+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 2 September 2023 Minggu Limrah XVII

Pangentasan 4:1-9; Jabur 105:1-6, 23-26, 45b; Mateus 8:14-17

PANJENENGANE WUS NGREMBAT KARINGKIHAN KITA

“bab iki kalakone supaya katetepana apa kang kapangandikakake

dening Nabi Yesaya: “Panjenengane wus ngrembat karingkihan kita

lan nyanggi lelara kita.”  (Matius 8:17)

Adhakanipun sedaya tiyang sampun nate ngraosaken sakit. Sesakit ingkang dipun raosaken kadosta pilek utawi flu, watuk, gemreges, lan sapiturutipun. Punika saged kalampahan karana kawontenanipun manungsa menika ringkih lan winates sacara kajasmanen. Kacariyos Ibu Marasepuhipun Petrus nembe nandhang gerah panastis utawi demam. Sacara kajasmanen, piyambakipun ngraosaken karingkihan. Sinaosa makaten Gusti Yesus kersa paring kasarasan. Bab punika kalampahan supados katetepaken kados ingkang sampun dipun ngendikakaken dening Nabi Yesaya. Bilih panjenengane wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita. Ingkang dipun sarasaken mboten namung marasepuhipun Petrus kemawon, ananging ugi tiyang kathah ingkang kesurupan.

Prastawa punika nelakaken bilih Gusti Yesus kagungan panguwaos nyarasaken peranganing sakit kajasmanen saha sakit  karohanen. Manawi kersa nglenggana, kawontenaning kamanungsan punika mboten namung ringkih sacara kajasmanen ananging ugi karohanen. Karingkihan sacara kajasmanen katitik nalika kita ngraosaken sesakit. Karingkihan sacara karohanen ugi asring ketingal nalika kita dhumawah ing dosa utawi tumindak nasar, ingkang namung nggugu lan nguja  pikajengipun piyambak.

Sumangga kita raos-raosaken, kawontenan ingkang ringkih lan winates punika saged dados pemut tumraping kita, bilih namung Gusti Yesus punika ingkang Maha Kuwaos lan Maha Asih. Mila sampun ngantos kita rumaos kiyat lan digdaya ananging supados tansah sumarah mring Gusti Yesus.  Sih katresnan saha panguwaosipun Gusti Yesus mboten namung kaparingaken dhateng Ibu marasepuhipun Petrus lan tiyang kathah ingkang kesurupan, ananging ugi dhateng sadaya tiyang, kalebet kula lan panjenengan. Gusti Yesus karsa maringi sih palimirmanipun saha sampun ngrembat karingkihan kita. Mila sampun sakmesthinipun kita sadaya sami ngluhuraken asmanipun Gusti Yesus, lumantar patrap gesang ingkang jumbuh kaliyan dhawuhipun Gusti Yesus. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ