+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 9 September 2023 Minggu Limrah XVIII

Pangentasan 11:1-10; Jabur 149; Mateus 23:29-36

TUMINDAK KANG ORA DIKERSAKKE GUSTI ALLAH

Bilai kowe, he para ahli Toret lan para Farisi, wong-wong lamis, awit kowe, mbangun pasareaning para nabi lan ngrerengga tugu-tugune wong-wong mursid” (Mateus 23:29)

Tiyang ingkang nglirwakaken bab kaadilan, welas asih saha kasetyan punika ateges langkung nggugu pikajengipun piyambak. Kamangka Gusti Yesus ngersakaken supados saben tiyang mujudaken katresnan wonten sauruting gesang. Tiyang ingkang nggugu pikajengipun piyambak punika tumindakipun boten jumbuh kaliyan karsanipun Gusti Allah.

Gusti Yesus duka kaliyan tiyang Farisi lan Ahli Toret. Tiyang-tiyang punika ingkang kagolongaken dados tiyang ingkang lamis. Sinaosa sami kalebet pangarsaning agami ingkang misuwur, ananging tumindakipun tebih saking karsanipun Gusti Allah. Awit sampun nglirwakaken raos welas asih, kaadilan tuwin kasetyan. Malah tumindakipun nindhes tiyang ingkang sekeng. Sadaya punika katindakaken namung kagem ngluhuraken dhirinipun piyambak. Supados tiyang sanes ningali gesangipun suci, ananging sejatosipun punika namung kagem topeng kemawon. Para ahli Toret lan tiyang Farisi ugi mbangun pasareanipun nabi lan ngrengga-ngrengga tugu-tugunipun tiyang mursid ing pakuburan, kangge sarana supados piyambakipun saged selak saking para leluhur ingkang nyedani para nabi. Sejatosipun tiyang-tiyang punika tumindakipun mboten tebih kaliyan para leluhuripun awit ingkang ngrancang badhe mejahi Gusti Yesus.

Pangandikanipun Gusti Yesus punika ngemutaken dhateng kita bilih tumindak lamis punika ndhatengaken bilai, saha mboten dipun kersakaken dening Gusti Allah. Para ahli Toret lan tiyang Farisi sejatosipun mangertos bab tata gesang ingkang sakmesthinipun, ananging piyambakipun malah mboten purun nindakaken.  Mila lajeng kasebat tiyang ingkang lamis. Kita saged milah tumindak menapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah lan pundi ingkang mboten. Manawi kita nindakaken punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah, samangke kita ngraosaken kabegjan lan karahayon. Kosok wangsulipun menawi kita  nglirwakaken dhawuhipun Gusti Allah, tundhanipun nemahi bilai. Pundi ingkang badhe kita tindakaken? |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ