Pangentasan 2:11-15a; Kitab Jabur 8; Rum 11:33-36
Mungsuhe kamardikan
“Wangsulane wong iku: Sinten ingkang ngangkat panjenengan
dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi
kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika? Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: Prakara iki wus genah kaweruhan.”
(Pangentasan 2:14)
Musa niat mbelani bangsane nalika mateni wong Mesir kang nganiaya wong Ibrani. Nanging nalika mawuhake wong Ibrani kang padha padudon, salah sawijining wong Ibrani mau ora gelem dirukunake, malah ngundhat-undhat bab kaluputane Musa, tanpa metung niat becike. Pancen ora dicaritaake sapa kang menehi weruh Pringon bab tumindake Musa nanging bisa bae wong Ibrani dhewe kang nyebar kabar bab prastawa mau. Niate Musa mbelani lan ngrukunake bangsane malah ndadekake Musa burone Pringon.
Carita iki nuduhake mungsuhe kamardhikan iku dudu mung nagara manca nanging bisa uga sadulur sabangsane dhewe. Musa kang nduweni kaprihatinan, solidaritas lan niat mbelani bangsane ditampik dening bangsane dhewe. Ewa samono Musa ora semplah lan diagem Gusti kanggo mardikaake dan nyawijekake bangsane. Bangsa Indonesia siki wus mardika saka panindhesing bangsa ngamanca. Nanging isih ana bae panindhes kang dumadi ing antarane warga bangsa dhewe. Panindhese mayoritas marang minoritas, pengusaha marang karyawan, sakperangan panguwasa marang rakyate. korupsi, pungli, angele ngurus perijinan papan pangibadah, panampik marang pemimpin kanthi dhasar agama, politik identitas, politik dinasti, politik uang, terorisme, fundamentalisme lan sapiturute dadi conto durung anane kamardikan. Pemimpin kang. nduweni niat becik, jujur, lan njejegake kabeneran lan kadilan, dimungsuhi lan di srekali supaya dadi panguwasa, amarga dianggep ngrugekake wong-wong kang wus kulina tumindak culika. Bagsa iki mbutuhake pemimpin dan wargane masyarakat kang nduweni kaprihatinan dan niat becik kanggo mujudake kamardhikan kang sawutuhe.|*SSS