Pangentasan 1:1-7; Jabur 8; Rum 2:1-11 TANGKAR TUMANGKAR “Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe, mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.” (Pangentasan 1:7) Sawise Yusuf lan sadulur-sadulur sabarakane seda, anak turune Yakub tangkar tumangkar lan ngebaki Mesir. Gumintine generasi ora gawe tumpese bangsa keturunane Israel. Malah upayane panguwasa ing Mesir kanggo numpes ngrembakane wong Israel ora gawe sirnane bangsa mau. Kasangsaran lan panindhes ora bisa ngalangi prajanjine Gusti kanggo ndandekake tedahak turune Abraham, Ishak lan Yakub bangsa kang gedhe. Sanajan rumpil dalane lan abot perjuangane, nanging awit pitulungan lan pangrumate Gusti bangsa Israel terus ngrembaka malah mengkone dadi bangsa kang mardika. Tangkar tumangkare bangsa Israel ora mung prakara ngrembakane cacahe wong Israel nanging uga ngrembakane iman lan kapercayan marang Gusti kang kudu ditepungake sih katresnane marang jagad. Awit bangsa Israel ora mung kaprasetyakake dadi bangsa gedhe nanging bakal dadi berkah tumraping jagad. Akeh upaya kanggo nyandhet wuwuhe wong pracaya supaya ora sangsaya akeh, nanging nyatane wong Pracaya tangkar tumangkar, ora entek, kabeh mau awit mengreksa lan panggulawenthahe Gusti marang kagungane. Greja tuwuh ngrembaka, sumebar ing saendenging tlatahing bangsa, maneka rupa denominasine. Wong pracaya katimbalan urip sjroning paseduluran minangka brayate Gusti, ngrumat imane kang wus pracaya lan neksekake imane marang jagad. Dudu cacah kang wigati nanging tumangkare katresnan ing antarane wong pracaya lan katresnan tumrap sapepdane urip. Pasamuwan rineksa dening Gusti supaya dadi berkah tumrap jagad, mula tumangkare wong pracaya uga kudu dibarengi tumangkare berkahe Gusti marang umat manungsa, apa bae suku bangsa lan agamane. Payo padha mangun paseduluran lan karukunan ing antarane pasamuwan, supaya padha bisa dadi berkah ing satengahing urip berarengan karo wong liya. |*SSS
Ahad, 27 Agustus 2023 Minggu Limrah XVII
Pangentasan 1:8-2:10; Jabur 124; Rum 12:1-8; Mateus 16:13-20 PISUNGSUNG “Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah, yaiku pangibadahmu kang sejati.” (Rum 12:1) Pisungsung kuwi ora mung arupa barang utawa bandha donya. Raja brana mung salah sijin perangane pisungsung. Pisungsung kang sejati yaiku uripe manungsa, tegese samubarang kang di pikirake, diucapake lang ditindakake manungsa kudu bisa dadi pisungsung kang ngluhurake asmane Gusti. Miturut serate Rasul Paulus ing Rum 12, saben wong pracaya iku kudu bisa misungsungake badane (uripe) minangka pisungsung kang urip, suci lan dadi keparenge Allah. Pisungsung kang mankono iku diarani pangibadah kang sejati. Murih urip bisa dadi pisungsung kang kaya mangkono mau, padha dielingake supa ora urip madha rupa kaya donya iki, yaiku urip sajroning dosa. Kosok baline padha kaeguhake supaya padha urip kalawan bebuden kang kaanyarake dening Gusti, kanthi mangkono bisa mbedaake endi kang dadi karsane Allah, yaiku kang becik lan sampurna. “mbedakake” ing kene orang mung milah lan misah kang dadi karsane Allah lan kang ora, nanging uga nglakoni karsane Allah lan ninggal kang ora dadi karsane. Adhedhasar pangerten kaya mangkono iku, sajatine pira bae akehe pingsung raja-brana ora ana regane manawa ora dikantheni misungsungake urip kaya kang dikarsakake dening Allah. Wes wayahe padha ninggal urip lawas sajroning dosa lan ngrasuk urip anyar sajroning Sang Kristus kang mulangake urip kang suci lan dadi keparenge Allah lan sampurna. Sampurna tegese orang ora mung sakadhare bae, nanging urip ora madha rupa donya kang kebak dosa, nanging kanthi temen ngudi urip urip anyar kang suci, minangka pisungsung kang sejati. |*SSS
Setu, 26 Agustus 2023 Minggu Limrah XVI
Purwaning Dumadi 50:15-26; Jabur 124; Mateus 16:5-12 RAGI “Yesus ngandika marang para sakabat, padha diawas, padha kang waspada marang ragine para Farisi lan Saduki” (Mateus 16:6) Samubarang kang diucapake lan ditindaake manungsa iku mesthi ana pengaruhe marang wong liya. Tetembungan sing kasar bisa nglarani atine liyan, mangkono uga tumindak ala bisa nyengsaraake wong liya. Saben wong bisa duwe pengaruh bisa uga kena pengaruh. Mula saben wong kudu ngati-ati migunaake pengaruhe lan ora gampang nampa pengaruh kang ora becik. Ragi iku jinising jamur bisa bisa gawe kalise ulenen glepung roti. Ragi sathithik bisa ngalisake ulenan akeh. Ragi iku dadi gambarane barang kang katone sepele utawa cilik nanging duweni pengaruh gedhe. Pengaruh mau bisa becik bisa ala. Naging di wacan iki ragi kang dikarsaake Gusti Yesus katujoake ing bab pengaruh kang ala, saka wong Farisi lan Sadukimulane kudu awas lan waspada. Ragi ing kene yaiku, pamulange para Farisi lan Saduki. Piwulange para Farisi lan saduki nduweni pengaruh gedhe tumrape wong Yahudi ing bab agama lan sosial. Wong Farisi nduweni panemu ing antarane; Kaselametan iku awit nindaake Toret kanthi sampurna, dene wong Saduki ora percaya anane tangining raga. Kajaba kui padha nganggep manawa sapepadhane manungsa kui mung sapepadhane wong Yahudi. Kajaba iku wong-wong Farisi seneng pamer bab urip (ritual) keagamaane. Sajroning sejarah, wong kang duwe panguwasa lan para ulama, nduweni pengaruh kang gedhe tumrap masyarakat. Jaman saiki akeh penguwasa lan ulama kang nyalah gunaake pengaruh kanggo nggayuh panggayuh politik lan ekonomi. Piwulang agama kerep dimangerteni keliru, eksklusif, lan fanatik, ndadekake panganute rumangsa bener dhewe, seneng ngala-ala agama liya lan ngalang-alangi wong wong liya nindakake piwulang agamane. Media sosial uga kerep dipigunakake kanggo nyebarake pawarta, piwulang lan paham-paham kang ora kabeh bener lan becik. Piwelinge Gusti Yesus ngemu teges aja gawe pengaruh kang ala, lan aja kena pengaruh samubarang kang ora becik. Kosokbaline, duwea pengaruh kang becik lan aja kabidung pengaruh kang ala, lumantar kuwasa, agama lan media sosial. |*SSS
Renungan Harian Sadhar September 2023
Tema: Pangibadah Punika Pratandha Lan Paseksi Klik Disini Untuk Mengunduh Bahan Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone. unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar
Ahad, 10 September 2023 Minggu Limrah XIX
Pangentasan 12:1-14; Jabur 149; Rum 13:8-14; Mateus 18:15-20 NGEMUTAKEN KANTHI KATRESNAN “Manawa sadulurmu gawe dosa, paranana lan elingna dhedhewekan. Menawa nggugu marang kandhamu, iku tegese kowe wus ngentas sadulurmu.” (Mateus 18:15) Sadaya tiyang nate nglampahi dosa. Kenging punapa tiyang saged dhumawah ing dosa? Inggih karana kajiret dening pepenginaning daging. Tiyang ingkang dhumawah ing dosa prayoginipun dipun biyantu supados gesangipun saged pulih. Wonten sakperangan ingkang nggadhahi Pamanggih bilih tiyang ingkang dosa utawi lepat punika kedah dipun-ukum. Ananging Gusti Yesus paring dhawuh, manawi wonten sedherek ingkang dhumawah ing dosa kedah dipun biyantu lan dipun rengkuh kanthi cara ngemutaken. Bab punika dados tuntunan anggenipun tiyang Kristen mujudaken katresnan. Nresnani menika mboten namung dhateng tiyang ingkang ugi nresnani kita, ananging dhateng sadaya tiyang, kalebet tiyang ingkang dhumawah ing dosa. Gusti Yesus ngersakaken supados kita purun enget-ingengetaken. Anggenipun ngemutaken sadherek punika kedah kanthi katresnan. Tegesipun, anggenipun ngemutaken menika mboten lajeng kok wonten ngajengipun tiyang kathah. Ngemutaken srana katresnan punika tujuanipun mboten kangge ngwirangaken, ananging mitulungi saha ngrengkuh sedherek punika supados kersa nelangsani dosanipun wonten ing ngarsanipun GustiAllah, saha kagungan tekad nindakaken gesang anyar. Mboten namung tiyang sanes ingkang saged dhumawah ing dosa, ananging kita ugi saged dhumawah ing dosa. Wonten wekdalipun kita mitulungi tiyang sanes, ugi wonten wekdalipun kita mbektahaken pitulungan tiyang sanes. Gusti Yesus paring piwucal kados pundi kita saged gesang tulung-tinulung kanthi ngemutaken srana katresnan. Cara ingkang dados patrap gesang ingkang kedah dipun tindakaken dening tiyang Kristen. Kita prelu ngrengkuh sedherek ingkang mbektahaken pitulungan. Awit Gusti Yesus ugi sampun ngrengkuh manungsa, supados luwar saking pamengkuning dosa lan pati. Katresnanipun Gusti Yesus tumerah dhateng kita, supados kita nilar gesang lami saha nindakaken gesang anyar manut dhawuhipun Gusti Yesus. |*SEP
Setu, 9 September 2023 Minggu Limrah XVIII
Pangentasan 11:1-10; Jabur 149; Mateus 23:29-36 TUMINDAK KANG ORA DIKERSAKKE GUSTI ALLAH “Bilai kowe, he para ahli Toret lan para Farisi, wong-wong lamis, awit kowe, mbangun pasareaning para nabi lan ngrerengga tugu-tugune wong-wong mursid” (Mateus 23:29) Tiyang ingkang nglirwakaken bab kaadilan, welas asih saha kasetyan punika ateges langkung nggugu pikajengipun piyambak. Kamangka Gusti Yesus ngersakaken supados saben tiyang mujudaken katresnan wonten sauruting gesang. Tiyang ingkang nggugu pikajengipun piyambak punika tumindakipun boten jumbuh kaliyan karsanipun Gusti Allah. Gusti Yesus duka kaliyan tiyang Farisi lan Ahli Toret. Tiyang-tiyang punika ingkang kagolongaken dados tiyang ingkang lamis. Sinaosa sami kalebet pangarsaning agami ingkang misuwur, ananging tumindakipun tebih saking karsanipun Gusti Allah. Awit sampun nglirwakaken raos welas asih, kaadilan tuwin kasetyan. Malah tumindakipun nindhes tiyang ingkang sekeng. Sadaya punika katindakaken namung kagem ngluhuraken dhirinipun piyambak. Supados tiyang sanes ningali gesangipun suci, ananging sejatosipun punika namung kagem topeng kemawon. Para ahli Toret lan tiyang Farisi ugi mbangun pasareanipun nabi lan ngrengga-ngrengga tugu-tugunipun tiyang mursid ing pakuburan, kangge sarana supados piyambakipun saged selak saking para leluhur ingkang nyedani para nabi. Sejatosipun tiyang-tiyang punika tumindakipun mboten tebih kaliyan para leluhuripun awit ingkang ngrancang badhe mejahi Gusti Yesus. Pangandikanipun Gusti Yesus punika ngemutaken dhateng kita bilih tumindak lamis punika ndhatengaken bilai, saha mboten dipun kersakaken dening Gusti Allah. Para ahli Toret lan tiyang Farisi sejatosipun mangertos bab tata gesang ingkang sakmesthinipun, ananging piyambakipun malah mboten purun nindakaken. Mila lajeng kasebat tiyang ingkang lamis. Kita saged milah tumindak menapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah lan pundi ingkang mboten. Manawi kita nindakaken punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah, samangke kita ngraosaken kabegjan lan karahayon. Kosok wangsulipun menawi kita nglirwakaken dhawuhipun Gusti Allah, tundhanipun nemahi bilai. Pundi ingkang badhe kita tindakaken? |*SEP
Jemuwah, 8 September 2023 Minggu Limrah XVIII
Pangentasan 10:21-29; Jabur 149; Rum 10:15b-21 ORA SABEN WONG PADHA NAMPANI PAWARTA BECIK “Ananging ora saben wong padha nampani pawarta becik iki mau. Sabab Yesaya matur, mengkene, “Dhuh Pangeran, sinten ingkang badhe pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?” (Rum 10:16) Titikaning jaman ingkang sangsaya maju punika ngetingalaken bilih saben tiyang sampun tepang kaliyan media sosial kadosta facebook, twitter, instagram, youtube. Mboten namung para nem-neman ingkang sami ngginakaken lan gadhah akun wonten ing media sosial punika ananging ugi para tiyang sepuh. Akun punika dipun iseni photo, video lan rupi-rupi seratan. Tiyang ingkang mirsani lan paring komentar mboten namung rencang akrab, ananging ugi tyang saindhenging jagad. Kasunyatanipun boten sadaya komentar punika sae, wonten komentar ingkang ngremehaken, maiben lan sanes-sanesipun. Sinaosa ingkang kawedhar punika pawartos ingkang migunani, ananging mboten sedaya tiyang saged nampi lan naggapi kanthi sae. Rasul Paulus paring paseksi bab kayekten lan gesang wonten ing sih rahmatipun Sang Kristus. Ananging boten saben tiyang purun nampi pawartos kabingahan punika. Pangandikanipun Rasul Paulus kajumbuhaken kaliyan pengalaman gesangipun nabi Yesaya ingkang piniji dening Gusti martosaken pangandikanipun Gusti kagem bangsa Israel. Kawontenanipun bangsa Israel nalika semanten ugi mboten purun nampi pawartosipun nabi Yesaya. Malah ingkang kalampahan sami maiben. Saking pengalaman punika Rasul Paulus ngatag supados pasamuwan nyawisaken manah saha mirengaken pawartos ingkang kawedhar. Kasantosaning kapitadosan dhumateng Sang Kristus punika, wiwitanipun saking mirengaken Sabdanipun Gusti Allah. Mila ingkang sami nampi pawartos punika kasebat tiyang ingkang rahayu. Sumangga sami mirengaken saha ngestokaken dhawuhaken dening Gusti Allah. Kanthi nampi saha ngraos-ngraosaken lan nindakaken wonten ing gesang padintenan, matemah iman kapitadosan kita sangsaya kiyat. Manawi wosing pangandikanipun Gusti Allah ngemutaken saha ndunungaken sampun ngantos kita mlajar lan nebih Gusti, sabab pemut punika kawedhar kagem kasaenaning gesang kita.|*SEP
Jemuwah, 25 Agustus2023 Minggu Limrah XVI
Purwaning Dumadi 49:29-50:14; Jabur 124; II Korinta 10:12-18 PANGALEMBANA “Nanging sapa kang ngegung-ngegungake, iku ngegungna ing Pangeran.” (II Korinta 10:17) Sapa bae mesthi seneng dialembana. Pangalembana iku nggedheake atine, gawe bungah, lan nyemangati. Kosok baline ora ana wong sing seneng dicacat, amarga dicacat gawe cilik ati, gawe sedhih, semplah, lan semplah. Sajatine, pangalembana iku luwih becik tinimbang panyacat. Jaman saiki akeh wong sing luwih seneng nyacat tinimbang ngalembana, apa maneh ing jagad media sosial. Body shaming (nyacat rupa utawa ragane wong liya), nyacat agama liya, nyacat pemimpining bangsa, lan nyacat kekurangane wong liya. Rasul Paulus ngandikakake pamanggihe tumrap sarirane. Rasul Paulus ora dhemen nandhingake sarirane karo wong kang ngalem awake dhewe. Miturut Paulus ngalembana awake dhewe iku padha karo ngukur awake nganggo ukurane dhewe, mesthi bae bakal ngapik-apik awake dhewe lan nyacat wong liya, apa maneh manawa anggone ngalem awake dhewenluwihi wates. Nanging Paulus ngarep-arep pakurmatan luwih saka pasamuan Korinta manawa pracayane pasamuwan padha mundhak. Pakurmatan sing dikarepake Pulus kuwi tanda manawa paladosan lan pamulange bener lan becik. Pakurmatan kang kaya mangkono iku asale saka Gusti kang tuwuh saka wohing pakaryan. Iku sing diarani ngegungake dhiri ana ing pangeran, yaiku dadi tanggon amarga dialem dening Pangeran dudu dening manungsa. Pangalembana iku ana becike, amarga bisa gawe wong liya gedhe atine, mula aja cethil pangalembana. Sanaja pangalembana iku nggedhekake ati nanging pangalembana iku dudu tujuan nindaake pakaryan apa bae. Pangalembana kang becik yaiku pamgalembana kang tuwuh saka ing wohing pakaryan kang ditindaake kanthi temen lan iklas. Pangalem kang kaya mangkono iku asale saka pangeran lan ndadeake tanggon. Katresnan iku seneng aweh pangalembana kanggo samubarang kang becik,lan ora mburu pangalembane manungsa tumrap kabecikan kang ditindakake |*SSS
Materi Bulan Doa Alkitab 2023
Dalam Rangka Bulan Doa Alkitab 2023 Lembaga Alkitab Indonesia ”Firman Ilahi Berkuasa Membarui” (Yesaya 55:10-11, TB) PANDUAN IBADAH DAN PENGANTAR TEMA KHOTBAH PANDUAN IBADAH ANAK DAN REMAJA
Terlindungi: Sidang Sinode GKJ XXIX
Tidak ada kutipan karena ini adalah pos yang terlindung sandi.


