+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 26 Agustus 2023 Minggu Limrah XVI

Purwaning Dumadi 50:15-26; Jabur 124; Mateus 16:5-12

RAGI

“Yesus ngandika marang para sakabat,

padha diawas, padha kang waspada marang ragine

para Farisi lan Saduki

(Mateus 16:6)

Samubarang kang diucapake lan ditindaake manungsa iku mesthi ana pengaruhe marang wong liya. Tetembungan sing kasar bisa nglarani atine liyan, mangkono uga tumindak ala bisa nyengsaraake wong liya. Saben wong bisa duwe pengaruh bisa uga kena pengaruh. Mula saben wong kudu ngati-ati migunaake pengaruhe lan ora gampang nampa pengaruh kang ora becik.

Ragi iku jinising jamur bisa bisa gawe kalise ulenen glepung roti. Ragi sathithik bisa ngalisake ulenan akeh. Ragi iku dadi gambarane barang kang katone sepele utawa cilik nanging duweni pengaruh gedhe. Pengaruh mau bisa becik bisa ala. Naging di wacan iki ragi kang dikarsaake Gusti Yesus katujoake ing bab pengaruh kang ala, saka wong Farisi lan Sadukimulane kudu awas lan waspada. Ragi ing kene yaiku, pamulange para Farisi lan Saduki. Piwulange para Farisi lan saduki nduweni pengaruh gedhe tumrape wong Yahudi ing bab agama lan sosial. Wong Farisi nduweni panemu ing antarane; Kaselametan iku awit nindaake Toret kanthi sampurna, dene wong Saduki ora percaya anane tangining raga. Kajaba kui padha nganggep manawa sapepadhane manungsa kui mung sapepadhane wong Yahudi. Kajaba iku wong-wong Farisi seneng pamer bab urip (ritual) keagamaane.

Sajroning sejarah, wong kang duwe panguwasa lan para ulama, nduweni pengaruh kang gedhe tumrap masyarakat. Jaman saiki akeh penguwasa lan ulama kang nyalah gunaake pengaruh kanggo nggayuh panggayuh politik lan ekonomi. Piwulang agama kerep dimangerteni keliru, eksklusif, lan fanatik, ndadekake panganute rumangsa bener dhewe, seneng ngala-ala agama liya lan ngalang-alangi wong wong liya nindakake piwulang agamane. Media sosial uga kerep dipigunakake kanggo nyebarake pawarta, piwulang lan paham-paham kang ora kabeh bener lan becik. Piwelinge Gusti Yesus ngemu teges aja gawe pengaruh kang ala, lan aja kena pengaruh samubarang kang ora becik. Kosokbaline, duwea pengaruh kang becik lan aja kabidung pengaruh kang ala, lumantar kuwasa, agama lan media sosial. |*SSS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ