+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 3 September 2023 Minggu Limrah XVIII

Pangentasan 3:1-15; Jabur 105:1-6, 23-26, 45b; Rum 12:9-21;

Mateus 16:1-28

TRESNA IKU AJA LAMIS

Tresna iku aja lamis! Padha sengita marang piala

sarta nglakonana panggawe becik” (Rum 12:9)

Lamis punika ateges punapa ingkang dipun ngendikakaken boten sami kaliyan ingkang dipun raosaken ing batosipun. Upaminipun nindakaken ayahan kanthi tumemen karana dipun awasi dening pimpinanipun, manawi mboten dipun awasi anggenipun nindakaken ayahan sakpikajengipun piyambak. Manawi makaten saged dipun tingali bilih ingkang kalairaken namung formalitas, boten medal saking manah ingkang tulus.

Kadospundi manawi tresna menika lamis? Pitakenan ingkang saged dipun gegilut sesarengan. Tresna punika prayoginipun katindakaken kanthi tulus eklas. Mboten karana kepeksa, punapa malih namung kagem kedhok utawi topeng. Manawi tresna namung dados kedhok menika ingkang kasebat lamis. Tundhanipun nuwuhaken perkawis.

Rasul Paulus ngatag pasamuwan wonten ing Rum, supados tansah olah katresnan kanthi tumindak ingkang mboten lamis. Pasamuwan kedah mangertos bilih tresna menika kedahipun mboten lamis. Pasamuwan sami dipun bereg nindakaken gesang kanthi tulus. Tresna ingkang tulus mesthi katindakaken wonten ing sadhengah kawontenan, wekdal lan papan, kangge mbangun gesang saha nuwuhaken rumaketing sesambetan. Patrap gesang ingkang lamis kagolong dados piala. Mila perkawis menika kedah dipun singkiraken. Tiyang pitados kedah ngawonaken piawon kanthi srana nindakaken samubarang ingkang sae.

kadospundi kita maujudaken katresnan ingkang boten lamis? Punapa katresnan punika dipun watesi dening wekdal, papan saha kawontenan? Sumangga tansah emut katresnanipun Gusti Yesus dhateng kita. Gusti Yesus nresnani kita kanthi tulus. Gusti Yesus masrahaken sarira tuwin rahipun, minangka kurban ingkang sejati. Katresnanipun Gusti Yesus kababar kangge mulihaken, nucekaken lan ngiyakaten gesang kita. Kanthi punika kita ugi kaatag kangge nuladhani Sang Kristus srana olah katresnan. Sumangga niti priksa wonten ing telenging batos kita, menapa anggen kita mujudaken katresnan punika sampun jumbuh kaliyan dhawuhipun Gusti Yesus. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ