+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 5 September 2023 Minggu Limrah XVIII

Pangentasan 5:1-6:13; Jabur 83:1-4, 13-18; Wahyu 3:7-13

NGESTOKAKEN DHAWUHIPUN GUSTI

Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten:

Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan

nganakake riyaya  konjuk marang Ingsun!” (Pangentasan 5:1)

Adhakanipun, tiyang sepuh punika ngajeng-ajeng supados anak-anakipun  dados tiyang ingkang mbangun turut. Wujud pambangun turut punika katindakaken srana ngestokaken menapa ingkang dipun dhawuhaken dening tiyang sepuh. Contonipun, manawi tiyang sepuh ndhawuhi supados manawi para lare ngampil barang darbekipun rencangipun, enggal dipun wangsulaken, mila lare nggih kedah mirengaken lan ngestokaken dhawuh punika. Nabi Musa lan Rama Harun ugi kalebet tiyang ingkang mbangun turut. Inggih kekalihipun dados tiyang ingkang piniji, ingkang tansah ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah.

Gusti Allah paring dhawuh supados Nabi Musa lan Rama Harun sowan dhateng Prabu Pringon. Kekalihipun lajeng sowan dhateng Prabu Pringon supados bangsa Israel saged ngawontenaken riyaya kagem Gusti. Ananging sang Prabu Pringon mboten marengaken banga Israel nilaraken negari Mesir. Perkawis punika karana Prabu Pringon mboten pitados saha mboten tepang kaliyan Gusti Allah. Kajawi punika Prabu Pringon ngersakaken supados bangsa Israel mboten nilar pedamelanipun. Ananing sejatosipun Gusti Allah sampun ngrancang wekdal ingkang sae miturut karsanipun.

Kasunyatanipun, nindakaken dhawuhipun Gusti Allah punika mboten gampil. Anggen kita ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah asring  nemahi pepalang ingkang damel kita kuciwa lan mangkel. Saged kemawon ingkang kalampahan mboten kados ingkang dipun mbayangaken sacara kamanungsan. Mugi pengalamanipun Nabi Musa lan Rama Harun mboten ndadosaken kita mlajar saking dhawuhipun Gusti Allah. Ananging ndadosaken pambereg supados kita tansah ngestokaken dhawuhipun Gusti  Allah wonten ing sadhengah kawontenan. Mila anggenipun ngestokaken dhawuhipun Gusti, kedah purun ngemudheni dhiri. Gusti mirsani saha sampun ngrancang perkawis ingkang sae tumrap gesanging umat kagunganipun. Sampun rumaos ajrih, awit Gusti Allah tansah nganthi gesang kita.|*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ