Pangentasan 1:1-7; Jabur 8; Rum 2:1-11
TANGKAR TUMANGKAR
“Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe,
mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.”
(Pangentasan 1:7)
Sawise Yusuf lan sadulur-sadulur sabarakane seda, anak turune Yakub tangkar tumangkar lan ngebaki Mesir. Gumintine generasi ora gawe tumpese bangsa keturunane Israel. Malah upayane panguwasa ing Mesir kanggo numpes ngrembakane wong Israel ora gawe sirnane bangsa mau. Kasangsaran lan panindhes ora bisa ngalangi prajanjine Gusti kanggo ndandekake tedahak turune Abraham, Ishak lan Yakub bangsa kang gedhe. Sanajan rumpil dalane lan abot perjuangane, nanging awit pitulungan lan pangrumate Gusti bangsa Israel terus ngrembaka malah mengkone dadi bangsa kang mardika. Tangkar tumangkare bangsa Israel ora mung prakara ngrembakane cacahe wong Israel nanging uga ngrembakane iman lan kapercayan marang Gusti kang kudu ditepungake sih katresnane marang jagad. Awit bangsa Israel ora mung kaprasetyakake dadi bangsa gedhe nanging bakal dadi berkah tumraping jagad.
Akeh upaya kanggo nyandhet wuwuhe wong pracaya supaya ora sangsaya akeh, nanging nyatane wong Pracaya tangkar tumangkar, ora entek, kabeh mau awit mengreksa lan panggulawenthahe Gusti marang kagungane. Greja tuwuh ngrembaka, sumebar ing saendenging tlatahing bangsa, maneka rupa denominasine. Wong pracaya katimbalan urip sjroning paseduluran minangka brayate Gusti, ngrumat imane kang wus pracaya lan neksekake imane marang jagad. Dudu cacah kang wigati nanging tumangkare katresnan ing antarane wong pracaya lan katresnan tumrap sapepdane urip. Pasamuwan rineksa dening Gusti supaya dadi berkah tumrap jagad, mula tumangkare wong pracaya uga kudu dibarengi tumangkare berkahe Gusti marang umat manungsa, apa bae suku bangsa lan agamane. Payo padha mangun paseduluran lan karukunan ing antarane pasamuwan, supaya padha bisa dadi berkah ing satengahing urip berarengan karo wong liya. |*SSS