+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 25 Agustus2023 Minggu Limrah XVI

Purwaning Dumadi 49:29-50:14; Jabur 124; II Korinta 10:12-18

PANGALEMBANA

“Nanging sapa kang ngegung-ngegungake,

iku ngegungna ing Pangeran.”

(II Korinta 10:17)

Sapa bae mesthi seneng dialembana. Pangalembana iku nggedheake atine, gawe bungah, lan nyemangati. Kosok baline ora ana wong sing seneng dicacat, amarga dicacat gawe cilik ati, gawe sedhih, semplah, lan semplah. Sajatine, pangalembana iku luwih becik tinimbang panyacat. Jaman saiki akeh wong sing luwih seneng nyacat tinimbang ngalembana, apa maneh ing jagad media sosial. Body shaming (nyacat rupa utawa ragane wong liya), nyacat agama liya, nyacat pemimpining bangsa, lan nyacat kekurangane wong liya. 

Rasul Paulus ngandikakake pamanggihe tumrap sarirane. Rasul Paulus ora dhemen nandhingake sarirane karo wong kang ngalem awake dhewe. Miturut Paulus ngalembana awake dhewe iku padha karo ngukur awake nganggo ukurane dhewe, mesthi bae bakal ngapik-apik awake dhewe lan nyacat wong liya, apa maneh manawa anggone ngalem awake dhewenluwihi wates. Nanging Paulus ngarep-arep pakurmatan luwih saka pasamuan Korinta manawa pracayane pasamuwan padha mundhak. Pakurmatan sing dikarepake Pulus kuwi tanda manawa paladosan lan pamulange bener lan becik. Pakurmatan kang kaya mangkono iku asale saka Gusti kang tuwuh saka wohing pakaryan. Iku sing diarani ngegungake dhiri ana ing pangeran, yaiku dadi tanggon amarga dialem dening Pangeran dudu dening manungsa.

Pangalembana iku ana becike, amarga bisa gawe wong liya gedhe atine, mula aja cethil pangalembana. Sanaja pangalembana iku nggedhekake ati nanging pangalembana iku dudu tujuan nindaake pakaryan apa bae. Pangalembana kang becik yaiku pamgalembana kang tuwuh saka ing wohing pakaryan kang ditindaake kanthi temen lan iklas. Pangalem kang kaya mangkono iku asale saka pangeran lan ndadeake tanggon. Katresnan iku seneng aweh pangalembana kanggo samubarang kang becik,lan ora mburu pangalembane manungsa tumrap kabecikan kang ditindakake |*SSS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ