+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 8 September 2023 Minggu Limrah XVIII

Pangentasan 10:21-29; Jabur 149; Rum 10:15b-21

ORA SABEN WONG PADHA NAMPANI PAWARTA BECIK

Ananging ora saben wong padha nampani pawarta becik iki mau. Sabab Yesaya matur, mengkene, “Dhuh Pangeran, sinten ingkang badhe pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?” (Rum 10:16)

Titikaning jaman ingkang sangsaya maju punika ngetingalaken bilih saben tiyang sampun tepang kaliyan media sosial kadosta facebook, twitter, instagram, youtube. Mboten namung para nem-neman ingkang sami ngginakaken lan gadhah  akun wonten ing media sosial punika ananging ugi para tiyang sepuh. Akun punika dipun iseni photo, video lan rupi-rupi seratan. Tiyang ingkang mirsani lan paring komentar mboten namung rencang akrab, ananging ugi tyang saindhenging jagad. Kasunyatanipun boten sadaya komentar punika sae, wonten komentar ingkang ngremehaken, maiben lan sanes-sanesipun.  Sinaosa ingkang kawedhar punika pawartos ingkang migunani, ananging mboten sedaya tiyang saged nampi lan naggapi kanthi sae.

Rasul Paulus paring paseksi bab kayekten lan gesang wonten ing sih rahmatipun Sang Kristus. Ananging boten saben tiyang purun nampi pawartos kabingahan punika. Pangandikanipun Rasul Paulus kajumbuhaken kaliyan pengalaman gesangipun nabi Yesaya ingkang piniji dening Gusti martosaken pangandikanipun Gusti kagem bangsa Israel.  Kawontenanipun bangsa Israel nalika semanten ugi mboten purun nampi pawartosipun nabi Yesaya. Malah ingkang kalampahan  sami maiben. Saking pengalaman punika Rasul Paulus ngatag supados pasamuwan nyawisaken  manah saha mirengaken pawartos ingkang kawedhar. Kasantosaning kapitadosan dhumateng Sang Kristus punika, wiwitanipun saking mirengaken Sabdanipun Gusti Allah. Mila ingkang sami nampi pawartos punika kasebat tiyang ingkang rahayu.

Sumangga sami mirengaken saha ngestokaken dhawuhaken dening Gusti Allah. Kanthi nampi saha ngraos-ngraosaken lan nindakaken wonten ing gesang padintenan, matemah iman kapitadosan kita sangsaya kiyat. Manawi wosing pangandikanipun Gusti Allah ngemutaken saha ndunungaken sampun ngantos kita mlajar lan nebih Gusti, sabab pemut punika kawedhar kagem kasaenaning gesang kita.|*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ