang, mboten namung wonten ing sesambetan pacaran, ananging ugi sesambetan ing brayat, pasamuwan, lan ing masyarakat. Sikep nggatosaken punika dados salah satunggalipun patrap gesang tresna-tinresnan.
Gusti Allah punika ageng sih susetyanipun dhateng sedaya titah. Kalebet dhateng umat kagunganipun inggih menika bangsa Israel. Rikala bangsa Israel ngraosaken panandhang ing Mesir, Gusti Allah mboten negakaken. Panjenenganipun mila lajeng dhawuh dhateng Musa supados medhar pangandika bilih Gusti Allah nggatosaken kawontenanipun para umat. Malah Gusti Allah ugi sampun ngrancang perkawis endah, supados bangsa Israel ngraosaken pangluwaran saha nampi berkah. Saestu Gusti Allah sampun nggatosake dhumateng umat kagunganipun.
Wonten ing sakuruting gesang ingkang kalampah, awrat punapa dene entheng, bingah lan sisah, Gusti Allah tansah mbabaraken katresnan kanthi nggatosaken gesang kula lan panjenengan. Dinten-dinten ingkang sampun dipun lampahi, menapa dene ingkang badhe kalampahan sumangga tansah ngener dhateng katresnanipun Gusti Allah wonten ing sadaya wekdal, papan lan kawontenan. Gusti Allah sampun nggatosaken kula lan panjenengan, punika dados pangatag supados kita tansah ngener dhumateng Gusti Allah, saha saos sokur awit katresnanipun Gusti Allah. |*SEP