+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 6 September 2023 Minggu Limrah XVIII

Pangentasan 7:14-25; Jabur 83:1-4, 13-18; Mateus 12:22-32

MANAH KANG WANGKOT

Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Atine pringon iku wangkot, ora gelem nglilani lunga bangsa iku.” (Pangentasan 7:14)

Waosan kita punika maringi gambaran bab tiyang ingkang wangkot manahipun. Pangarsaning Mesir inggih punika Prabu Pringon kasebat tiyang ingkang wangkot manahipun. Nalika nabi Musa lan Harun sowan dhateng Prabu Pringon nyuwun supados nglilakaken bangsa Israel tumuju dhateng ing pasamunan kagem ngabekti dhateng Gusti, ananging Prabu Pringon mboten myarsakaken panyuwunan menika. Sampun makaping-kaping anggenipun Musa lan Harun sowan Prabu Pringon. Ngantos Musa lan Harun nyumurupi mukjijat kados ingkang kadhawuhaken dening Gusti supados nguncalaken tekenipun temah teken punika malih dados sawer. Mukjizat punika tetep kemawon mboten mbikak manahipun Prabu Pringon, malah penggalihipun tetep puguh mboten purun nggatosaken dhawuhipun Gusti. Awit saking menika Gusti Allah ndhawahaken sedasa wewelak dhateng bangsa Mesir. Ngantos dumugi wewelak ingkang kaping sedasa tetep kemawon manahipun Prabu Pringon wangkot. Kamangka  sampun cetha, nalika Musa lan Harun sowan dhateng Pringon abdinipun Gusti kekalih menika sampun ngaturaken bilih sowanipun punika karana dhawuhipun Gusti Allah ingkang murbeng dumadi.

 Tiyang ingkang kasebat wangkot punika amargi mboten purun mirengaken dhawuhipun Gusti Allah, mboten manut kaliyan punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti utawi tiyang ingkang namung nggugu lan ngguja pikajengipun piyambak. Mbok bilih manah ingkang wangkot mboten namung katujokaken dhateng Prabu Pringon, ananging dhateng sok sintena tiyang ingkang namung nggugu pikajengipun piyambak. Manawi kajumbuhaken kaliyan kawontenan kita, perkawis punika dados kaca tingal anggen kita ningali dhiri kita piyambak. Kadospundi kaliyan kawontenaning manah saha gesang kita, punapa kita pantes kasebat tiyang ingkang mbangun turut dhateng Gusti? Punapa kita kalebet tiyang ingkang wangkot karana namung nggugu pikajeng kita piyambak? Sumangga sami niti priksa gesang kita.|*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ