+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 27 Agustus 2023 Minggu Limrah XVII

Pangentasan 1:8-2:10; Jabur 124; Rum 12:1-8; Mateus 16:13-20

PISUNGSUNG

“Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah,

aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka

kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah,

 yaiku pangibadahmu kang sejati.

(Rum 12:1)

Pisungsung kuwi ora mung arupa barang utawa bandha donya. Raja brana mung salah sijin perangane pisungsung. Pisungsung kang sejati yaiku uripe manungsa, tegese samubarang kang di pikirake, diucapake lang ditindakake manungsa kudu bisa dadi pisungsung kang ngluhurake asmane Gusti.

Miturut serate Rasul Paulus ing Rum 12, saben wong pracaya iku kudu bisa misungsungake badane (uripe) minangka pisungsung kang urip, suci lan dadi keparenge Allah. Pisungsung kang mankono iku diarani pangibadah kang sejati. Murih urip bisa dadi pisungsung kang kaya mangkono mau, padha dielingake supa ora urip madha rupa kaya donya iki, yaiku urip sajroning dosa. Kosok baline padha kaeguhake supaya padha urip kalawan bebuden kang kaanyarake dening Gusti, kanthi mangkono bisa mbedaake endi kang dadi karsane Allah, yaiku kang becik lan sampurna. “mbedakake” ing kene orang mung milah lan misah kang dadi karsane Allah lan kang ora, nanging uga nglakoni karsane Allah lan ninggal kang ora dadi karsane.

Adhedhasar pangerten kaya mangkono iku, sajatine pira bae akehe pingsung raja-brana ora ana regane manawa ora dikantheni misungsungake urip kaya kang dikarsakake dening Allah. Wes wayahe padha ninggal urip lawas sajroning dosa lan ngrasuk urip anyar sajroning Sang Kristus kang mulangake urip kang suci lan dadi keparenge Allah lan sampurna. Sampurna tegese orang ora mung sakadhare bae, nanging urip ora madha rupa donya kang kebak dosa, nanging kanthi temen ngudi urip urip anyar kang suci, minangka pisungsung kang sejati. |*SSS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ