+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 7 September 2023 Minggu Limrah XVIII

Pangentasan 9:1-7; Jabur 149; II Korinta 12:11-21

SUMELANG

“Awit aku seumelang, menawa besuk samasa aku teka, kowe ora padha tinemu kaya kang dakkarepake lan kowe ketemu aku ora kaya kang padha kokkarepake. Aku sumelang ing bab anane pasulayan, kumeren, brangasan, mung mikir awake dewe, pitenah, panyatur ala, kumenthus, lan rerusuh.” (II Korinta 12:20)

Raos sumelang punika limrah karaosaken dening manungsa. Sedaya tiyang nate ngraosaken was sumelang.  Raos sumelangipun tiyang punika benten-benten. Wonten ingkang sumelang ngengingi bab kabetahan pokok; kadosta pangan, sandang, papan, saha saged ugi ngengingi kabetahan sanesipun. Utawi tiyang sepuh ingkang sumelang manawi larenipun mlebet wonten ing sesambetan ingkang ngrisak, utawi manawi larenipun tumindak ingkang awon.

Minangka pamomong ing pasamuwan ingkang medhar Injil wonten ing saindhenging tlatah, rasul Paulus ugi nate ngraosaken sumelang. Raos sumelangipun rasul Paulus punika ngengingi bab tata gesangipun pasamuwan ingkang nglampahi piawon saha nggugu pikajengipun piyambak. Paulus mboten sumelang bab kadonyan, ananging ngengingi tata gesang karohanen lan sawernining piawon. Rasul Paulus ngajeng-ajeng manawi dumugi wekdalipun pepanggihan setunggal lan setunggalipun tansah gesang minangka pandherekipun Gusti. Lumantar serat punika Rasul Paulus ngendikakaken supados sampun ngantos warganing pasamuwan punika sami tumindak ingkang nuwuhaken pasulayan, kumeren, brangasan, namung mikiraken kawontenan dhirinipun piyambak, tuwuh pitenah, panyatur ingkang ala, sikep kumenthus saha rerusuh, lan sakpiturutipun.

Pangandikanipun Rasul Paulus punika ugi dados pameca saha pemut tumraping kita. Minangka para pandherekipun Gusti Yesus, sampun ngantos ingkang kita tindakaken ing gesang padintenan punika namung nggugu kamanungsan, ananging tumindak ingkang ngetingalaken patrap gesang ingkang cundhuk kaliyan dhawuhipun Gusti Yesus. Inggih srana mekaten punapa ingkang kita tindakaken saged dados talanging  berkah dhateng sesami. Sampun ngantos gesang kita kagungan  dening patrap tumindak ingkang awon. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ