+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 30 Agustus 2023 Minggu Limrah XVII

Pangentasan 2:15b-22; Kitab Jabur 8; Mateus 26:6-13

PANGELING-ELING

“Apa bae kang katindakake iku bakal kacaritakake uga

minangka pangeling-eling marang wong wadon iku.

(Mateus 26:13b)

Macan mati ninggal lulang, gajah mati ninggal gadhing, manungsa mati ninggal jeneng. Paribasan iki ngelingake supaya saben wong sabisa-bisa ninggalake kabecikan sawuse mati. Oran mung dieling jenenge naging dieling jeneng kang becik awit kabecikan sing dilakoni salawase urip. Upama aku wus ora ana ing jagad iki, kira-kira apa kang bakal dieling-eing wong tumrap aku? Pitakon iki bok manawa ora lazim, nanging ana perlune dadi pitakonan sajroning urip, minangka pambereg kanggo nglakoni kabecikan kang bisa diterusake lan ditiru anak putu.

Wong wadon ing carita iki jebadi mustakane Gusti Yesus nalika lagi lenggah dhahar ana ing daleme Simon kang lara kusta. Panemune para sakabat, wong wadon mau mung ngeceh-ceh lenga larang sing kudune bisa didol lan dhuwite bisa diwenehake marang wong miskin. Gusti Yesus nyaruwe para sakabat supaya ora padha ngganggu gawe sing ditindaake wong wadon mau amarga ya mung wadon iku kang nyawisake anggone Gusti Yesus bakal kasarekake, perkara kang tau dipikirake para sakabat, amarga sing dipikir mung nunut mulya karo Gustine. “Wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe nanging ora salawase aku ana ing kowe,” mangkono pangandikane Gusti. Tegese, manawa padha preduli marang wong miskin, wujudna predulimu, aja mung nuntut wong liya kudu preduli. Dene wong wadon iku mujudake katresnane marang Gusti kanthi cara kang mangkono, ora perlu dipenggak.

Gusti Yesus ngandika, manawa ing ngendi papan Injil kawartaake ing saindengin jagad, apa kang katindakake wong wadon mau bakal kacaritaake minangka pengeling-eling  mara dheweke. Dhawuhe Gusti iki dadi kasunyatan awit carita bab wong wadon iki katulis ing kitab suci lan saben wong kang maca kitab suci bakal maca caritane bab dheweke. Muga-muga saben wong pracaya bisa marisake kabecikan manekawarna kang bisa dadi pengeing-eling lan paseksi kanggo kaluhurane Gusti. Ora ana kabecikan kang bisa diarani ngeceh-eceh bandha, wektu lan tenaga. |*SSS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ