Pangentasan 4:10-31; Jabur 83:1-4, 13-18; Wahyu 3:1-6
PAMITAN
“Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro marasepuhe,
sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula
ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?…” (Pangentasan 4:18)
Lare-lare asring diwucal supados manawi badhe mangkat sekolah kedah pamitan rumiyin kaliyan tiyang sepuh. Pamitan menika penting kajawi dados peranganing tata krama ugi supados pikantuk donga pangestu saking tiyang sepuh, supados anggenipun sinau pinaringan berkah.
Pangestunipun tiyang sepuh saestu ndayani supados anggenipun mlampah pikantuk margi ingkang terang padhang. Bab punika mbereg para lare maujudaken sikep mbangun-turut dhateng tiyang sepuh. Gusti Allah paring dhawuh dhateng Musa. Sakderengipun Musa tumuju dhateng ing Mesir, piyambakipun pamit dhateng Marasepuhipun, inggih punika Imam Yitro manawi badhe tumuju dhateng ing Mesir kaliyan garwa lan putranipun. Tumindakipun Musa punika dados tuladha kadospundi ngaosi tiyang sepuh.
Saksampunipun Musa nyuwun pamit dhateng Imam Yitro, piyambakipun nampi donga pangestu. Anggenipun Musa kaliyan brayatipun badhe tumuju dhateng Mesir ugi dipun dongakaken dening marasepuhipun. Aturipun Imam Yitro dhateng Musa: “Iya becik mangkata kalawan tentrem.” Donga pangestu saking Imam Yitro nganthi lampahipun Musa saha supados Musa binerkahan anggenipun tumuju dhateng Mesir. Cariyos menika ngetingalaken sesambetan ingkang samesthinipun kabangun antawisipun para lare dhateng tiyang sepuh. Sinau saking tumindakipun Musa, adat pamit menika dados piwucal ingkang sae wonten ing gesang padintenan. Ing jaman samangke nembe marak tumindak awon kadosdene klithih ingkang katindakaken dening para lare. Prayoginipun lare kedah dipun biasakaken supados pamit dhateng tiyang sepuh sakdherengipun badhe kesah. Perkawis menika saged dados kontrol supados para lare katebihaken saking pergaulan bebas saha tumindak awon. Kajawi punika ugi dados piwucal supados para lare mbangun turut dhateng tiyang sepuhipun, matemah para lare nggadhahi tata krama ingkang sae. Pamitan punika pancen wigati.|*SEP