+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 10 September 2023 Minggu Limrah XIX

Pangentasan 12:1-14; Jabur 149; Rum 13:8-14; Mateus 18:15-20

NGEMUTAKEN KANTHI KATRESNAN

“Manawa sadulurmu gawe dosa, paranana lan elingna dhedhewekan.

Menawa nggugu marang kandhamu, iku tegese kowe wus ngentas sadulurmu.” (Mateus 18:15)

Sadaya tiyang nate nglampahi dosa. Kenging punapa tiyang saged dhumawah ing dosa? Inggih karana kajiret dening pepenginaning daging. Tiyang ingkang dhumawah ing dosa prayoginipun dipun biyantu supados gesangipun saged pulih. Wonten sakperangan ingkang nggadhahi Pamanggih bilih tiyang ingkang dosa utawi lepat punika kedah dipun-ukum. Ananging Gusti Yesus paring dhawuh, manawi wonten sedherek ingkang dhumawah ing dosa kedah dipun biyantu lan dipun rengkuh kanthi cara ngemutaken.

Bab punika dados tuntunan anggenipun tiyang Kristen mujudaken katresnan. Nresnani menika mboten namung dhateng tiyang ingkang ugi nresnani kita, ananging dhateng sadaya tiyang, kalebet tiyang ingkang dhumawah ing dosa. Gusti Yesus ngersakaken supados kita purun enget-ingengetaken. Anggenipun ngemutaken sadherek punika kedah kanthi katresnan. Tegesipun, anggenipun ngemutaken menika mboten lajeng kok wonten ngajengipun tiyang kathah. Ngemutaken srana katresnan punika tujuanipun mboten kangge ngwirangaken, ananging mitulungi saha ngrengkuh sedherek punika supados kersa  nelangsani dosanipun wonten ing ngarsanipun GustiAllah, saha kagungan  tekad nindakaken gesang anyar.

Mboten namung tiyang sanes ingkang saged dhumawah ing dosa, ananging kita ugi saged dhumawah ing dosa. Wonten wekdalipun kita mitulungi tiyang sanes, ugi wonten wekdalipun kita mbektahaken pitulungan tiyang sanes. Gusti Yesus paring piwucal kados pundi kita saged gesang tulung-tinulung kanthi ngemutaken srana katresnan. Cara ingkang dados patrap gesang ingkang kedah dipun tindakaken dening tiyang Kristen. Kita prelu ngrengkuh sedherek ingkang mbektahaken pitulungan. Awit Gusti Yesus ugi sampun ngrengkuh manungsa, supados luwar saking pamengkuning dosa lan pati.  Katresnanipun Gusti Yesus tumerah dhateng kita, supados kita nilar gesang lami saha nindakaken gesang anyar manut dhawuhipun Gusti Yesus. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ